Rabu, 10 Desember 2014

Purwakanthi

PURWAKANTHI Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane diarani purwakanthi basa. Dene yen sing runtut sastrane diarani purwakanthi sastra. Purawakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisauga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang. Tuladhane" - Aja dumeh bagus terus kemlenthus. - Wong sabar bakal subur - Kebat kliwat, gancang pincang. - Yitna yuwana lena kena. Purwakanthi wujude kaperang dadi 3, yaiku" 1. Purwakanathi Swara Yaiku unen-unen kang runtut swarane(vokal), padatan manggon ana ing pungkasaning tembung. Tuladha: - Gemi setiti ngati-ati. - Bungah susah iku lumrah. - Sapa jujur bakal makmur. - Barang wis makamur, lali marang sedulur. - Ulat madhep ati manteb. 2. Purwakanthi sastra Yaiku, unen0unen kang runtut sastrane (kosakatane). Padatan manggon ana ing wiwitane tembung utawa ing satengahing tembung. Tuladhane: - Tata titi tatas titis. - Kala kula kelas kalih kula kulak kalo. - Sapa salah bakal seleh. - Sluman slumun slamet. - Janji jujur jajahane mesthi maju. 3. Purwakanthi Basa/ Lumaksita. Yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Punkasaning gatra kapisan sing dadi wiwitane gatra kapindho. Tuladhane: - Jarwa pinter, pintering satriya ing Pringgadani. - Bayem arda, ardane ngrusak busana. - Kolpk priya, priyagung anjani putra.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar