Senin, 15 Desember 2014
manajemen pagelaran wayang
Manajemen wektu pagelaran wayang
Pembabakan pagelaran, yaiku pembagian pagelaran dadi penggal-penggal wektu tertamtu, sing disebut ‘babak’. Saben babak ing pagelaran, masing-masing nduweni dukungan sejumlah unsur pembangun babak; tuladhane : adegan, peran, fungsi, sifat, utawa suasana tertamtu.
Wektu nalika pementasan wayang utawa biasa disebut pathet, Pthet ana Pagelaran wayang dibagi dadi telu (3), yaiku:
a). Pathet Nem
Pathet nem yaiku wektu awal pembabakan pagelaran wayang. Awale, pagelaran wayang kulit amung gunakake ricikan gamelan laras slendro, nanging ana pagelaran wayang sing nalika pathet nem migunakake ricikan gamelan laras pelog. Gendhing-gendhing kang dimainke nalika pathet Nem yaiku laras (tangga-nada) sléndro pathet nem dan laras (tangga-nada) pélôg pathet limâ.
Adegan-adegan kang ana nalika pathet nem yaiku:
Adegan jejer jangkep pathet nem
Adegan miji punggâwâ
Adegan tamu rawûh
Adegan jengkar kedhatôn/bedhôlan
Adegan gapuran
Adegan jejer kedhatôn
Adegan jejer paséban njawi
Adegan budhalan
Adegan prampôgan
Adegan jejer sabrang
Adegan budhalan sabrang
Adegan perang gagal
Adegan pathet lindûr.
b). Pathet Lindur
Pathet Lindur yaiku pathet sing dibentuk saka jejer, pathet lindur dimainke nalika akhir saka bagian pathet nem. Biasane dimainke nalika adegan relative pendek. Fungsi pathet iki yaiku kanggo babak peralihan utawa babak transisis, yaiku babak pathet nem pindah ana babak sanga. Secara hirarki pembabakan, sebenare babak pathet lindûr isih termasuk babak pathet nem (isih dadi bagian penting saka babak pathet nem). Nanging yen ngeti fungsi lan suasana sing dibangkitne; mula sebenare babak pathet lindûr kuwi babak tersendiri; sing posisine antara babak pathet nem lan babak pathet sângâ.
Umume gendhing sing digunakake babak lindur kuwi nduwe mode (suasana) sing luwih tenang. Istilah lindûr, saka kata ‘nglindûr’; sing artine : wong sing mimpi, karo ngucapne kalimat utawa kata-kata sing ora jelas. Mimpi iki, biasane mulai sadurunge tengah wengi. Pancen babak pathet lindûr biasane dimainke pas wektu bebarengan wong kang ‘nglindûr’; yaiku meh tengah wengi. Secara filosofis, iki berkait erat karo alur cerita ing pagelaran wayang. Sing wektu iku cerita ngalami pas ora ana kepastiane, mula diarani babak utawa pathet Lindur.
c). Pathet Sanga
Pathet sanga umume dimainke nalika tengah wengi (yen dimainke wayah bengi) utawa tengah awan (nalika dimainke nalika awan). Nalika pathet iki, biasane migunakake racikan gamelan plaras slendro pathet sanga utawa laras pelog pathet Nem. Gendhing-gendhing sing dimainke nalika pathet sanga luwih luruh (tenang), nada dasar rata-rata relative dhuwur, kecuali nalika ngiringi gendhing tertentu sing nggunakake nada sing dhuwur. Sementara gendhing-gendhing tertentu sing nggunakake pathet nem, biasane kanggo situasi tertentu. Gendhing pathet nem iku luwih sereng (kurang tenang).
Adegan-adegan sing ana nalika babak pathet sanga, yaiku:
Adegan jejer jangkep pathet sângâ
Adegan banyôlan
Adegan satriyâ lumaksânâ
Adegan alas-alasan
Adegan gârâ-gârâ
Adegan miji punggâwâ
Adegan perang kembang
Adegan jejer pathet nyamat.
d). Pathet Nyamat
Pathet Nyamat secara hirakis pembabakan, sebene isih merupakan bagian penting saka babak pathet sângâ. Nanging disebabne peran sing berfungsi sebagai transisi; babak iki sering dianggep ngadheg dewe, yaiku antara babak pathet sângâ lan babak pathet manyurâ.
Babak pathet nyamat, yaiku istilah sing digunakake kanggo nyebut adegan jejer sing dilaksanakake sabubare adegan perang kembang. Adegan babak pathet nyamat iki, sering digunakake kanggo peralihan (transisi) saka babak pathet sângâ ke babak pathet manyurâ. Merga babak peralihan (babak transisi), mula gendhîng sing digunakake kanggo ngiringi umume nduweni rangkaian notasi sing relatif pendek.
Bahkan ana dhalang sing luwih seneng ngelakokake nganggo pendekatan sing luwih beda. Tuladhane, adegan jejere nganngo iringan gendhîng pathet sângâ. Sawise permainan gendhîng dimandhegne lan jejer dilaksanakake sacukupe ( isih babak pathet sângâ); ana tengah-tengah ântâwacânâ (dialog), dhalang ‘memindahake’ suasana lan babak secaragedandapan/ ujug-ujug, dadi babak pathet manyurâ nggunakake sulukan (nyanyian dhalang).
Gendhing-gendhing sing digunakake nalika ana babak/pathet nyamat iki nduwe karakter sing sipate transisional utawa kedadiyan anomali (ketidak pastian) sing berhubungan karo kesepakatan/peraturan nada-nada pathet tartamtu. Adegan jejer ana babak pathet nyamat, ora mesthi padha saben pagelaran wayang kulît. Penggunaane, luwih akeh digunakake kanggo kebutuhan pagelaran lan alur cerita. Secara garis besar, babak pathet nyamat iku bagian paling akhir saka kaseluruhan bagian pathet manyura lan adegan saka babak pathet sângâ.
e). Pathet Manyura
Babak pathet manyurâ, pagelaran wayang kulît , yaiku istilah sing lazim digunakake kanggo nyebut pembabakan wektu akhir pagelaran sing nggunakake laras (tangga-nada) sléndro pathet manyurâ lan laras (tangga-nada) pélôg pathet barang.
Penggunaan istilah pathet manyurâ, sebenare kurang tepat, amerga nalika penggunaane dikenal anane nganggo laras (tangga-nada) sléndro pathet manyurâ lan uga laras (tangga-nada) pélôg pathet barang.nanging kudu diiling, yen dhisike pagelaran wayang kulît trima nggunakake ricikan gamelan laras (tangga-nada) sléndro wae. Mula, terus dikenal nganggo istilah ‘pathet manyurâ’, sing sabenere mung pemendekan utawa asale saka istilah ‘laras sléndro pathet manyurâ’.
Adegan-adegan sing ndukung babak/pathet Manyura, yaiku:
Adegan jejer jangkep pathet manyurâ
Adegan jejer pathet manyurâ srambahan
Adegan perang brubûh
Adegan tayungan
Adegan tancep kayôn
Adegan golèk.
f). Pathet Penutup
Pathet iki Babak panutup pagelaran utawa bagian terakhir saka pagelaran. Babak iki digunakake kanggo nutup pagelaran. Wektu sing digunakake kanggo babak iki biasane pendek banget. nalika penutupan pagelaran wayang kulît pûrwâ, maine gendhîng penutûp pagelaran secara lengkap lan dawa, umume nduwe tujuan ngentekake wektu utawa kanggo nunggu esuk (sawise nglakokake pagelaran wayang sewengi utuh).
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Man's Titanium Art | TITanium-ART
BalasHapusMan's Titanium Art. The concept titanium watch of oakley titanium glasses this product was inspired by the painting of does titanium have nickel in it the same name. It was designed in collaboration with the artist titanium camping cookware at $18.00 · In stock titanium ore terraria