Rabu, 03 Desember 2014

Soal Kelas X SMA

soal kagem kelas X SMA semester Ganjil I. Kapilihana wangsulan ingkang trep a, b, c, utawi d saking pitakenan ing ngandhap punika kanthi paring tandha (X)! Kawaosana tuladha sesorah ing ngandhap punika kanthi premati! Assalamu’alaikum wr.wb ....… (i) Nuwun, Bapak Kepala Sekolah SMA N 10 Yogyakarta ingkang satuhu kinurmatan, bapak ibu guru saha karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah bagya mulya. …....(ii) Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal punika kita sedaya saged manunggal pepanggihan ing papan mriki kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala. …… (iii) Keparenga kula ingkang piniji minangka wakil saking para siswa, ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan kula sakanca dhumateng bapak ibu guru. Mugi Gusti nampi pangapunten kula lumantar panjenengan sedaya. Mugi Gusti ugi nampi amal ibadah kita, tansah ngluberaken karahayon, kabagyan, katentreman lan keslametan dhateng kita sedaya. Amin. .…. (iv) Mugi-mugi acara menika dados sarana nglebur dosa antawisipun sesami, ingkang rumaos lepat boten kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, lan khilaf punika sandhanganing tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya mulya. ….. (v) Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih bapak ibu guru, karyawan sarta para kanca, kula nyuwun agunging pangaksama. …… (vi) Nuwun. Wassalamu’alaikum wr.wb 1. Sesorah inggih punika medhar gagasan utawi ide sarana… a.kalisanaken c. karekam ing kaset b.kaserat ing kertas d. kadhapuk ing wujud sekar 2. Perangan pambuka wonten ing tuladha sesorah nginggil punika awujud… a. atur syukur c. atur pambagya b. atur panuwun d. salam 3. Undheraning rembag ingkang kababar ing sesorah dipunsebut minangka… a. salam c. pambagya kawilujengan b. wosing gati/ wicara d. panuwun 4. Katilik saking tuladha sesorah ing nginggil, perangan menapa ingkang dipunsebut wosing gati utawi wicara? a. perangan (ii) c. perangan (iv) b. perangan (ii d. perangan (v) 5. Tuladha sesorah ing nginggil punika ngrembag bab menapa? a. wigatinipun syiam c. wigatinipun halal bihalal b. wigatinipun dinten riyaya d. wigatinipun sesrawungan 6. Sinten ingkang maragakaken sesorah ing tuladha sesorah nginggil punika? a. wakil siswa c. ketua kelas b. kepala sekolah d. ketua OSIS 7. Perangan ingkang dipunsebut minangka pangarep-arep ing tuladha sesorah nginggil punika kawakili parangan ingkang nomer pinten? a. perangan (ii) lan (iii) c. perangan (iv) lan (v) b. perangan (iii) lan (iv) d. perangan (v) lan (vi) 8. Atur pakurmatan ing tuladha sesorah nginggil punika dipunserat sasampunipun perangan… a. salam c. atur pandonga b. atur syukur d. panuwun 9. “Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal punika kita sedaya saged manunggal pepanggihan ing papan mriki kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala,” dipunsebut minangka… a. salam c. atur pambagyaharja b. atur syukur d. wosing wicara 10. “Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih bapak ibu guru, karyawan sarta para kanca, kula nyuwun agunging pangaksama”, dipunsebut minangka… a. atur pakurmatan c. wosing wicara b. atur syukur d. panutup Kangge mangsuli pitakenan nomer 11-15, kawaosana teks tembang macapat Pocung ing ngandhap punika kanthi premati! Pocung Slendro Pathet Manyura Yen lumaku kudu eling lan mituhu Dalan sisih kiwa Waspada lan ngati ati Temah slamet ora nemu kacilakan 11. Tembang Pocung kalebet minangka tembang… a. tembang Jawi c. tembang Tengahan b. tembang Macapat d. tembang Gedhe 12. Paugeran ing tembang macapat punika saged awujud… a. guru sastra c. guru basa b. guru swara d. guru gatra 13. Dhawahipun swanten wonten ing pungkasaning larik tembang macapat punika dipunsebut… a. guru wilangan c. guru gatra b. guru lagu d. guru swara 14. Tembang Pocung punika kadhapuk saking pinten gatra? a. sanga \ c. sewelas b. sedasa d. rolas 15. Guru wilangan sarta guru lagu saking tembang Pocung inggih punika… a. 12u, 6a, 8i, 12a c. 6a, 8i, 12a, 12u b. 12a, 8i, 6a, 12u d. 12a, 12u, 6a, 8i II. Kapilihana wangsulan leres utawi lepat saking pitakenan ing ngandhap punika kanthi premati! 1. Sesorah inggih punika andharan ngengingi bab utawi gagasan ingkang kawedhar sarana kalisanaken. (leres/ lepat) 2. Sesorah kadhapuk saking perangan salam lan perangan inti kemawon. (leres/ lepat) 3. Sesorah limrahipun ngginakaken basa Jawi krama. (leres/ lepat) 4. Tiyang ingkang sesorah kedah nggadhahi raos mantep lan mrabawani. (leres/ lepat) 5. Ing salebetipun sesorah punika boten prelu migatosaken bab unggah-ungguh basa. (leres/ lepat) 6. Tembang macapat inggih punika satunggaling karya sastra Jawi ingkang kaserat mawi paugeran tartamtu. (leres/ lepat) 7. Paugeran tartamtu ing salebetipun tembang macapat kasebut purwakanthi. (leres/ lepat) 8. Tuladhanipun paugeran ing tembang macapat inggih punika guru sawra. (leres/ lepat) 9. Tembang macapat punika gunggungipun wonten sedasa . (leres/ lepat) 10. Tembang macapat Pocung kadhapuk saking sekawan gatra. (leres/ lepat) III. Wangsulana pitakenan ing ngandhap punika kanthi cekak aos! 1. Sesorah kalawau nggadhahi tema utawi ngrembag bab menapa? 2. Sinten ingkang sesorah ing tuladha sesorah punika? 3. Perangan menapa kemawon ingkang limrahipun andhapuk ing sesorah? 4. Cobi kaserata kanthi jangkep perangan sesorah ingkang kasebut atur syukur saking tuladha sesorah punika! 5. Cobi kapadosna wosing rembag saking sesorah ingkang sampun kasimak! 6. Gunggungipun tembang macapat punika wonten pinten? 7. Cobi kasebutna setunggal mawon tuladha tembang macapat! 8. Paugeran menapa mawon ingkang ndhapuk ing tembang macapat? 9. Menapa ingkang kawastanan guru lagu? 10. Menapa ingkang dipunwastani guru wilangan?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar