Selasa, 09 Desember 2014
Geguritan
Geguritan
Mas Kuncung
Mas Kuncung
Esuk iki sampeyan kaya rajawali
Menganggo sandhangan jaman maju, jaman maju
Klambi safari pantolan lan sepatu
Sinawang bergas kaya jangkrik mambu kili
Kandhamu, modhel jawa wis ora jamani
Uyon-uyon, macapatan, apadene wayangan
Gobag sodor, dhakon, lan jamuran
Ora pantes dicritakake anak putu
Kapan olehe maju?
tinimbang nonton agelaran kuno
luwung nonton film biru
sumringah, weruh gambar dha-del-pu
Mas Kuncung, Mas Kuncung
biyen sapa saiki sapa
biyen ketok apa saiki ketok apa
jengandika kok olehe banget jumawa
ampeyan iku turun dhadhap utun
esuk sarapan bakaran tela
awan trima muluk sakepel sega
aja kemaki aja kemlinthi
dumeh wis ngerti honda yamaha suzuki
Eling-elingen welinge simbah
nalika isih padha lalapan babal lan uyah
yen ana lindhu sedina kaping pitu
sing kenceng anggone gondhelan waton
mung kari kepiye olehe mbabar cangriman
maca glutute wirama kauripan.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar