Minggu, 28 Desember 2014

budaya karukunan

Budaya Jawa menika kathah sanget, salah satunggaling menika Nyadran. Nyadran Inggih menika reroncening acara adat tradisional Jawa, mliginipun masyarakat Jawa tengah. Nyadran menika asalipun saking basa sansekerta. Sraddha artinipun keyakinan. Miturut masyarakat Jawa, Nyadran menika saking kata sadran ingkang nggadhahi arti ruwah lan sya'ban. Nyadran menika reroncening upacara tradisional kagem ngresikaken makam leluhur, nyebar kembang lan kenduri utawa selamatan wonten ing makam. Nyadran menika dipun tindakaken nalika badhe mlebet wulan pasa. Nyadran dipun tindakaken nalika tanggal 10 RAjab utawa Ruwah. Para sanak sadulur sami rawuh wonten makam kagem dongakaken arwah leluhur. Wonten ingkang namung wonten musholla, ananging kagem masyarakat jawi, upacara menika dereng afdol bilih boten dherek wonten makam. Boten namung donga kemawon, ananging para peziarah menika wonten ingkang bekta jajan lan maneka warna kembang Jajanan wau ingkang sami bekta lajeng dipun dhahar sesarengan. Tradisi wau dados mujudaken karukunan lan paseduluran kaliyan warga masyarakat.

Selasa, 23 Desember 2014

wangsalan

Wangsalan Wangsalan iku unen-unen saemper cangkriman, nanging batangane lumrahe dikandhaake ing gatra candhake. Mung wae olehe ngandhakake bathangane Ora kanthi cumeplos,Ora melok, nanging sarana sinandhi, yaiku sarana disebutake sawanda utawa luwih. Teladan: 1. Sarung jagung, pancen abot wong sinau "sarung jagung 'klobot':abot. 2. Nyaron bumbung, ngantos cengklungen anggen kula ngentosi. "saron bumbung 'angklung': cengklungen

geguritan

Gerimis Udan riwis-riwis wayah sore Sore kang tanpa ana langit kang biru Peteng kaya petenge atiku Ati kang sansaya pilu Kaya kakuning watu Sedih ya mung sedih sing micu

Jumat, 19 Desember 2014

soal kagem kelas 2 SD SEMESTER GASAL

Wacanen sing teliti ! Ingon – ingon Wong – wong padha seneng ingon – ingon Padha ngingu rojo kaya. Yaiku : kebo, sapi, jaran lan wedhus. Ana sing ngingu unggas lan iber – iber. Kayata : pitik, bebek, menthok lan manuk. Raja kaya kanggo ngrewangi wong tani, mbantu garap sawah lan usung – usung. Pitik, bebek di purik asile yaiku endhog, lan daginge, yen manuk merga unine. Manuk padha ngoceh lan manggung, agawe senege ati. Ati bisa maren lan tentrem. I. Wenehana tanda ping ( x ) ing aksara a, b, lan c sing kok anggap bener ! 1. Pak tani seneng ingon – ingon .................................. a. rojo kaya b. rojo pati c. rojo nongko 2. Jenis manuk di ingu merga ................................... a. wulune b. unine c. endhoge 3. Ati bisa marem lan ..................................... a. tentrem b. ayem c. seneng 4. ................................ sing maringi dhuwit ? a. apa b. sapa c. piro 5. Manuk padha ....................................... a. meneng b. ngoceh lan manggung c. muni 6. Awake ....................... panas. a. ngreges b. teles c. adhem 7. ............................ kabare simbah ? a. kepriye b. apa c. sapa 8. kantor – menyang – tindak – Bapak. a. menyang kantor Bapak tindak. b. Bapak tindak menyang kantor. c. tindak kantor Bapak menyang. 9. Dalan ing peggunungan munggah ........................... a. jurang b. mudhun c. rata 10. Ibu menyang pasar. Yen dikramakake ....................................... a. Ibu dateng peken. b. Ibu tindhak pasar. c. Ibu tindhak peken. 11. Jamu rasane ........................................ a. manis b. pahit c. legi 12. Bapak lagi adus, adus kramane ...................................... a. siram b. adus c. wungu 13. Eyang rawuh ............................... oleh – oleh a. nggawa b. ngasta c. nyangking 14. Anak sapi arane ................................. a. cempe b. gudel c. pedhet 15. Putrane Bu lik sing mbarep jenenge Anton. Mbarep iku nomer .............................. a. telu b. loro c. siji 16. Sing di ............................ kupinge a. cethot b. jiwit c. jewer 17. Ibu marut ........................... a. kacang b. pohong c. klapa 18. Ibu ngumbah klambi. Klambine ............................. Ibu a. diumbahi b. umbah – umbah c. diumbah 19. Anton ............................ tahun 2009 a. lair b. manak c. netes 20. Sawise pasa kudu mbayar ................................ a. utang b. bunga c. zakat

Selasa, 16 Desember 2014

Kata Interjeksi

Kata Interjeksi Kata Interjeksi utawi tembung panuwuh inggih menika tembung ingkang ngungkapaken rasa si pamicara kasebut. Ciri-ciri Interjeksi: a. bisa dipisah amarga nduweni kalungguhan kang padha karo ukara. b. Interjeksi nduweni suku siji karo pola fonotaktis lan fonomatis. c. Interjeksi sering nuduhake pola urutan swara kang ora lazim ana ing ukara. tuladhane: wh-,yh-,lh- d. Interjeksi jarang digunakake ana ing acara formal utawa ana ing faktor suprasegmental. Bentuk-Bentuk Tembung Interjeksi 1. Bentuk Primer Bentuk primer iki yaiku bentuk interjeksi sing nuduhake bentuk kang sederhana. Interjeksi primer nduweni pola intonasi, manut manut karo sing nglakokake. tuladhane: o,é,wo,wé,ah,è,wah 2. Bentuk Sekunder Bentuk Interjeksi Sekunder yaiku pola interjeksi sing nuduhake pola fonotaktis sing kaya umume. tuladhane: Atho,adhuh,whadhuh,lhadala,gandrik,ayak,ayah,horé,hayo,hara,Allah,babo,hendala,ihi,haratanaya,lsp.

Senin, 15 Desember 2014

manajemen pagelaran wayang

Manajemen wektu pagelaran wayang Pembabakan pagelaran, yaiku pembagian pagelaran dadi penggal-penggal wektu tertamtu, sing disebut ‘babak’. Saben babak ing pagelaran, masing-masing nduweni dukungan sejumlah unsur pembangun babak; tuladhane : adegan, peran, fungsi, sifat, utawa suasana tertamtu. Wektu nalika pementasan wayang utawa biasa disebut pathet, Pthet ana Pagelaran wayang dibagi dadi telu (3), yaiku: a). Pathet Nem Pathet nem yaiku wektu awal pembabakan pagelaran wayang. Awale, pagelaran wayang kulit amung gunakake ricikan gamelan laras slendro, nanging ana pagelaran wayang sing nalika pathet nem migunakake ricikan gamelan laras pelog. Gendhing-gendhing kang dimainke nalika pathet Nem yaiku laras (tangga-nada) sléndro pathet nem dan laras (tangga-nada) pélôg pathet limâ. Adegan-adegan kang ana nalika pathet nem yaiku: Adegan jejer jangkep pathet nem Adegan miji punggâwâ Adegan tamu rawûh Adegan jengkar kedhatôn/bedhôlan Adegan gapuran Adegan jejer kedhatôn Adegan jejer paséban njawi Adegan budhalan Adegan prampôgan Adegan jejer sabrang Adegan budhalan sabrang Adegan perang gagal Adegan pathet lindûr. b). Pathet Lindur Pathet Lindur yaiku pathet sing dibentuk saka jejer, pathet lindur dimainke nalika akhir saka bagian pathet nem. Biasane dimainke nalika adegan relative pendek. Fungsi pathet iki yaiku kanggo babak peralihan utawa babak transisis, yaiku babak pathet nem pindah ana babak sanga. Secara hirarki pembabakan, sebenare babak pathet lindûr isih termasuk babak pathet nem (isih dadi bagian penting saka babak pathet nem). Nanging yen ngeti fungsi lan suasana sing dibangkitne; mula sebenare babak pathet lindûr kuwi babak tersendiri; sing posisine antara babak pathet nem lan babak pathet sângâ. Umume gendhing sing digunakake babak lindur kuwi nduwe mode (suasana) sing luwih tenang. Istilah lindûr, saka kata ‘nglindûr’; sing artine : wong sing mimpi, karo ngucapne kalimat utawa kata-kata sing ora jelas. Mimpi iki, biasane mulai sadurunge tengah wengi. Pancen babak pathet lindûr biasane dimainke pas wektu bebarengan wong kang ‘nglindûr’; yaiku meh tengah wengi. Secara filosofis, iki berkait erat karo alur cerita ing pagelaran wayang. Sing wektu iku cerita ngalami pas ora ana kepastiane, mula diarani babak utawa pathet Lindur. c). Pathet Sanga Pathet sanga umume dimainke nalika tengah wengi (yen dimainke wayah bengi) utawa tengah awan (nalika dimainke nalika awan). Nalika pathet iki, biasane migunakake racikan gamelan plaras slendro pathet sanga utawa laras pelog pathet Nem. Gendhing-gendhing sing dimainke nalika pathet sanga luwih luruh (tenang), nada dasar rata-rata relative dhuwur, kecuali nalika ngiringi gendhing tertentu sing nggunakake nada sing dhuwur. Sementara gendhing-gendhing tertentu sing nggunakake pathet nem, biasane kanggo situasi tertentu. Gendhing pathet nem iku luwih sereng (kurang tenang). Adegan-adegan sing ana nalika babak pathet sanga, yaiku: Adegan jejer jangkep pathet sângâ Adegan banyôlan Adegan satriyâ lumaksânâ Adegan alas-alasan Adegan gârâ-gârâ Adegan miji punggâwâ Adegan perang kembang Adegan jejer pathet nyamat. d). Pathet Nyamat Pathet Nyamat secara hirakis pembabakan, sebene isih merupakan bagian penting saka babak pathet sângâ. Nanging disebabne peran sing berfungsi sebagai transisi; babak iki sering dianggep ngadheg dewe, yaiku antara babak pathet sângâ lan babak pathet manyurâ. Babak pathet nyamat, yaiku istilah sing digunakake kanggo nyebut adegan jejer sing dilaksanakake sabubare adegan perang kembang. Adegan babak pathet nyamat iki, sering digunakake kanggo peralihan (transisi) saka babak pathet sângâ ke babak pathet manyurâ. Merga babak peralihan (babak transisi), mula gendhîng sing digunakake kanggo ngiringi umume nduweni rangkaian notasi sing relatif pendek. Bahkan ana dhalang sing luwih seneng ngelakokake nganggo pendekatan sing luwih beda. Tuladhane, adegan jejere nganngo iringan gendhîng pathet sângâ. Sawise permainan gendhîng dimandhegne lan jejer dilaksanakake sacukupe ( isih babak pathet sângâ); ana tengah-tengah ântâwacânâ (dialog), dhalang ‘memindahake’ suasana lan babak secaragedandapan/ ujug-ujug, dadi babak pathet manyurâ nggunakake sulukan (nyanyian dhalang). Gendhing-gendhing sing digunakake nalika ana babak/pathet nyamat iki nduwe karakter sing sipate transisional utawa kedadiyan anomali (ketidak pastian) sing berhubungan karo kesepakatan/peraturan nada-nada pathet tartamtu. Adegan jejer ana babak pathet nyamat, ora mesthi padha saben pagelaran wayang kulît. Penggunaane, luwih akeh digunakake kanggo kebutuhan pagelaran lan alur cerita. Secara garis besar, babak pathet nyamat iku bagian paling akhir saka kaseluruhan bagian pathet manyura lan adegan saka babak pathet sângâ. e). Pathet Manyura Babak pathet manyurâ, pagelaran wayang kulît , yaiku istilah sing lazim digunakake kanggo nyebut pembabakan wektu akhir pagelaran sing nggunakake laras (tangga-nada) sléndro pathet manyurâ lan laras (tangga-nada) pélôg pathet barang. Penggunaan istilah pathet manyurâ, sebenare kurang tepat, amerga nalika penggunaane dikenal anane nganggo laras (tangga-nada) sléndro pathet manyurâ lan uga laras (tangga-nada) pélôg pathet barang.nanging kudu diiling, yen dhisike pagelaran wayang kulît trima nggunakake ricikan gamelan laras (tangga-nada) sléndro wae. Mula, terus dikenal nganggo istilah ‘pathet manyurâ’, sing sabenere mung pemendekan utawa asale saka istilah ‘laras sléndro pathet manyurâ’. Adegan-adegan sing ndukung babak/pathet Manyura, yaiku: Adegan jejer jangkep pathet manyurâ Adegan jejer pathet manyurâ srambahan Adegan perang brubûh Adegan tayungan Adegan tancep kayôn Adegan golèk. f). Pathet Penutup Pathet iki Babak panutup pagelaran utawa bagian terakhir saka pagelaran. Babak iki digunakake kanggo nutup pagelaran. Wektu sing digunakake kanggo babak iki biasane pendek banget. nalika penutupan pagelaran wayang kulît pûrwâ, maine gendhîng penutûp pagelaran secara lengkap lan dawa, umume nduwe tujuan ngentekake wektu utawa kanggo nunggu esuk (sawise nglakokake pagelaran wayang sewengi utuh).

upacara adat umat kristiani

Baptis Umat Kristiani A. Bentuk Baptis Baptis menika ritual pemurnian ngagem toya. Baptis menika saking basa Yunani ingkang nggadahi arti ngrendem utawi adus. Menawi jangkepipun mekaten Baptis menika ritual ngrendem toya ngantos katutup sedaya badanipun. Baptis menika bentuk saking ritual ngrendem badan kagem ngehapus sedaya dosa-dosa. Saged dipun lambangaken sedanipun Yesus. Nalika tasih wonten toya saged di ibarataken menungsa menika mati, lajeng menawi sampun mentas menika saged di lambangaken bilih menungsa menika urip malih. B. Fungsi Baptis Baptis menika salah satunggaling sakramen ingkang sampun diakui dumugi saniki. Baptis menika dilaksanakanen dening Yesus kagem muridipun Matius. Baptis menika saged dipun maknai saking gereja piyambak kaliyan individunipun. Amargi baptis menika deklarasi iman saking donya kaliyan iblis bilih piyambakipun menika utusanipun Tuhan. Baptis menika nglambangaken kematian, intinipun Yesus menika bener-bener sampun seda, dikubur lan bangkit supados maringi keselametan kagem umatipun. Nalika dibaptis, menika lambang kematian lan penguburan Yesus. Nalika sampun medal saking toya, menika lambangipun bilih kita sampun bangkit kaliyan Yesus kagem gesang ingkang enggal. Baptis menika saged ugi dados bekti ketaatan umat kaliyan Yesus, menungsa kedah pasrah lan nerima sedaya kehendak Tuhan. Menungsa kedah ngibadah lan bertekad beriman kaliyan Yesus. Lan kedah beriman kaliyan Yesus, pasrah bilih sedaya urip menika sedaya kehendak saking Tuhan Yesus. Umat kristiani ugi kedah dados saksi wonten donya, dados mitra kerja sedaya proyek keselametan umat ingkang nggadahi dosa. Menika dados tanggil jawab umat kristiani kaliyan Tuhan Yesus Kristus. C. Makna Baptis Makna Baptis menika wonten kalih, a). Baptis Toya Baptis toya menika ngenani pertobatan saking tiyang ingkang bersangkutan bilih piyambakipun sampun nyesel, kapingin tobat saking sedaya kesalahanipun. Sasampunipun dipun baptis, tiyang ingkang bersangkutan menika kedah janji boten pareng nglanggar malih saha nglakoni urip kanthi manut ajaranipun Tuhan Yesus. Baptis toya menika dipun pirsani sedaya tiyang ingkang rawuh wonten ing ngriku. b). Baptis Roh Baptis roh menika baptis ingkang sampun bener-bener baptis toya menika sampun dipun tampi dening Yesus, lan tobatipun sampun bener-bener sesuai kaliyan ajaranipun Tuhan Yesus. Baptis roh saged dipun laksanekaken sesarengan kaliyan baptis toya utawi saged sasampunipun baptis toya. Baptis roh menika saged dipun pirsani sedaya tiyang ingkang wonten mriku, lan pembaptisanipun boten kaliyan pendeta ananging kaliyan Tuhan Yesus langsung. Dudutanipun mekaten bilih baptis menika boten saged jamin sorgawi mawon ananging kedah ngagem rumus nama Bapa Putra lan Roh Kudus = kaselametan.

Minggu, 14 Desember 2014

geguritan pendidikan

Cita Citaku Esok awan wengi aku sinau Kanggo nentoake cita-citaku sedurung turu kula sinau tangi turu kula nggih sinau kula sinau sedina-dina Nggo nyenengake wong tuwa Ingkang sampun ndonga’aken kula Supados nggapai cita - cita Oooh… gusti Paringana rido awak kula Supados kula saged bakti negri Adohana kulo saking godaan setan Oooh.. gusti Paringana kesametan wong tuwa kula lan paringana kesehatan wong tuwa kulo supados saged mriksani kulo sukses By : Dyan metri oktavianto

soal kagem kelas VII Semester Ganjil

soal kagem kelas VII Semester Ganjil Dr. KaryadiDening : Eko WijionoRepublik Indonesia nalika semana wis dinyatakake mardika. Nanging ing saben kutha tentara Jepang isih ana. Tentara-tentara Jepang iku isih asikep gegaman cukup, kaya-kaya isih nduweni panguasa. Ing Semarang para pemudha pengin banget ngrebut senjata-senjata Jepang iku. Sawijining perembugan ngalami dalan buntu. Mula pertempuran ora bisa diendhani maneh. Para korban rubuh ing antarane sing lagi peprangan iku. Pertempuran lagi bisa leren nalikane ana panjaluk saka Gubernur Wongsonegoro. Ing wektu sabanjure Jepang isih rumangsa serik marang rakyat Indonesia. Tentara Jepang tansah golek kesempatan kanggo nyilakakake utawa mateni rakyat Indonesia. Sawijining wektu ana kabar menawa panyimpenan banyu ing Wungkal direbut sakelompok tentara Jepang. Wongwong dadi padha sujana. “ Wah, bahaya iki !” omonge sawenehing wong. “ Kita bakal mati kabeh yen tentara Jepang menehi racun ing panyimpenan banyu mau”. “Kurang ajar !” omongane liyane. “ Kita ora kena meneng bae yen nganti Jepang ngracun panyimpenan banyu ksb. Akeh sing bakal dadi korban yen banyu iku diombe dening pendhudhuk Semarang”. “Apa durung ana wara-wara resmi ngenani banyu iku ?” “ Kabar wis sumebar rata. Muga-muga kabeh wong padha mangerteni. Lan kita uga kudu nyebarake warta iki kanggo upaya jaga-jaga”. “ Kowe bener. Tumindak iki kanggo jaga-jaga anane tumindake Jepang sing pancen licik. Jepang bisa tumindak apa bae tanpa duwe rasa kamanungsan”. Para pemimpin ing kutha Semarang uga wis krungu ngenani panyimpenan banyu Wungkal sing dikwasani dening saklompok tentara Jepang. Malah sadurunge prastawa iku ana pirangpirang pulisi sing jaga panyimpenan banyu padha dipateni tentara Jepang iku. “ Piye kedadeyan satemene? “ pitakone Gubernur Wongsonegoro. “Polisi ingkang njagi panyimpenan toya dipun tembaki Pak. Kathah pendhudhuk ingkang sumerep kedadosan wau inggih ngalami kedadosan ingkang sami. Gugur katembak” jawabe anak buahe sang Gubernur. “Apa wis pasthi yen panyimpenan banyu iku kena racun ?”. “Warta ingkang kula tampi pancen makaten. Pak. Criyosipun sampun wonten korban saksampunipun ngginakaken toya saking ngrika”. “Yen pancen ngono perlu dibuktekake maneh, menawa panyimpenan banyu iku kena racun. Iki mbebayani banget. Kita bakal protes marang pimpinan Jepang ing Semarang”. Sawise nganakake rembugan, Gubernur banjur nimbali dokter Karyadi. Dokter iki isih enom. Panjenengane kepala laboratorium RS Purusara Semarang. Dokter Karyadi banget ditresnani dening masyarakat Semarang. Panjenengane pemudha patriotic. “Panyimpenan banyu iku akeh banget gunane. Meh kabeh pendhudhuk Semarang sing nggunakake. Mula menyanga panyimpenan banyu ing wungkal mau. Priksanen apa bener panyimpenan banyu iku wis klebon racun” prentahe Sang Gubernur marang dokter enom iku. …………………………………………………. Kapetik saka : Penyebar Semangat 1. Sing diarani wacan bocah yaiku …. a. wacan, dongeng kanthi basa tulis kango para bocah b. wacan, dongeng kang didongengake dening bocah c. wacan, dongeng kancil nyolong timun d. wacan, dongeng kang ditulis dening para bocah 2. Wacan bocah Dr. Kariyadi dikarang dening …. a. Dhiana Andriyani c. Eko Wijiono b. Astuti Wulandari d. Kusnadi 3. Paraga utama ing wacan bocah Dr. Kariyadi yaiku …. a. Adit b. Tentara Jepang c. Dewi d. Gubernur Wongsonegoro 4. Crita Dr. Kariyadi iku kadadeyan saka ……pada (alinia ) a. 2 b. 3 c. 4 d. 5 5. Paraga-paraga ing wacan bocah Dr. Kariyadi yaiku … a. Gubernur Wongsonegoro, Tentara Jepang, Dr. Kariyadi b. Tentara Jepang, Adit, Dewi c. Dr. kariyadi, Amir, Dewi d. Wongsonegoro, Eka Wijiono, Dhiana 6. Wacan Bocah iku bisa diwaca ing …. a. Gaul c. Jaya Baya, Penyebar Semangat b. Koran Jawa Pos d. Kartini 7. Ing wektu sabanjure Jepang isih rumangsa serik marang rakyat Indonesia. Tembung serik pada karo … a. Iri dengki b. mangkel c. ngamuk d. Iri hati 8. Dewi bakal mbangun turut marang Ibuke. Tembung sarojo mbangun turut tegese …. a. ngalah b. manut,bekti c. mundur d. ngamuk nesu 9. Dewi wis prasetya ing atine, prasetya iku dasanamane …. a. ngenteni b. sabar c. ngalah d. janji 10. Panganggone basa iku ana loro yaiku … a. lisan lan tulis c. dongeng lan crita b. tulisan lan wacan d. tulis lan tinulis 11. Ngirim kabar kanthi cara SMS iku kalebu basa … a. lisan – tulis b. singkatan c. lisan d. tulis 12. Nggunakake basa tulis kanggo ngandakake pesen utawa kabar bisa uga liwat … a. telpon b. layang/surat c. radio d. majalah 13. Nggunakake basa lisan iku kudune manut ing … a. tata tulise c. unggah-ungguh b. bukune d. tata ejaane 14. Tuladhane panganggone basa lisan, kaya ta … a. layang b. majalah c. ndongeng d. maca buku 15. Siti arep nyilih buku marang Lina kanca sabangkune, basa kang digunakake Siti yaiku basa ragam …. a. ngoko lugu c. krama andhap b. ngoko alus d. krama Inggil 16. Ukarane Siti nalika arep nyilih buku marang Lina yaiku … a. jeng Lina, mbok aku diampili buku cathetan basa jawa! b. Lin, aku nyilih bukumu cathetan basa jawa ya ! c. Nuwun sewu, kaparenga kula ngampil cathetan basa jawa ! d. Lin, buku gandhahan sampeyan dakampile sedhela bae! 17. Yen ngomong karo wong sing luwih tuwo iku arane … a. kandha b. ngendika c. matur d. guneman 18. Eyang nembe …… kaliyan dhayonipun. a. matur b. kandha c. ngendikan d. guneman 19. Pak Guru mboten saged ….. amargi putranipun sakit. a. dugi b. sowan c. rawuh d. dhateng 20. Bapak …….ing kamar ngajeng. a. sare b. mlungker c. turu d. tilem 21. Pak, kula mangke badhe ….Arema ing Stadion Kanjuruhan, pareng nggih ? a. nonton b. nyawang c. mirsani d. ningali 22. “ Bu Guru menapa sampun nate …. Film Spiderman ? “ pitakone Wati. a. mirsani b. ningali c. nyawang d. nonton 23. Tuladhane basa ngoko alus yaiku … a. Ton, bukumu iku lebokno tas ! c. Mbenjing kula wangsul enjing b. panjenengan apa wis dhahar ? d. Sinten ingkang kagungan buku punika ? 24. Tuladhane basa ngoko lugu …. a. peleme wis mateng-mateng ayo diundhui, Jon ! b. Mbak Deby apa ora kersa ? c. Kula ajrih kaliyan Sawer d. Mugi-mugi panjenengan enggal dangan 25. Coba batangen cangkriman iki : anake di idak-idak emboke dielus-elus yaiku … a. suwal b. nanas c. becak d. andha

Sabtu, 13 Desember 2014

cerkak

Prabandari Muridku Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa srek lan seneng. Murid-muridku isih ana rasa hormat lan patuh karo guru, uga nggatekke yen diwulang. Kancaku paron, sing sepuh meh purna tugas ya ana, sedhengan yuswane, lan saangkatanku munggah sithik, isih akeh sing padha mbujang. Awakku klebu yunior neng sekolahan kono. Sekolahan kuwi klebu neng kutha Kabupaten, dadi ya wis reja lan rame. Marang watak-watakke kanca-kanca guru, uga marang murid-muridku, aku wis apal, mula ya bisa nyrateni. Nganti atiku krasa, yen aku ditresnani kanca lan disenengi murid-muridku. Jarene aku mono guru sing humoris. Ana siji muridku wadon sing tansah dadi kawigatenku. Kejaba bocah kuwi ayu ning ya pinter, cepet ngerti yen diterangke. Ning ndhugale ……., ya ampun tenan. Yen rumangsa panemune bener, marang sapa wae wani …. klebu marang aku gurune. Bocah kuwi yen durung ngerti. Ora sungkan takon ing wektu ngaso. Malah nalika tak gawani PR saka sekolahan sing kudu ditumpuk Minggu ngarep, dumadakan Prabandari, ngono jenenge muridku kuwi takon : ?Pak Gun, penjenengan punika dalemipun pundi ta, pak ?? ?O …. aku neng kene mung kost kok, omahku adoh neng ndesa kana, dene olehku kost neng Kampung Kenari Jl. Retawu No 7, ana apa ta Ndari ?? Pitakonku marang bocah kuwi. ?Inggih namung kepingin ngertos kok pak. Rak pareng ta menawi kula lan rencang-rencang dolan mrika ?? ?Wah ya pareng banget, ning ya matur dhisik sak durunge, merga kegiatanku kampus kuwi akeh banget?. ?O …. inggih matur nuwun pak? kandhane karo mlayu ninggal esem. Ya esem kuwi sing njalari K.O., aku sing isih jaka kumala-kala iki, ati njur marahi gonjang-ganjing. Batinku : O Prabandari, wiwit aku mlebu mulang klas III sepisanan, aku wis kasengsem karo citramu sing ayu ….. najan ndhugalmu ngluwihi bocah lanang. Tenan ….. lagi entuk telung ndina saka olehku nggawani PR, Ndari wis teka neng kost-kostsanku ijen, mung saperlu laporan yen ora bisa nggarap PR-re. Jarene durung dhong tenan nalika tak terangke. Ning ya tiwas kebeneran, aku bisa nyawang sak maremku marang dheweke neng omahku. Mula kandhaku karo mapan lungguh ing kursi tamu : ?Ya wis ta kene, tak terangke sepisan maneh, sing kowe nganti ngerti lan bisa nggarap PR kuwi?. ?Inggih, pak?. Prabandari banjur ngetokke buku lan uga kertas orek-orek saka tase. Aku ya njur gawe soal sing bakal tak anggo nerangke dheweke. Tak terangke lan tak contoni soal ngati telu, dheweke lagi mudheng tenan. Sidane Ndari njur takon: ?Pak, menawi soal PR kula garap wonten mriki kados pundi ?? ?Wah becike garapen neng ngomahmu wae Ndari, kowe bisa takon-takonan kara kancamu, ning janji, ora nedhak lan ora kena kon nggarapke?. ?Inggih pak, prayoginipun mangkeh kula garapipun piyambak?. ?Syukur yen ngono, dadi kowe percaya karo awakmu dhewe?. Sarehne aku wong kost, mangka manganku neng njaba, mula Prabandari ya ora tak suguhi apa-apa. Dheweke uga maklum. Bareng dheweke pamit mulih, lagi aku ajak-ajak : ?Ndari !, nek ngelak metu jajan dhisik yuk karo aku ……, piye ?? ?Ah matur nuwun pak, mangga pak guru kemawon, mangkeh kula wonten nggriya kemawon?. Nalika salaman, tangane tak gegem kenceng, dene tanganku kiwa kober nyiwel pipine sing mrusuh kuwi. Prabandari gage ngeculke gegemane, njur mberot mlayu marani motore, karo celathu : ?Ah …. pak Gunawan ….. kok nakal, ngenjing kula critakke bocah-bocah lho, pak?. ?Aja ….. aja …. aja tenan Ndari ….. sorry nek ora dadi atimu?. Embuh krungu embuh ora, aku kandha ngono, ning bocahe njur nggeblas sawise motore urip. Ana sapletik rasa getun, e yagene ing atiku dumadakan wae ana rasa gregeten ….. neng bocah kuwi. Ning ya piye maneh, arep dikapakna wong jeneng wis kebacut, ya ngene iki sing njur marahi mlorot wibawaning guru enom, padha luntur ing sangarepe muride. Wayah sore, rumangsa sumpek ana ngomah, aku ngglindhingke motorku mubeng-mubeng kutha Kabupaten. Nalika tekan lapangan kepener ana tandhingan bal. Lapangan mau sabrangan karo toko Supermarket anyar, sing ketara akeh pengunjunge. Motor tak inggirake banjur tak enggo lendhehan nonton tandhingan bal. Durung ana limang menit ndadak ing sisihku ana kenya ayu mlaku ijen aruh-aruh : ?Mirsani bal napa pak ?? Gupuh karo nyawang wong mau wangsulanku : ?Inggih …., lha punika badhe tindak pundi ?? Wangsulanku kanthi basa alus. ?Wih …. kalih muridhe kok basa ta pak guru ?? Kandha ngono, wong ayu mau mbukak kacamata lan nglorot sleyere sing kanggo kudhung, marahi aku njur ora pangling : ?Ya …… ampun kowe ta Ndari, arep menyang ngendi ?? ?Badhe pados wedhak wonten Supermarket mriku, pak? wangsulane karo nggeguyu aku merga pangling : ?Kosik !….? kandhaku cepet-cepet, aku ngunci motor, bali nyedhaki dheweke. Bareng dalan rada sepi, tangane tak gandheng tak sebrangke ora suwala. Tekan ngarep toko aku kandha : ?Kana ndang blanja, mengko tak tututi, aku tak njupuk motor dhisik?. Prabandari mung mesem karo manthuk-manthuk. Bareng motor wis tak titipke, aku gage mlebu toko nggoleki Prabandari sing lagi blanja. Kranjang tak jaluk tak gawakake, aku mlaku neng mburine, jan …. kaya wong pacaran kae. Aku ndedonga, muga-muga aja nganti kepethukan kanca guru luwih-luwih muridku, mundhak neng sekolahan dadi rame. Tekan njaba aku nawani dheweke : ?Ndari !, aku bisa kok ngeterke kowe mulih?. ?Sampun pak, kula nyidhat margi namung celak kok saking ngriki?. ?Oya wis yen ngono, aku tak bali nonton bal maneh?. Kandhaku kanthi ati gela. Sabanjure, mundhak dina srawungku marang Prabandari saya raket. Sing marahi kabeh mau, ndadekke atiku GR. Kayane Ndari krasa, yen aku tansah nggatekke dheweke. Yen mripat padha dene pas tempuk nyawang, Prabandari mesthi mesem manis … banget. Atiku dadi gonjang-ganjing ndayani anggonku mulang ora bisa konsentrasi. Nalika wayah ngaso, dheweke ora metu, ning ngetokke taplak rendan sing durung rampung saka tase, banjur nyikluk ngrenda. Aku nyedhaki banjur takon : ?Gawe apa Ndari ?? ?Ndamel taplak meja, pak, budhe kula ingkang wonten Bandung dhawuh ndamelaken?. Aku ngiling-ilingi karo ndumuk njur kandha : ?Nek wis rampung, aku pesen gawekna ya Ri !? Kandhaku karo nyangklek neng cedhake : ?Wong priyantun kakung kok remen taplak ta pak, mbok mbenjang menawi sampun berkeluwarga utawi krama, kula kadho ta sampun, pak?. ?Ah …. andak ana sing gelem ta Ri, karo aku ?? ?Ingkang purun nggih kathah ta pak, wong pak Gunawan ngganteng kok ?. Wangsulane Ndari karo nyekikik mandeng aku. Aku eling yen ana njero klas, senajan ati isih kepingin cecedhakan, ning gage aku ngadeg karo kandha lirih : ?Suk aku tak golek sing ayu kaya kuwi ya Ri?. Pas aku tekan njaba, lonceng tandha masuk sing diunekake pak bon muni. Aku bali mlebu klas bareng bocah-bocah, tak delok Prabandari wis nglebokake rendane neng tase. Embuh mung rasaku, embuh ya piye, ning janji tempuk panyawange, Ndari mesthi mesem, ….. esem sing kebak makna jero mungguhing atiku. Mangka aku mono jejering guru, sing wajib digugu lan ditiru. Nanging kanggoku, unen-unen kuwi mung kaya ukara apalan endah sing wektu iki ora nyenggol atiku. Meneng-meneng citrane Ndari muridku sing ayu pawakan bongsor kuwi, mundhak dina saya mundhak mlebu keket ing atiku. Piye ya, apa Ndari ya duwe rasa kaya rasaning atiku ? Ah embuh … kabeh isih mujudake cangkriman sing batangane isih siningit. Bel bubar sekolah keprungu saka ruang klasku, bocah-bocah wis wiwit padha metu. Aku sendhen ana lawang klas, ngawaske murid-murid sing padha bubaran. Kaya padatan, Ndari angger liwat ngarepku, wektu kuwi ora mung mesem, ning mringis karo njarak mlaku mepeti karo nggone lehku ngadeg, kepara nyenggol-nyenggol lengenku. Atiku mak nyes rasane, ning pikiranku njur kuwur. Nalika aku ngawaske lawang regol sekolahan, aku weruh ana mobil sedan Starlet metalik. Ndadak bareng Ndari tekan latar, sopir sedan kuwi medhun methukake Ndari, njur ngrangkul karo ngesun, sing ditanggapi dening Ndari kanthi bungah. Meruhi Ndari mbukak lawang sedan njur lungguh njejeri sopire, atiku mengkap-mengkap panas banget. Semprul tenan batinku, jelas kae mau dudu abdi methuk bendara, ning mesthi pacare Ndari. Wong bocahe resik tur ya bagus, gek umur-umurane ya sajajar yen karo aku. Oh…… atiku lara …. nrangkel …. ngrantes ….., ning aku ora bisa apa-apa. Tekan ngomah, tas tak uncalake, tanpa nyopot sepatu, aku njur ngebrukake awakku neng dhipan. Batinku ora trima. Yoh Ndari, awas wiwit sesuk aku ora bakal nyaruwe …. nggatekke …. sudi apa aku mbok tandhing-tandhingake karo jaka bagus ? Ya wiwit kuwi, aku mbudidaya ora nggape lan nggatekke Ndari. Yen aku ana klas ngadhepi bocah-bocah, aku ora tau ngawaske dheweke, yen pethukan nggiwar utawa mlengos, wis pokoke aku tansah ngedohi dheweke. Senajan sejatine atiku nangis ….. sikapku sing ngene iki wis ana rong Minggu, embuh nganti kapan aku ora ngeti. Minggu sing katelu, wiwit dina Senen tekan Kamis Ndari ora mlebu, kancane uga ora ana sing padha ngerti, lan ya ora ana sing mamitke. Dina Jum?at esuk, ing regol sekolahan ana sedan sing kanggo methuk Ndari dhek emben, sopire ya bocah bagus kuwi. Diterke dening pak bon, bocah kuwi nothok klasku, sejatine aku wegah nemoni, ning piye wong iki tamu. Sawise aku metu cah bagus kuwi takon kanthi alus: ?Punapa leres pak, penjenengan pak Gunawan guru wali klasipun Ndari ?? Wangsulanku entheng : ?Inggih …. wonten punapa ?? ?Anu pak, kula nyuwunaken pamit Ndari, piyambakipun wiwit dinten Minggu punika sakit, sapriki dereng mantun, ngantos mboten saget mlebet sekolah?. ?O …. inggih, lha penjenengan punika pernah punapanipun ?? ?Kula pak ?, kula punika kamasipun Ndari ingkang wonten Bandung, punika pinuju libur?. Dheg ….. atiku mak jleg …. . Aku wis salah sangka, wis nduga sing ora-ora. Gage wangsulanku : ?O inggih dhik, inggih, atur penjenengan sampun kula tampi?. Wusana bocah bagus kuwi njur pamit bali. Bali gumawang citrane Ndari sing wis tak ewani nganti rong Minggu, atiku dadi welas lan mesakake banget. Aku rumangsa getun kapati, rumangsa dosa marang dheweke, dene kok wis gawe laraning atine. Mesthi wae Ndari ya ora ngerti, geneya aku ewa marang dheweke. Jebul atiku sing keweden, yen nganti kelangan cah ayu Ndari. Kamase ndak sengguh pacare. Pantes dhek ngrenda taplak kae jare sing weling budhene sing neng Bandung, mesthine ya weling kamase kuwi. Rasane atiku njur notol banget, selak kepingin weruh muridku sing tak tresnani kuwi, lan yen perlu, aku bakal njaluk pangapura. Wayah sore tangi turu ngaso awan, aku mara neng omahe sing wis diwenehi ancer-ancer cah bagus kamase Ndari, dhek teka mamitke kae. Nalika aku uluk salam sing ngetoni ya kamase kuwi. Gupuh-gupuh anggone ngacarani tekaku : ?Mangga-mangga pak Gun, punika bapak ibu tindak arisan trah, kula ingkang kadhawuhan nengga adhik. Lha punika Ndari taksih ngaleleh wonten kamar petilemanipun. Dereng purun ma?em, pak. Mangga ta, pak , kula aturi ngendikani !? Aku di ajak kamase, mlebu kamare. Ndak delok Ndari mblujur krukuban slimut rapet. Aku lungguh neng lingir dhipane. Kanggo wangun-wangun karo kamase aku takon : ?O inggih …., sampun tepang kok kula dereng ngertos asmanipun, penjenengan sinten dhik ?? ?Kula Prabantoro pak, putranipun bapak ibu punika namung kalih, kula kaliyan dhik Ndari. Gandheng budhe ingkang wonten Bandung mboten peputra, mila sak rampungipun SMA, kula dipun dhawuhi nglajengaken sinau wonten mrika?. ?O ngaten ta, dhik? Aku ngedhongi kandhane karo manthuk-manthuk. Tumuli kandane maneh : ?Malah ngaten inggih pak, mumpung pak Gun lenggah wonten ngriki, kula ndherek nggriya sekedhap, badhe maketaken taplak rendan dhateng budhe ing Bandung, budhe rak remen sanget rendan garapanipun Ndari?. ?O inggih mangga dhik, kula ingkang tengga dalem?. Kandhaku bungah. Bareng swara mobil wis metu pekarangan, kemul sing kanggo nutupi raine Ndari tak bukak …, aku kaget. Merga raine Ndari sing pucet banget …. gek bareng ngelekke mripate, banget olehe cowong. Aku nyedhak nyangklek ing raine, karo kumlesik ing kupinge aku takon : ?Ndari, kowe lara apa ?? ?Sakit manah? wangsulane cekak. Kandha ngono iku bali narik slimute krukup karo ngiringke awake ngungkurake aku. Nalika bantale ketarik mingset, aku weruh buku harian cilik, sing sajake mau diseleh ing ngisor bantal. Buku gage tak saut njur tak bukaki. Tekan halaman keri dhewe, sing cetha dina lan tanggale lagi dhek wingi ditulis, banjur tak waca sing unine ngene : Wis rong Minggu, pak guruku nggantheng sing tak tresnani kuwi njothak aku, sing aku ora ngerti sebabe. Atiku susah, lara, semangat sinauku ilang, njur marahi aku wegah mlebu sekolah. Wusanane aku dadi lara nganti saiki. Yen sajroning lara iki dheweke ora ngaruhke, aku bakal metu lan pindhah sekolahan. Semono mau yen aku mari. Upama ora, tresnaku marang pak Gun, bakal ndak gawa mati. Rampung maca mripatku nrocos ora kena ndak ampah. Ya ketang rasa welas, trenyuh, lan keduwungku sing mbangeti. Dhasar ngomah sepi, Ndari sing turu miring krukupan iku, kemule tak sebrot, aweke tak glebagake tak ruket kenceng karo kandhaku groyok : ?Ndari, apuranen aku ya, aku salah, aku kleru panerka, kamasmu tak arani pacarmu. Gek mari ya Ndari ! njur mlebu sekolah maneh, aku wis kangen banget?. Ndari nyawangi aku mencereng ning njur kaca-kaca. Dheweke isih tak kekeb kenceng karo tak arasi bathuk lan pipine, sarta wola-wali anggonku njaluk ngapura. Ndari njur takon lirih : ?Kok pirsa, pak ?? Aku gage nuduhake buku hariane. Dheweke mesem, senajan luh sing metu saka mripate mundhak deres. Aku kandha lirih tak tempelke ing kupinge : ?Ndari, gek mari ya !, njur mlebu sekolah, aku tresna kowe Ndari ! Ngati lulus SMAmu, nganti rampung kuliahmu, aku bakal setya nunggu sliramu Ndari, ketang gedhene tresnaku?. Krungu kandhaku mau, Ndari nyawang aku tajem, banjur ngruket aku genti, ngati kuwalahan anggonku ambegan. Ngono mau nganti sawetara. Bareng keprungu gerenge mobil mlebu pekarangan, aku gage njranthal neng kamar tamu api-api maca koran. Let sedhela jedhul …. Toro wis bali njur kandha : ?Wah matur nuwun sanget inggih pak, malah tambah ngrepoti?. ?Ah mboten dados punapa dhik? wangsulanku bungah. Bareng wis omong-omong sedhela karo Toro, aku njur pamit mulih. Saka kamar tamu, aku kandha rada seru tumuju Ndari ing kamare : ?Ndari gek ndang mari ya, njur mlebu sekolah. Kanca-kancamu wis padha kangen?. Saka kamar ora keprungu swara wangsulan, ning atiku mesthekake, yen Ndari sedhela maneh bakal mari, waras saka larane. Lumakune taun ora rinasa. Ing wayah esuk, aku nglorot gas motorku, lakune gledhenganku pancen tak gawe lon-lonan ngiras ngresepi segere hawa esuk. Arahku ngalor tumuju Kaliurang, ing mburiku ngethepel nempel geger mahasiswi tingkat telu jurusan sastra, sing undang-undangane Ndari. Ing driji manise rinengga kalpika pepacangan, kanthi ing njero inisial jenengku. TAMAT

kawruh budaya Jawa

KAWRUH BUDAYA KAWRUH WAYANG Miturut bahan utawa mediane, wayang bisa diperang dadi papat, yaiku: (1) Wayang Kulit, iku dumadi saka kulit kebo utawa kulit sapi. Wujude umum kaya sing dipersani kae. Ana wewujudane kaya perangane ragane manungsa lan tangane bisa diobah-obahke. Senine wayang ana ing tangan, yaiku nalika dilakokake utawa dijogedake dalang lan nalika lagi diperangake. Wujudw wayang kulit kuwi tipis rata, ditatah, lan disunggih kanthi endah warna-warni nganti kaya-kaya urip. Apa maneh yen sing mirsani wayang saka ing buri kelir utawa nonton wayangane(baying-bayang) mesthi luwih urip. (2) Wayang Golek, wayang mau digawe saka kayu sing diemba wewujudane manungsa. Wayang golek umume ana ing tlatah Sunda lan sakiwa tengene. Ing Jawa wayang golek biyen kanggo nyaritakake Lakon Panji ing Majapahit. (3) Wayang Beber, wayang sing wujude among gambar (lukisan) sing disungging ing bakal(kain) putih dawa, kulit, utawa kertas. Perangan-perangane carita banjur digambar ing media mau. Banjur ki Dalang nyaritakake isine adegan sing ana ing lembaran kain mau kanthi gambling. Saben ganti adegan, kain mau bisa digulung banjur diganti gambar liya. Wayang beber ing jaman saiki wis ora ana, ananging koleksine isih akeh ditemokake ing museum, kraton, utawa pengrajin. (4) Wayang Wong, wayang sing diparagani dening wong sing dagarap jogged kang luwes lan swara kang becik. Lakone umume ya carita Ramayana lan Mahabharata. Wayang wong nganti saiki isih dilestarikake, kayata ing Surakarta, Semarang, Jakarta, Jogjakarta, lan liya-liyane. Sawetara kuwi adhedasar caritane wayang bisa diperang dadi 14 jinis. Yaiku: (1) Wayang Purwa, yaiku wayang sing ngangkat carita Ramayana lan Mahabarata. (2) Wayang Gedhog, yaiku wayang sing njupuk lakon epos Panji. Kayata Panji Asmorobangun, lan sapanunggalane. (3) Wayang Klithik utawa wayang krucil, wayang sing mbeberake Carita Panji utawa Damarwulan. (4) Wayang Dupara, wayang sing nyaritakake sejarah kasunanan Surakarta. (5) Wayang Kuluk, wayang sing nyaritakake sejarah Kasultanan Ngayogyakarta. (6) Wayang Jawi, wayang sing nyeritakake kisahe Pangeran Diponegoro. (7) Wayang Wahana, wayang sing nyaritakake lakon saka babad. (8) Wayang Suluh, wayang sing nggambarake sejarah kontemporer bangsa Indonesia,utamane gregete bangsa Indonesia anggone ngrebut kamardikan saka tangane penjajah Landa apadene Jepang. (9) Wayang Kancil, wayang sing nyaritakaketokoh-tokoh kewan kanggo pendidikan anak. (10) Wayang Wahyu, wayang sing nyaritakake kisah-kisah sajrone kitab injil. Nalika kita njingglengi ing pagelaran wayang kulit, saora-orane ana maneka warna unsur seni sing bisa dinikmati. Kayata unsur seni ukir/pahat/seni relief/seni sungging, seni tari, seni sastra, seni karawitan, lan seni pentas. Dene saka aspek isi carita ing pagelaran wayang saora-orane uga nyakup babagan 1. Piwulang religi. 2. Piwulang filosofi. 3. Piwulang etika. 4. Piwulang estetika. 5. Piwulang psikologi. 6. Piwulang pedagogi. 7. Piwulang simbolik.

Rabu, 10 Desember 2014

Purwakanthi

PURWAKANTHI Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane diarani purwakanthi basa. Dene yen sing runtut sastrane diarani purwakanthi sastra. Purawakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisauga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang. Tuladhane" - Aja dumeh bagus terus kemlenthus. - Wong sabar bakal subur - Kebat kliwat, gancang pincang. - Yitna yuwana lena kena. Purwakanthi wujude kaperang dadi 3, yaiku" 1. Purwakanathi Swara Yaiku unen-unen kang runtut swarane(vokal), padatan manggon ana ing pungkasaning tembung. Tuladha: - Gemi setiti ngati-ati. - Bungah susah iku lumrah. - Sapa jujur bakal makmur. - Barang wis makamur, lali marang sedulur. - Ulat madhep ati manteb. 2. Purwakanthi sastra Yaiku, unen0unen kang runtut sastrane (kosakatane). Padatan manggon ana ing wiwitane tembung utawa ing satengahing tembung. Tuladhane: - Tata titi tatas titis. - Kala kula kelas kalih kula kulak kalo. - Sapa salah bakal seleh. - Sluman slumun slamet. - Janji jujur jajahane mesthi maju. 3. Purwakanthi Basa/ Lumaksita. Yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Punkasaning gatra kapisan sing dadi wiwitane gatra kapindho. Tuladhane: - Jarwa pinter, pintering satriya ing Pringgadani. - Bayem arda, ardane ngrusak busana. - Kolpk priya, priyagung anjani putra.

kabudayan jawi

Tata Busana Jawa Tata Busana iku munangka salah sawijining pang-ing budaya Jawa, yaiku woh pangolahing budi, cipta, rasa, karsa, lan manunggaling pakarti lair lan batin kang mawujud dadi karya kang endah. Tumrap ing kabudayan Jawa, wong nyandhang menganggo kuwi ora angger utawa waton wae. Kabeh kudu ditata kanthi becik lanpas supaya bisa nuduhake marang kapribadhen kang cedhak marang piwulang tata krama agesang. Ana unen-unen kang becik, ajining dhiri kuwi ana ing kedhaling lathi, ajining sarira kuwi gumantung ana ing busana. Mula saka iku wong nyandhang menganggo kudu laras luwih dhisik supaya bisane pantes lair lan batine, kajumbuhake klawan kahanan awak lan acarane (situasine). Sawetara sing diarani panganggo Jawa jangkep, yaiku cara nyandhang manganggo kang dijumbuhakeklawan acara resmi ing bebrayan Jawa. Kayata adicara pahargyan penganten, syukuran duwe gawe, jumenengan utawa kirab budaya ing keraton Surakarta, lan adicara resmi liyane. Lumrahe panganggon Jawa jangkep kuwi ana 8 werna sing kudu dikompliti, yaiku: 1. Udheng (blangkon) 2. Klambi Krowok (beskap) 3. sabuk 4. Epek, timang, lan lerep 5. Sinjang, jarik utawa jarit. 6. Dhuwung, wangkingan, lan keris. 7. Stagen utawa paningset. 8. Canela utawa selop.

Selasa, 09 Desember 2014

kawruh basa

Basa Rinengga Basa Rinengga, rinengga menika tegesipun dipun pacaki, pinajang, dipun paesi kang kabeh mau perlune supaya luwih endah, bergas, ngengreng, lan katon ngresepake mula basa Rinengga bisa ditegesi basa pajangan, basa pacakan, utawa basa bregasan kang nggambarake kaendahan lan kawibawan. Basa Rinengga mesthi wae ngemu surasa kaendahan, karepe kaendahaning basa. basa kang endah ora ateges basa kang angel, sanajan mesthi wae ana akeh kosa kata basa endah kang angel disurasa tegese. Basa Rinengga bisa kaperang dadi loro: 1. Basa Rinengga kang migunakake ing Pepindhan yaiku tetembungan utawa ukara kang nyebutake apa wae kang dipadhakake utawa ditandhingake karo liyane. Lumrahe nganggo tembung "kaya", "kadi", "kadya", "lir", "pendah", lsp. a). Pepindhan kanggo ing paguneman saben dina. tuladha: - kaya orong-orong kapidhak. - kaya banyu karo lenga. b). Pepindhan kanggo ing Pedalangan tuladha: - Hening sesanti niskala, Dhedhep sidhem perbawaning ratri. c). Pepindhan kanggo panyandra tuladha: - lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. d). Pepindhan kanggo sanepa tuladha: - tatune arang kranjang - ulate bening leri 2. Basa Rinengga ing tembung ateges Entar tuladhane: - Dhuh jembataning atiku, manik netra ya mung sira nyawaku. keneng apa sliramu tansah kumanthil saben aku ngedhepake netra. Carane Ngrengga basa, yaiku: 1) Sarana dikandhakake utawa ditulis nganggo ukara liya kang tetembungane ngemu surasa luwih bergas. - basa lumrah "teluk", basa rinengga "pasrah bongkokan" - basa lumrah "sadhela banget", basa rinengga " sakedheping netra" - basa lumrah "kekasihku", basa rinengga "jantung atiku" 2) Diganti tetembungan sawetara, umpama prelu dilironi tembung kawi tuladha: - Tandhange kaya banteng ketaton - Swarane gumlegar kaya bedhug.

pendidikan

Setyaning Murid Marang Guru Tekade Bratasena anggone kepingin antuk ngelmu sangkan paraning Dumadi utawa ngelmu kasampurnan wis ora bisa dipambengi. sanadyan kadang Pandhawa wis atur pamrayoga, kaya-kaya niat mau wis kaya tugu waja. alesane Bratasena prasaja wae, mumpung isih enom isih kuwat dhadha baune, kenceng otote, amba jangkahe, lan gedhe tekade, jeneng golek ngelmu kuwi aja nganti wigah-wigih. Kabeh mau kaangkah bisa kanggo sangu besuk tumapak dhewasa lan percaya nyekel panguwasa praja utawa mimpin kawulane dimen dadi becik sakabehane. Mula kanthi dhedhemitan lakune Bratasena marang Pertapan Sokalima kepingin enggal ngadhep marang gurune, Begawan Durna. Durna kuwi mujudake gurune Pandhaawa lan Kurawa. Dheweke dadi pujangga ing negara Ngastina. Nadyan tata gelar dadi pujangga ing Ngastina, ngembani Prabu Duryudana, nanging batine Bengawan Durna luwih keplok karo Pandhawa. "Anakku Bratasena bocah bagus, sakwuse asat punang riwe lan longgar anbeganmu daya-daya pun bapa mundhut katrangan ana wigati apa ta Ngger, tekamu kok sajak gita-gita?" tambuhe Bengawan Durna marang Raden Wijasena. " Bapa Guru, aja dadi kagetmu! tekaku ana kene selak kepingin diwedharake mungguh tegese Ngelmu Sangkan Paraning Dumadi?" wangsulane Bratasena marang gurune kanthi tuwajuh. Resi Kumbaayana ora age-age aweh wangsulan mungguh pamintane putra siswa. Tembunge amung cekak aos. "Ngger Bratasena! Ora angel supaya kowe antuk piwulang Ngelmu kasampurnan, waton bisa ngaturake bebanane wujud Kayu Gung Susuhing Angin sing mapan ing gunung Reksamuka!" prentahe Resi DURNA. Tanpa diuyak-uyak maneh, kaya keplasing warastra saka kendhange, Bratasena tumuli bablas ing Gunung Raksamuka goleki pamundhute bapa guru, sing diarani Kayu Gung Susuhinh Angin. Ananging kaya ngapa cingake Bima, bareng wis sedina muput ngobrak-abrik isine alas ing Gunung Raksamuka kok durung nemokake kang den upadi. :Endi sejatine sing diarani Kayu Gung Susuhing Angin," ujare Bimasena katon nglokro kaya-kaya wus ora duwe daya maneh. Sajroning liyep-liyep ing asamun, amarga tenagane wis kendho kadadak ana swara gumleger, ana raksasa loro sak gunung-anakan nrabas sang Bratasena. " Pawongan ayo manuta, tak badhok dadi mangsaku," sumbare raksasa kembar, Ditya Rukmuka lan Rukmakala marang Bratasena kang kamitenggengen. Perang tandhing gegempuran antarane Bratasena lan buta sakloron akhire datan bisa kapenggak. Buta bisa diadu kumba, sirah pecah-sirna marga layu temahan badhar sejatine Bhatara Indra lan Bathara Bayu kang sesinglon Raksamuka. " Kulup, titah ulun Bratasena aja kaget sejatine ulun kang sesinglon memba raksasa mau. Ing kene sejatine ora ana kang sira upadi Kayu Gung Susushing Angin. Sanadyan tata gelar kowe wurung ananging sejatine dadi, nadyan ora antuk gawe nanging sejatine kasil," pangandikane Dewa Indra "Karepe kepriye pukulan Bathara Indra," sambunge Bima. "Yaiku murid kang sejatine tulus, setya lan legawa marang dhawuhe bapa guru kanggo sarana panjangkahe gegayuhan becik." sabdane Dewa. Bratasena kelakon bali maneh menyang Pertapan Sokalima ngadhep marang Begawan Durna. "Bratasena kowe pancen bocah lantip, bisa uwal saka bebaya ing Reksamuka. Saiki sing pungkasan upadinen Banyu Perwita Suci sing mapan ing telenging Samudra kidul," prentahe maneh Durna marang Bratasena. Dhasar satriya kang tan mengkuh ing dharma, Bratasena tetep budhal golekki pamundhute guru. Tekade sing ora saklumrahe arep njegur segara sing jembare ora karuwan. Luding crita. Bratasena sakwuse njegur segara ora mati ananging malah ketemu klawan guru sejati, sang Ruci Dewa. Wiwitane Bratasena ketemuulo gedhe sing arane Manemburnawa, nggubet awake Bratasena lan arep mangan dheweke. nanging ulo bisa diperjaya temahan badhar sejatine sang Dewa Ruci ya Ruci Dewa. Awit saka tekade kang jejeg mau Bratasena antuk wejangan mungguh sejatine ngelmu kasampurnan urip (Sangkan Paraning Dumadi) saka Dewa Ruci ing dhasaring samodra mau.

Geguritan

Geguritan Mas Kuncung Mas Kuncung Esuk iki sampeyan kaya rajawali Menganggo sandhangan jaman maju, jaman maju Klambi safari pantolan lan sepatu Sinawang bergas kaya jangkrik mambu kili Kandhamu, modhel jawa wis ora jamani Uyon-uyon, macapatan, apadene wayangan Gobag sodor, dhakon, lan jamuran Ora pantes dicritakake anak putu Kapan olehe maju? tinimbang nonton agelaran kuno luwung nonton film biru sumringah, weruh gambar dha-del-pu Mas Kuncung, Mas Kuncung biyen sapa saiki sapa biyen ketok apa saiki ketok apa jengandika kok olehe banget jumawa ampeyan iku turun dhadhap utun esuk sarapan bakaran tela awan trima muluk sakepel sega aja kemaki aja kemlinthi dumeh wis ngerti honda yamaha suzuki Eling-elingen welinge simbah nalika isih padha lalapan babal lan uyah yen ana lindhu sedina kaping pitu sing kenceng anggone gondhelan waton mung kari kepiye olehe mbabar cangriman maca glutute wirama kauripan.

Rabu, 03 Desember 2014

Soal Kelas X SMA

soal kagem kelas X SMA semester Ganjil I. Kapilihana wangsulan ingkang trep a, b, c, utawi d saking pitakenan ing ngandhap punika kanthi paring tandha (X)! Kawaosana tuladha sesorah ing ngandhap punika kanthi premati! Assalamu’alaikum wr.wb ....… (i) Nuwun, Bapak Kepala Sekolah SMA N 10 Yogyakarta ingkang satuhu kinurmatan, bapak ibu guru saha karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah bagya mulya. …....(ii) Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal punika kita sedaya saged manunggal pepanggihan ing papan mriki kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala. …… (iii) Keparenga kula ingkang piniji minangka wakil saking para siswa, ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan kula sakanca dhumateng bapak ibu guru. Mugi Gusti nampi pangapunten kula lumantar panjenengan sedaya. Mugi Gusti ugi nampi amal ibadah kita, tansah ngluberaken karahayon, kabagyan, katentreman lan keslametan dhateng kita sedaya. Amin. .…. (iv) Mugi-mugi acara menika dados sarana nglebur dosa antawisipun sesami, ingkang rumaos lepat boten kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, lan khilaf punika sandhanganing tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya mulya. ….. (v) Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih bapak ibu guru, karyawan sarta para kanca, kula nyuwun agunging pangaksama. …… (vi) Nuwun. Wassalamu’alaikum wr.wb 1. Sesorah inggih punika medhar gagasan utawi ide sarana… a.kalisanaken c. karekam ing kaset b.kaserat ing kertas d. kadhapuk ing wujud sekar 2. Perangan pambuka wonten ing tuladha sesorah nginggil punika awujud… a. atur syukur c. atur pambagya b. atur panuwun d. salam 3. Undheraning rembag ingkang kababar ing sesorah dipunsebut minangka… a. salam c. pambagya kawilujengan b. wosing gati/ wicara d. panuwun 4. Katilik saking tuladha sesorah ing nginggil, perangan menapa ingkang dipunsebut wosing gati utawi wicara? a. perangan (ii) c. perangan (iv) b. perangan (ii d. perangan (v) 5. Tuladha sesorah ing nginggil punika ngrembag bab menapa? a. wigatinipun syiam c. wigatinipun halal bihalal b. wigatinipun dinten riyaya d. wigatinipun sesrawungan 6. Sinten ingkang maragakaken sesorah ing tuladha sesorah nginggil punika? a. wakil siswa c. ketua kelas b. kepala sekolah d. ketua OSIS 7. Perangan ingkang dipunsebut minangka pangarep-arep ing tuladha sesorah nginggil punika kawakili parangan ingkang nomer pinten? a. perangan (ii) lan (iii) c. perangan (iv) lan (v) b. perangan (iii) lan (iv) d. perangan (v) lan (vi) 8. Atur pakurmatan ing tuladha sesorah nginggil punika dipunserat sasampunipun perangan… a. salam c. atur pandonga b. atur syukur d. panuwun 9. “Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal punika kita sedaya saged manunggal pepanggihan ing papan mriki kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala,” dipunsebut minangka… a. salam c. atur pambagyaharja b. atur syukur d. wosing wicara 10. “Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih bapak ibu guru, karyawan sarta para kanca, kula nyuwun agunging pangaksama”, dipunsebut minangka… a. atur pakurmatan c. wosing wicara b. atur syukur d. panutup Kangge mangsuli pitakenan nomer 11-15, kawaosana teks tembang macapat Pocung ing ngandhap punika kanthi premati! Pocung Slendro Pathet Manyura Yen lumaku kudu eling lan mituhu Dalan sisih kiwa Waspada lan ngati ati Temah slamet ora nemu kacilakan 11. Tembang Pocung kalebet minangka tembang… a. tembang Jawi c. tembang Tengahan b. tembang Macapat d. tembang Gedhe 12. Paugeran ing tembang macapat punika saged awujud… a. guru sastra c. guru basa b. guru swara d. guru gatra 13. Dhawahipun swanten wonten ing pungkasaning larik tembang macapat punika dipunsebut… a. guru wilangan c. guru gatra b. guru lagu d. guru swara 14. Tembang Pocung punika kadhapuk saking pinten gatra? a. sanga \ c. sewelas b. sedasa d. rolas 15. Guru wilangan sarta guru lagu saking tembang Pocung inggih punika… a. 12u, 6a, 8i, 12a c. 6a, 8i, 12a, 12u b. 12a, 8i, 6a, 12u d. 12a, 12u, 6a, 8i II. Kapilihana wangsulan leres utawi lepat saking pitakenan ing ngandhap punika kanthi premati! 1. Sesorah inggih punika andharan ngengingi bab utawi gagasan ingkang kawedhar sarana kalisanaken. (leres/ lepat) 2. Sesorah kadhapuk saking perangan salam lan perangan inti kemawon. (leres/ lepat) 3. Sesorah limrahipun ngginakaken basa Jawi krama. (leres/ lepat) 4. Tiyang ingkang sesorah kedah nggadhahi raos mantep lan mrabawani. (leres/ lepat) 5. Ing salebetipun sesorah punika boten prelu migatosaken bab unggah-ungguh basa. (leres/ lepat) 6. Tembang macapat inggih punika satunggaling karya sastra Jawi ingkang kaserat mawi paugeran tartamtu. (leres/ lepat) 7. Paugeran tartamtu ing salebetipun tembang macapat kasebut purwakanthi. (leres/ lepat) 8. Tuladhanipun paugeran ing tembang macapat inggih punika guru sawra. (leres/ lepat) 9. Tembang macapat punika gunggungipun wonten sedasa . (leres/ lepat) 10. Tembang macapat Pocung kadhapuk saking sekawan gatra. (leres/ lepat) III. Wangsulana pitakenan ing ngandhap punika kanthi cekak aos! 1. Sesorah kalawau nggadhahi tema utawi ngrembag bab menapa? 2. Sinten ingkang sesorah ing tuladha sesorah punika? 3. Perangan menapa kemawon ingkang limrahipun andhapuk ing sesorah? 4. Cobi kaserata kanthi jangkep perangan sesorah ingkang kasebut atur syukur saking tuladha sesorah punika! 5. Cobi kapadosna wosing rembag saking sesorah ingkang sampun kasimak! 6. Gunggungipun tembang macapat punika wonten pinten? 7. Cobi kasebutna setunggal mawon tuladha tembang macapat! 8. Paugeran menapa mawon ingkang ndhapuk ing tembang macapat? 9. Menapa ingkang kawastanan guru lagu? 10. Menapa ingkang dipunwastani guru wilangan?

kata Tugas

KATA TUGAS Kata Tugas menika tembung ingkang nggadhahi fungsi kaliyan makna ing konstruksi sintaksis tartamtu, miturut sintaksisipun kata tugas boten saged ngadheg dados ukara, fungsi sintaksis tartamtu tanpa nggabung kaliyan ukara sanesipun. kados ta ing, marang. ciri-ciri kata Tugas 1. boten saged ngadheg dados tuturan ingkang bebas. 2. boten nate pikantuk imbuhan utawa ngalami afiksasi ukara sanesipun. 3. berfungsi nerangaken makna gramatikal kalimat. 4. jumlah kata tugas boten saged nambah amargi sifatipun tertutup. klasifikasi Kata Tugas a. Preposisi b. KOnjungsi c. Artikulasi d. Partikel

Selasa, 02 Desember 2014

budaya Jawa

TATACARA UPACARA PANGGIH PENGANTEN SURAKARTA Upacara Panggih Penganten Upacara panggih penganten menika prosesi ingkang manggihaken sri penganten kekalih sasampunipun resmi dados garwanipun miturut agami kagem dipun sandhingaken wonten ing pelaminan utawi sasana rinengga. Adicara panggih menika saged dipun sebat sakral amargi kedah dipun tindakaken kanthi khidmat mliginipun kagem penganten sarimbit. Tata cara Panggih Penganten Jawi: 1. Liron Kembar Mayang Kembar Mayang menika sepasang hiasan ingkang dipun delehaken wonten ing kiwa-tengenipun kursi penganten kanthi hiasan maneka warna sekar kaliyan hiasan janur. Kembar Mayang menika dipun ginakaken nalika penganten kekalih dipun dhaupaken. 2. Balangan Gantal Balangan gantal dumadi saking suruh(sedah) ingkang kepanggih kaliyan rosipun ingkang dipun linthing saha dipun bot-boti jambe.Ingkang nggadahi teges bilih manunggaling rasa antaraning pengantin putri kaliyan pengantin kakung. 3. Midak Tigan (wiji dadi) Midak Tigan menika penganten kakung midak tigan ngantos pecah Lajeng penganten putri mbasuh ampeyanipun penganten kakung Kaliyan toya ingkang sampun dipun paringi maneka warna kembang setaman. Midak tigan menika nggadahi pasemon, nyuwun ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwasa mugi Penganten sarimbit enggal pinaringan wiji sejati (putra). 4. Junjung Drajad Junjung drajad menika penganten kakung junjung astanipun penganten putri banjur dipun delehaken wonten ing sisih kiwanipun penganten kakung. Junjung drajad menika nggadhahi pasemon bilih pengantin putri menika kadudukanipun sami kaliyan tiyang kakung. 5. Sindhuran Sindhuran menika bapanipun penganten putri nuntun sri penganten sarimbit dumugi kursi pelaminan ngagem sindhur (slendhang) arupi seta-rekta (abrit-pethak). Ingkang nggadhahi pasemon bilih Bapanipun penganten putri menika maringi margi kamulyanan menawi ibunipun penganten putri menika maringi dorongan moral. 6. Ngunjuk Tirta Wening Ngunjuk tirta wening menika penganten kakung saha penganten putri menika sami sesarengan ngunjuk toya. Ngunjuk Tirta Wening menika nggadhahi pasemon supados penganten sarimbit wening wonten ing pikir, saha menep ing kalbu, anggenipun nglampahi gesang bebrayan. 7. kacar-kucur Kacar-kucur utawa nampa kaya, penganten kakung maringi guna kaya kagem penganten putri menika nafkah lair, batin, kaliyan rasa. Peprincenipun kacar-kucur dumadi saking wos pethak, wos jene,empon-empon pepek, bumbu sarta arta ingkang receh. Lajeng dipun wadahi tilam lampus lajeng dipun grojogaken, dipun tampani dening penganten putri. 8. Dulangan Dulangan, anggenipun dhahar dados satunggal. dulangan nggadhahi teges bilih menawi sampun dados garwanipun kedah setya tuhu anggenipun bekti kaliyan tiyang kakung, nunggal wadhah, nunggal rasa sarta nunggal panggenan, sami kekarepan sedyanipun. 9. Bobot Timbang Bobot Timbang menika nggadhahi pasemon menawi penganten sampun klakon anggenipun jejodhohan, sedaya kedah saged ngowahi adat,pangkat, lan drajad kadonyan. tegesipun ampun benten-bentenaken, kedah rukun, nyawiji tanpa bentenaken kahanan saderengipun jejodhohan. 10. Mapag Besan Mapag Besan menika nggadhahi teges tiyang sepuh saking sri penganten sarimbit menika sami sarujuk, sami rukun boten wonten alangan punapa. 11. Sungkeman Sungkeman menika dados acara ingkang paripurna. Sungkeman menika nggadhahi pasemon bilih penganten sarimbit nyuwun pangapura kaliyan tiyang sepuhipun amargi sakdangunipun menika namung damel repoting tiyang sepuh. Kaliyan sri penganten kalih menika nyuwun donga pangestu mugia bebrayanipun saged atut runtut dados kaluwargi ingkang sakinah, mawaddah,lan warahmah. Mugi saged bermanfaat..............

Parikan (Pantun Basa Jawa)

PARIKAN Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara utawa luwih. Ukara sepisan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan utawa yen ana bahasa Indonesia kuwi pantun, nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara. Paugeran utawa pathokane parikan: -Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho. -Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos. -Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho. -Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra. Tuladhane Parikan: Parikan (4 wanda + 4 wanda) > Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi > Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing prasaja. > Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen. > Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakeyan ragat. > Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu. Parikan (4 wanda + 6 wanda) > Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung. > Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing. > Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau. Parikan (3 wanda + 5 wanda) > Bayeme, wis kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing. > Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis. > Sirahe, dianguk – anguk. senenge, yen wis kepethuk. Parikan (4 wanda + 8 wanda) > Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit. > Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur. > Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakena gotong royong. > Tawon madu, ngisep sari kembang jambu. Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu. Parikan (8 wanda + 8 wanda) > Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut sinau. > Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa. > kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati. mugi saged bermanfaat............

Rabu, 26 November 2014

pendidikan Sekolah Dasar

Dolanan Cerdas lan Kreative kanggo kelas 1, 2 SD
Idola Kelas
Bentuk Dolanan : Individu/ dhewe-dhewe
Jumlah            : Kabeh siswa kelas 1, 2 SD
Durasi             : 15 menit
Bahan             : Kertas lan alat tulis
Orientasi          : Sesrawungan para siswa.

Wektune Dolanan
a. Siswa nyiapake salembar kertas lan patelot  kanggo nulis.
b. Njaluk saben siswa supaya nerangake yen ukara "apik", kanggo kanca-kancane sing dianggep  apik, utawa nulis kata kunci kaya sopan, kesed, lsp.
c. Kumpulne kabeh kertas terus diitung. sapa sing paling akeh saka kanca-kanca liyane.

Gunane Dolanan
Anane dolanan iki siswa bisa mangerti rasa lan anggepan kanca-kanca kelase marang dheweke. yen itungane intuk akeh anggepan kang apik mula dheweke kudu dipertahanke, lan sewalike yen dheweke intuk anggepan negatif, mula siswa kasebut kudu ngowahi sikepe. dolanan iki  bisa digunakake kanggo proses milih ketua kelas.
mugi saged migunani!!!!

Senin, 24 November 2014

Khasiat Mengkudu/Pace 
 PACE (Morinda citrifolia) kalebu jenise kopi – kopian. Pace bisa urip ono dataran rendah nganti kedhuwuran lemah 1500 meter ing dhuwur banyu laut. Pace yaiku tanduran asli saka Indonesia. Tanduran iki nduweni batang ora gedhe banget, dhuwur tandurane 3–8 m. Godhonge tumpuk undung adep – adepan, dawa godhong 20–40 cm lan ombo 7–15 cm. Kembange wujud kembang bongkol sing cilik – cilik werna putih. Wohe werna ijo lan wujud woh buni sing wujud lonjong nganggo aneka trotol – trotol. Wohe akeh lan cilik-cilik ana ing njero daging. Umume tanduran pace urip kanthi sakarepe dhewe ing ngalas – alas utawa di tandur wong ning samping ngomah. Pace nduweni jeneng lokal : mengkudu (Indonesia), Pace, Kemudu, Kudu Jawa; Cengkudu Sunda, Kodhuk Madura, Wengkudu Bali. Woh buni wit pace sing wis mateng nduweni ambu sing ora enak, nanging nduweni aneka zat kang manfaate kanggo pengobatan. Zat kang ana yaiku morinda diol, morindone, morindin, damnacanthal, metil asetil, asam kapril lan soran diyiol. Amarga nduweni zat iku pace bisa kanggo ngobati maneko warna lelara. Tuladhane: 
1. Hipertensi utawa darah tinggi 
2. Lara kuning 
 3. Lara panas 
4. Lara watuk 
5. Lara weteng
6. Ngilangake sisik ing sikil