Selasa, 02 Desember 2014
budaya Jawa
TATACARA UPACARA PANGGIH PENGANTEN SURAKARTA
Upacara Panggih Penganten
Upacara panggih penganten menika prosesi ingkang manggihaken sri penganten kekalih sasampunipun resmi dados garwanipun miturut agami kagem dipun sandhingaken wonten ing pelaminan utawi sasana rinengga. Adicara panggih menika saged dipun sebat sakral amargi kedah dipun tindakaken kanthi khidmat mliginipun kagem penganten sarimbit.
Tata cara Panggih Penganten Jawi:
1. Liron Kembar Mayang
Kembar Mayang menika sepasang hiasan ingkang dipun delehaken wonten ing kiwa-tengenipun kursi penganten kanthi hiasan maneka warna sekar kaliyan hiasan janur. Kembar Mayang menika dipun ginakaken nalika penganten kekalih dipun dhaupaken.
2. Balangan Gantal
Balangan gantal dumadi saking suruh(sedah) ingkang kepanggih kaliyan rosipun ingkang dipun linthing saha dipun bot-boti jambe.Ingkang nggadahi teges bilih manunggaling rasa antaraning pengantin putri kaliyan pengantin kakung.
3. Midak Tigan (wiji dadi)
Midak Tigan menika penganten kakung midak tigan ngantos pecah Lajeng penganten putri mbasuh ampeyanipun penganten kakung
Kaliyan toya ingkang sampun dipun paringi maneka warna kembang setaman. Midak tigan menika nggadahi pasemon, nyuwun ngarsaning
Gusti Ingkang Maha Kuwasa mugi Penganten sarimbit enggal pinaringan wiji sejati (putra).
4. Junjung Drajad
Junjung drajad menika penganten kakung junjung astanipun penganten putri banjur dipun delehaken wonten ing sisih kiwanipun penganten kakung. Junjung drajad menika nggadhahi pasemon bilih pengantin putri menika kadudukanipun sami kaliyan tiyang kakung.
5. Sindhuran
Sindhuran menika bapanipun penganten putri nuntun sri penganten sarimbit dumugi kursi pelaminan ngagem sindhur (slendhang) arupi
seta-rekta (abrit-pethak). Ingkang nggadhahi pasemon bilih Bapanipun penganten putri menika maringi margi kamulyanan menawi
ibunipun penganten putri menika maringi dorongan moral.
6. Ngunjuk Tirta Wening
Ngunjuk tirta wening menika penganten kakung saha penganten putri menika sami sesarengan ngunjuk toya. Ngunjuk Tirta Wening menika nggadhahi pasemon supados penganten sarimbit wening wonten ing pikir, saha menep ing kalbu, anggenipun nglampahi gesang bebrayan.
7. kacar-kucur
Kacar-kucur utawa nampa kaya, penganten kakung maringi guna kaya kagem penganten putri menika nafkah lair, batin, kaliyan rasa.
Peprincenipun kacar-kucur dumadi saking wos pethak, wos jene,empon-empon pepek, bumbu sarta arta ingkang receh. Lajeng dipun wadahi tilam lampus lajeng dipun grojogaken, dipun tampani dening penganten putri.
8. Dulangan
Dulangan, anggenipun dhahar dados satunggal. dulangan nggadhahi teges bilih menawi sampun dados garwanipun kedah setya tuhu anggenipun bekti kaliyan tiyang kakung, nunggal wadhah, nunggal rasa sarta nunggal panggenan, sami kekarepan sedyanipun.
9. Bobot Timbang
Bobot Timbang menika nggadhahi pasemon menawi penganten sampun klakon anggenipun jejodhohan, sedaya kedah saged ngowahi adat,pangkat, lan drajad kadonyan. tegesipun ampun benten-bentenaken, kedah rukun, nyawiji tanpa bentenaken kahanan saderengipun jejodhohan.
10. Mapag Besan
Mapag Besan menika nggadhahi teges tiyang sepuh saking sri penganten sarimbit menika sami sarujuk, sami rukun boten wonten alangan punapa.
11. Sungkeman
Sungkeman menika dados acara ingkang paripurna. Sungkeman menika nggadhahi pasemon bilih penganten sarimbit nyuwun pangapura kaliyan tiyang sepuhipun amargi sakdangunipun menika namung damel repoting tiyang sepuh. Kaliyan sri penganten kalih menika nyuwun donga pangestu mugia bebrayanipun saged atut runtut dados kaluwargi ingkang sakinah, mawaddah,lan warahmah.
Mugi saged bermanfaat..............
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar