Sabtu, 13 Desember 2014

kawruh budaya Jawa

KAWRUH BUDAYA KAWRUH WAYANG Miturut bahan utawa mediane, wayang bisa diperang dadi papat, yaiku: (1) Wayang Kulit, iku dumadi saka kulit kebo utawa kulit sapi. Wujude umum kaya sing dipersani kae. Ana wewujudane kaya perangane ragane manungsa lan tangane bisa diobah-obahke. Senine wayang ana ing tangan, yaiku nalika dilakokake utawa dijogedake dalang lan nalika lagi diperangake. Wujudw wayang kulit kuwi tipis rata, ditatah, lan disunggih kanthi endah warna-warni nganti kaya-kaya urip. Apa maneh yen sing mirsani wayang saka ing buri kelir utawa nonton wayangane(baying-bayang) mesthi luwih urip. (2) Wayang Golek, wayang mau digawe saka kayu sing diemba wewujudane manungsa. Wayang golek umume ana ing tlatah Sunda lan sakiwa tengene. Ing Jawa wayang golek biyen kanggo nyaritakake Lakon Panji ing Majapahit. (3) Wayang Beber, wayang sing wujude among gambar (lukisan) sing disungging ing bakal(kain) putih dawa, kulit, utawa kertas. Perangan-perangane carita banjur digambar ing media mau. Banjur ki Dalang nyaritakake isine adegan sing ana ing lembaran kain mau kanthi gambling. Saben ganti adegan, kain mau bisa digulung banjur diganti gambar liya. Wayang beber ing jaman saiki wis ora ana, ananging koleksine isih akeh ditemokake ing museum, kraton, utawa pengrajin. (4) Wayang Wong, wayang sing diparagani dening wong sing dagarap jogged kang luwes lan swara kang becik. Lakone umume ya carita Ramayana lan Mahabharata. Wayang wong nganti saiki isih dilestarikake, kayata ing Surakarta, Semarang, Jakarta, Jogjakarta, lan liya-liyane. Sawetara kuwi adhedasar caritane wayang bisa diperang dadi 14 jinis. Yaiku: (1) Wayang Purwa, yaiku wayang sing ngangkat carita Ramayana lan Mahabarata. (2) Wayang Gedhog, yaiku wayang sing njupuk lakon epos Panji. Kayata Panji Asmorobangun, lan sapanunggalane. (3) Wayang Klithik utawa wayang krucil, wayang sing mbeberake Carita Panji utawa Damarwulan. (4) Wayang Dupara, wayang sing nyaritakake sejarah kasunanan Surakarta. (5) Wayang Kuluk, wayang sing nyaritakake sejarah Kasultanan Ngayogyakarta. (6) Wayang Jawi, wayang sing nyeritakake kisahe Pangeran Diponegoro. (7) Wayang Wahana, wayang sing nyaritakake lakon saka babad. (8) Wayang Suluh, wayang sing nggambarake sejarah kontemporer bangsa Indonesia,utamane gregete bangsa Indonesia anggone ngrebut kamardikan saka tangane penjajah Landa apadene Jepang. (9) Wayang Kancil, wayang sing nyaritakaketokoh-tokoh kewan kanggo pendidikan anak. (10) Wayang Wahyu, wayang sing nyaritakake kisah-kisah sajrone kitab injil. Nalika kita njingglengi ing pagelaran wayang kulit, saora-orane ana maneka warna unsur seni sing bisa dinikmati. Kayata unsur seni ukir/pahat/seni relief/seni sungging, seni tari, seni sastra, seni karawitan, lan seni pentas. Dene saka aspek isi carita ing pagelaran wayang saora-orane uga nyakup babagan 1. Piwulang religi. 2. Piwulang filosofi. 3. Piwulang etika. 4. Piwulang estetika. 5. Piwulang psikologi. 6. Piwulang pedagogi. 7. Piwulang simbolik.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar