Selasa, 09 Desember 2014

pendidikan

Setyaning Murid Marang Guru Tekade Bratasena anggone kepingin antuk ngelmu sangkan paraning Dumadi utawa ngelmu kasampurnan wis ora bisa dipambengi. sanadyan kadang Pandhawa wis atur pamrayoga, kaya-kaya niat mau wis kaya tugu waja. alesane Bratasena prasaja wae, mumpung isih enom isih kuwat dhadha baune, kenceng otote, amba jangkahe, lan gedhe tekade, jeneng golek ngelmu kuwi aja nganti wigah-wigih. Kabeh mau kaangkah bisa kanggo sangu besuk tumapak dhewasa lan percaya nyekel panguwasa praja utawa mimpin kawulane dimen dadi becik sakabehane. Mula kanthi dhedhemitan lakune Bratasena marang Pertapan Sokalima kepingin enggal ngadhep marang gurune, Begawan Durna. Durna kuwi mujudake gurune Pandhaawa lan Kurawa. Dheweke dadi pujangga ing negara Ngastina. Nadyan tata gelar dadi pujangga ing Ngastina, ngembani Prabu Duryudana, nanging batine Bengawan Durna luwih keplok karo Pandhawa. "Anakku Bratasena bocah bagus, sakwuse asat punang riwe lan longgar anbeganmu daya-daya pun bapa mundhut katrangan ana wigati apa ta Ngger, tekamu kok sajak gita-gita?" tambuhe Bengawan Durna marang Raden Wijasena. " Bapa Guru, aja dadi kagetmu! tekaku ana kene selak kepingin diwedharake mungguh tegese Ngelmu Sangkan Paraning Dumadi?" wangsulane Bratasena marang gurune kanthi tuwajuh. Resi Kumbaayana ora age-age aweh wangsulan mungguh pamintane putra siswa. Tembunge amung cekak aos. "Ngger Bratasena! Ora angel supaya kowe antuk piwulang Ngelmu kasampurnan, waton bisa ngaturake bebanane wujud Kayu Gung Susuhing Angin sing mapan ing gunung Reksamuka!" prentahe Resi DURNA. Tanpa diuyak-uyak maneh, kaya keplasing warastra saka kendhange, Bratasena tumuli bablas ing Gunung Raksamuka goleki pamundhute bapa guru, sing diarani Kayu Gung Susuhinh Angin. Ananging kaya ngapa cingake Bima, bareng wis sedina muput ngobrak-abrik isine alas ing Gunung Raksamuka kok durung nemokake kang den upadi. :Endi sejatine sing diarani Kayu Gung Susuhing Angin," ujare Bimasena katon nglokro kaya-kaya wus ora duwe daya maneh. Sajroning liyep-liyep ing asamun, amarga tenagane wis kendho kadadak ana swara gumleger, ana raksasa loro sak gunung-anakan nrabas sang Bratasena. " Pawongan ayo manuta, tak badhok dadi mangsaku," sumbare raksasa kembar, Ditya Rukmuka lan Rukmakala marang Bratasena kang kamitenggengen. Perang tandhing gegempuran antarane Bratasena lan buta sakloron akhire datan bisa kapenggak. Buta bisa diadu kumba, sirah pecah-sirna marga layu temahan badhar sejatine Bhatara Indra lan Bathara Bayu kang sesinglon Raksamuka. " Kulup, titah ulun Bratasena aja kaget sejatine ulun kang sesinglon memba raksasa mau. Ing kene sejatine ora ana kang sira upadi Kayu Gung Susushing Angin. Sanadyan tata gelar kowe wurung ananging sejatine dadi, nadyan ora antuk gawe nanging sejatine kasil," pangandikane Dewa Indra "Karepe kepriye pukulan Bathara Indra," sambunge Bima. "Yaiku murid kang sejatine tulus, setya lan legawa marang dhawuhe bapa guru kanggo sarana panjangkahe gegayuhan becik." sabdane Dewa. Bratasena kelakon bali maneh menyang Pertapan Sokalima ngadhep marang Begawan Durna. "Bratasena kowe pancen bocah lantip, bisa uwal saka bebaya ing Reksamuka. Saiki sing pungkasan upadinen Banyu Perwita Suci sing mapan ing telenging Samudra kidul," prentahe maneh Durna marang Bratasena. Dhasar satriya kang tan mengkuh ing dharma, Bratasena tetep budhal golekki pamundhute guru. Tekade sing ora saklumrahe arep njegur segara sing jembare ora karuwan. Luding crita. Bratasena sakwuse njegur segara ora mati ananging malah ketemu klawan guru sejati, sang Ruci Dewa. Wiwitane Bratasena ketemuulo gedhe sing arane Manemburnawa, nggubet awake Bratasena lan arep mangan dheweke. nanging ulo bisa diperjaya temahan badhar sejatine sang Dewa Ruci ya Ruci Dewa. Awit saka tekade kang jejeg mau Bratasena antuk wejangan mungguh sejatine ngelmu kasampurnan urip (Sangkan Paraning Dumadi) saka Dewa Ruci ing dhasaring samodra mau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar