Minggu, 11 Januari 2015

Undha-Usuk Basa Jawa

UNDHA – USUK BASA JAWA

1. Undha – Usuk Basa Ingkang Baku
 
Ingkang dipunwastani undha – usuk basa baku, punika basa ngoko saha krama ingkang
ngetrepi wawaton utawi paugeranning undha – usuk basa. Tuladhanipun undha – usuk
basa ingkang dipunwulangaken ing pawiyatan, ingkang dipunanggé ing kaperluan utawi
kawigatosan resmi, ingkang dipunanggé ing buku – buku seserepan, buku – buku basa lan
sastra Jawa, lsp.


2. Undha – Usuk Basa Ingkang Kirang Baku

 
Amargi paugeran undha – usuk basa punika satuhu namung awujud pandom utawi
ancer – ancer, kados langkung prayogi yèn boten dipunwastani undha – usuk basa ingkang
boten baku, nanging ingkang kirang baku. Amargi cak – cakanipun ing unggah – ungguh
basa mila remit, temtunipun ugi boten gampil badhé mbédakaken pundi ingkang baku saha
pundi ingkang boten baku. Kados langkung sekéca menawi nitik / nitèni kémawon
sapinten kekiranganipun saking paugeran, kathah punapa sakedhik.
Wondéné kekirangan wau dumados saking daya pangaribawanipun basa – basa
ingkang boten baku, inggih punika tilaran saking basa Jawa ing jaman kajawèn arupi basa
madya lan basa krama désa, basa enggèn – enggènan, basa Indonesia saha basa manca.

PEPINDHAN

PEPINDHAN


Pepindhan iku unèn-unèn jroning kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng : kaya, lir, pindha, kadya, lir pendah. Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara penganten, pagelaran wayang utawa jroning babagan sastra.
Tuladhané Pepindhan:
Pepindhan kanggo nyandra putri kang sulistya.
  1. Ayune kaya dewi Ratih
  2. Dedege ngringin sungsang
  3. Lembéyané mblarak sempal
  4. Kulite kuning nemu giring pindha mas sinangling
  5. Lakuné putri Sala kaya macan luwé
  6. Luruhe pindha Dewi Sembadra
  7. Aluse kaya sutra
  8. Jogede kaya merak kesimpir
  9. Jogede mucang kanginan
  10. Kenese kaya Dewi Srikandi
  11. Janggute pindha tawon gumantung
  12. Antenge kaya temanten ditemokke
  13. Mendhak-mendhak kaya sata manggih karma.
Panyandra kanggo satriya utawa priya
  1. Baguse kaya bathara Kamajaya tumurun
  2. Brengose nglaler mencok
  3. Brengose nguler keket
  4. Dedeg piadege gagah prakosa kaya Raden Werkudara
  5. Tandangé cukat kaya jangkrik mambu kili
  6. Tandange kaya jangkrik mambu kili
  7. Tandange kaya sikatan nyamber walang
  8. Tandange kaya banteng ketaton
  9. Tekade kaya geni lan urupe
  10. Lakune sang sinatriya nusup-nusup pindha ayam alas
Pepindhan kang kanggo nyandra kahanane wadyabala.
  1. Abang kumpul padha abang kaya alas kobong
  2. Dawane barisan anglur selur pindha sela brakithi
  3. Ijo kumpul padha ijo kaya bethet sayuta
  4. Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton
  5. Kuning kumpul padha kuning kaya podhang reraton
  6. Ramen suraking wadyabala ambata rubuh
  7. Swarane kaya mbelahna bumi
  8. Wangsulane saur manuk
  9. Akehe pepati ing prang Baratayuda kaya babadan pacing
  10. Akehe pepati kaya sulung lumebu geni
  11. Untabe wadyabala kaya samodra rob
  12. Ramene lir prahara nempuh wukir
  13. Polahé wadyabala Ngastina tinrajang prajurit Pandhawa kaya gabah diinteri
Pepindhan kanggo nyandra wong nesu utawa nantang perang
  1. Soca bang angatirah
  2. Jaja bang mawinga-winga sinabet merang sagedheng bel mubal dahana.
  3. Sang Prabu duka yayah sinipi lir sinebit talingane.
  4. Sumbaré kaya bisa mutungna wesi gligèn
  5. Kekejera kaya manuk branjangan
  6. Kopat-kapita kaya buntut ula tapak angin
  7. Pintera kaya bisa njara langit
Pepindhan kanggo nyandra kahanan
  1. Abote kaya watu
  2. Adheme kaya es
  3. Antepe kaya wesi
  4. Anyepe kaya gedebog
  5. Asine kaya uyah
  6. Atose kaya wesi
  7. Bantere kaya angin
  8. Dhuwure kaya othak-othak méga
  9. Empuke kaya gudir
  10. Enthenge kaya kapuk
  11. Gampang kaya empol pinecok
  12. Gelise kaya banyu sinaring
  13. Kaku kaya kena nggo pikulan
  14. Kesite kaya kadhal
  15. Kesité kaya laler
  16. Klular-klulur kaya tuma kathok
  17. Landhepe pitung penyukur
  18. Padhangé kaya rina
  19. Panase kaya mecah-mecahna sirah
  20. Petenge ndumuk irung
  21. Polahe ngaru napung
  22. Rikate kaya angin
Pepindhan liya-liyane
1.      Akehe lelara kaya kena pageblug
2.      Ali-aliné nggunung sapikul
3.      Bebedané ngadhal mèlèt
4.      Bedane kaya bumi karo langit
5.      Begjane kaya nemu cempaka sawakul
6.      Begjane kaya nemu emas sakebo
7.      Begjane kaya nemu emas salaka
8.      Begjane pindha karubuhan gunung menyan karoban segara madu.
9.      Bungahe kaya ketiban ndaru
10.  Cahyane bingar kaya lintang johar
11.  Cahyane nglentrih kaya rembulan karahinan
12.  Cep klekep kaya orong-orong kepidak
13.  Cethile kaya cina craki
14.  Cumlorot kaya lintang alihan
15.  Cumlorot kaya ndaru
16.  Dalane nggeger sapi
17.  Domblong kaya sapi ompong
18.  Dondomane kaya tutus kajang
19.  Galake kaya buta
20.  Galake kaya macan manak
21.  Gelunge ngadhal mènèk
22.  Gendhéwané awangun kadhal meteng
23.  Gereng-gereng kaya singa antuk bayangan
24.  Kagete kaya tinubruk ing mong lepat
25.  Kepingine kaya nyidham cempaluk
26.  Lir sato mungging rimbagan
27.  Mider-mider kaya undar
28.  Mlakune ngodhok
29.  Mundur mungkur gangsir
30.  Nangise ndrenginging kaya rase
31.  Nuturi wong pinter prasasat ngajari bebek nglangi
32.  Nyengité kaya dhemit
33.  Parine nedheng gumadhung
34.  Pinter kaya bisa nyancang angin
35.  Pipane rokok menyu
36.  Putih memplak kaya kapuk diwusoni
37.  Rakete kaya sadulur sinara wedi
38.  Rukuné kaya mimi lan mintuna
39.  Rupane kembar pindha jambe sinigar
40.  Salake medhi ( masir )
41.  Sambaté kaya grantang
42.  Sambate ngaru ara
43.  Senenge kaya bubuk oleh leng
44.  Sentosa banget kaya janget kinatelon
45.  Suguhane mbanyu mili
46.  Klambine suwek nyangkem kodhok
47.  Tekade kaya madu lan manise
48.  Thingak-thinguk kaya kethek ketulup
49.  Tulisané mbata sarimbag
50.  Ulese kucing ngambang asem.

soal bahasa jawa kelas XI SMA

SOAL BAHASA JAWA KELAS XI
I.     Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang kokanggep bener!
1.       Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing karaharjan.
Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan.
Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …
a.       purwaka basa                                              d.  salam pambuka
b.       surasa basa                                                 e.  pambagya harja
c.       wasana basa
2.       Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming bangsa.
Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan …
a.       purwaka basa                                              d.  salam pambuka
b.       surasa basa                                                e.  pambagya harja
c.        wasana basa
3.       Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten atur kula, kirang prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten sakageng-agengipun. Nuwun.
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur kang diarani …
a.       purwaka basa                                              d.  salam pambuka
b.       surasa basa                                                 e.  pambagya harja
c.        wasana basa
4.       Wawancara kang ditindakake wartawan (nanging saka sawijining media) kanthi khusus karo interviewee, kang jumbuh karo prekara tinamtu ing papan kang wis karembug bebarengan antarane wartawan lan kang diwawancarai, diarani …
a.       Wawancara Berita                              d. Wawancara sambil lalu
b.       Wawancara Pribadi                            e. Wawancara kliling
c.        Wawancara Eksklusif
5.       Wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana jan-janan luwih dhisik karo interviewee. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku tumuju ana ing montore arep bali, diarani …
a.       Wawancara Berita                              d. Wawancara sambil lalu
b.       Wawancara Pribadi                            e. Wawancara kliling
c.        Wawancara Eksklusif
6.    Wawancara kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, konfirmasi, utawa panemuinterviewee babagan sawijing masalah utawa prastawa, diarani …
a.       Wawancara Berita                              d. Wawancara sambil lalu
b.       Wawancara Pribadi                            e. Wawancara kliling
c.        Wawancara Eksklusif
7.       Wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lan panemuinterviewee. Pawarta kang diasilake awujud profil interviewee, ing antarane identitas diri, lelakon uripe, lan panemu-panemune kang ana kaitane karo prekara aktual utawa prekara kang cundhuk karo profesine, diarani …
a.       Wawancara Berita                              d. Wawancara sambil lalu
b.       Wawancara Pribadi                            e. Wawancara kliling
c.        Wawancara Eksklusif
8.       Wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interviewee kang mapane pisah, kang antarane siji lan sijine ana gegandhengane karo pawarta kang bakale ditulis, diarani …
a.       Wawancara Berita                              d. Wawancara sambil lalu
b.       Wawancara Pribadi                            e. Wawancara kliling
c.        Wawancara Eksklusif
9.       Setitekna geguritan iki!
Lintang Wengi
Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih
Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa
Agawe pangungun sadawane gili
Wasana …..
Den semu
Geneya …..?
Panjeriting lintang wengi
Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
…… miris ……… jebul datan anyandhak
Wos surasane geguritan ing dhuwur yaiku …
a.       lintang kang njerit                               d. langit kang kebak mendhung
b.       swasana kang peteng                         e. ora katon srengenge
c.        lintang kang abyor
10.    Tegese tembung ludira ing ukara ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa yaiku …
a.       kringet                                            d. angin
b.       getih                                                               e. geni
c.        sirah
11.    Wos surasane paragraf kapisan yaiku ….
a.       Rasa seneng                                                 d. rasa miris
b.       Rasa kangen                                                 e. rasa tresna
c.        Rasa kaget
12.    Wos surasane paragraf kapindho yaiku ….
a.       Rasa seneng                                                 d. rasa miris
b.       Rasa kangen                                                 e. rasa tresna
c.        Rasa kaget
13.    Kang dadi tema geguritan ing dhuwur yaiku …
a.       kluwarga                       d. pitutur kang becik
b.       lingkungan                    e. panguripan
c.        kabudayan
14.    Medharake utawa mahyakake utawa ngandharake utawa njlentrehake sabda utawa surasa utawa isi utawa kawigaten (amanat) marang wong liya yaiku diarani ….
a.       Tanggap wacana                                                         d. wara-wara
b.       Kampanye                                                                 e. sayembara
c.        Atur-atur
15.    Cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane sawijining amanat utawa pesen kang dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana yaiku ….
a.       Sesirah (judul)                                                              d. Surasane wedharan
b.       Tema                                                                           e. Basa
c.        Subtema
16.    Cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane purwaka, bab-bab kang wigati karembug, undheraning rembug, kesimpulan, panemu pamedhar sabda, wasana rembugan kang bisa urut, imbang, gembleng, nalar, nyata, sarta migunani yaiku ….
a.       Sesirah (judul)                                                              d. Surasane wedharan
b.       Tema                                                                           e. Basa
c.        Subtema
17.    Dene wose medhar sabda kang surasane njumbuhake karo kahanan yaiku …
a.       sapa kang medhar sabda
b.       sepira bayarane
c.       apa kang kawedhar
d.       kepiye swasanane
e.       kepiye tujuwane medhar sabda
18.    Dene perangane teks tanggap wacana kang isine mbagekake lan ngucapake syukur yaiku
a.       Pambuka
b.       Panutup
c.       Salam panutup
d.       Surasa basa
e.       Satata basa
19.    Paragraf ingkang titikanipun ukara baku mapan wonten perangan kawitan paragraf lan kawiwitan saking ukara ingkang asipat umum dhateng mligi inggih punika paragraf ………….
a.       Deduktif                                        d. Intensif
b.       Induktif                                         e. Ekspositoris
c.        Deduktif-Induktif
20.    Sinta ing taun iki kapilih minangka siswa teladhan ing sekolahku. Dheweke bisa kapilih dadi siswa teladhan amarga pancen prestasine ajeg mundhak, disiplin, tertib, lan ora tau nglanggar aturan sekolah. Pratelan kasebut diarani paragraf …
a.       Deduktif                                        d. Intensif
b.       Induktif                                         e. Ekspositoris
c.       Deduktif-Induktif
21.    Ora bisa dipercaya, ora bisa nyimpen wewadi, lan ora bisa diwenehi pangapura iku tumindake manungsa kang ora bener tumraping kekancan, apamaneh ing ngarsaning Gusti. Pratelan punika kalebet paragraf …
a.       Deduktif                                        d. Intensif
b.       Induktif                                         e. Ekspositoris
c.        Deduktif-Induktif
22.    Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe wanda (suku kata) saben sagatra yaiku ….
a.       Guru wilangan                                              d. purwakanthi  
b.       Guru lagu                                                     e. dong-ding  
c.        Guru gatra
23.    Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe larik (baris) saben sapada yaiku ….
Pratelan kasebut minangka sawijining tuladhane ….
a.       Guru wilangan                                              d. purwakanthi 
b.       Guru lagu                                                     e. dong-ding 
c.        Guru gatra
24.    Ing ngisor iki diarani tembang macapat …
Yen wong anom puniku
kakehan panggunggung dadi kumprung
pengung bingung wekasane pan angoling
yen digunggung muncu-muncu
kaya wudun meh mecothot
a.       Sinom                                                            d. Gambuh  
b.       Dhandhaggula                                                 e. Pangkur  
c.        Megatruh  
25.    Ing ngisor iki diarani tembang macapat …
mingkar-mingkuring angkara
akarana karênan mardi siwi
sinawung rêsmining kidung
sinuba sinukarta
mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung
kang tumrap nèng tanah Jawa
agama agêming aji
a.       Sinom                                                            d. Gambuh 
b.       Dhandhaggula                                                 e. Pangkur 
c.        Megatruh
26.    Sesarengan serat kula punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakluwarga ing ngriki pinaringan kabagaswarasan lan kawilujengan. Pratelan kasebut kalebu perangane layang kang diarani …
a.       Satata basa                                                  d. Titi mangsa
b.       Adangiyah                                                    e. Peprenahan
c.        Purwaka
27.    Perangane layang kang nerangake kang ngirim layang diarani …
a.       Satata basa                                                  d. Titi mangsa
b.       Adangiyah                                                    e. Peprenahan
c.        Purwaka
28.    Iket menika nganggenipun wonten …. boten wonten … kados kalung mawon. yaiku …
a.       jaja, mustaka                                               d. jangga, palarapan
b.       mustaka, netra                                             e. rikma, asta  
c.       palarapan, jangga
29.    Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….
a.       krama                                            d. Ngoko alus
b.       Krama inggil                                   e. Krama andhap
c.       Ngoko lugu
30.    Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku …
a.       krama                                            d. Ngoko alus
b.       Krama inggil                                   e. Krama andhap
c.       Ngoko lugu
31.    Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …
a.       krama                                            d. Ngoko alus
b.       Krama inggil                                   e. Krama andhap
c.       Ngoko lugu
32.    Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….
a.       krama                                            d. Ngoko alus
b.       Krama inggil                                   e. Krama andhap
c.       Ngoko lugu
33.    Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake yaiku …
a.       krama                                            d. Ngoko alus
b.       Krama inggil                                   e. Krama andhap
c.       Ngoko lugu
34.    Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
a.       krama                                            d. Ngoko alus
b.       Krama inggil                                   e. Krama andhap
c.        Ngoko lugu
35.    Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku ……
a.       krama                                            d. Ngoko alus
b.       Krama inggil                                   e. Krama andhap
c.     krama lugu