Selasa, 02 Desember 2014

Parikan (Pantun Basa Jawa)

PARIKAN Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara utawa luwih. Ukara sepisan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan utawa yen ana bahasa Indonesia kuwi pantun, nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara. Paugeran utawa pathokane parikan: -Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho. -Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos. -Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho. -Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra. Tuladhane Parikan: Parikan (4 wanda + 4 wanda) > Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi > Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing prasaja. > Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen. > Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakeyan ragat. > Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu. Parikan (4 wanda + 6 wanda) > Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung. > Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing. > Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau. Parikan (3 wanda + 5 wanda) > Bayeme, wis kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing. > Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis. > Sirahe, dianguk – anguk. senenge, yen wis kepethuk. Parikan (4 wanda + 8 wanda) > Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit. > Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur. > Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakena gotong royong. > Tawon madu, ngisep sari kembang jambu. Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu. Parikan (8 wanda + 8 wanda) > Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut sinau. > Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa. > kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati. mugi saged bermanfaat............

Tidak ada komentar:

Posting Komentar