Selasa, 09 Desember 2014
kawruh basa
Basa Rinengga
Basa Rinengga, rinengga menika tegesipun dipun pacaki, pinajang, dipun paesi kang kabeh mau perlune supaya luwih endah, bergas, ngengreng, lan katon ngresepake mula basa Rinengga bisa ditegesi basa pajangan, basa pacakan, utawa basa bregasan kang nggambarake kaendahan lan kawibawan. Basa Rinengga mesthi wae ngemu surasa kaendahan, karepe kaendahaning basa. basa kang endah ora ateges basa kang angel, sanajan mesthi wae ana akeh kosa kata basa endah kang angel disurasa tegese.
Basa Rinengga bisa kaperang dadi loro:
1. Basa Rinengga kang migunakake ing Pepindhan
yaiku tetembungan utawa ukara kang nyebutake apa wae kang dipadhakake utawa ditandhingake karo liyane. Lumrahe nganggo tembung "kaya", "kadi", "kadya", "lir", "pendah", lsp.
a). Pepindhan kanggo ing paguneman saben dina.
tuladha:
- kaya orong-orong kapidhak.
- kaya banyu karo lenga.
b). Pepindhan kanggo ing Pedalangan
tuladha:
- Hening sesanti niskala, Dhedhep sidhem perbawaning ratri.
c). Pepindhan kanggo panyandra
tuladha:
- lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa.
d). Pepindhan kanggo sanepa
tuladha:
- tatune arang kranjang
- ulate bening leri
2. Basa Rinengga ing tembung ateges Entar
tuladhane:
- Dhuh jembataning atiku, manik netra ya mung sira nyawaku. keneng apa sliramu tansah kumanthil saben aku ngedhepake netra.
Carane Ngrengga basa, yaiku:
1) Sarana dikandhakake utawa ditulis nganggo ukara liya kang tetembungane ngemu surasa luwih bergas.
- basa lumrah "teluk", basa rinengga "pasrah bongkokan"
- basa lumrah "sadhela banget", basa rinengga " sakedheping netra"
- basa lumrah "kekasihku", basa rinengga "jantung atiku"
2) Diganti tetembungan sawetara, umpama prelu dilironi tembung kawi
tuladha:
- Tandhange kaya banteng ketaton
- Swarane gumlegar kaya bedhug.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar