Rabu, 10 Desember 2014

kabudayan jawi

Tata Busana Jawa Tata Busana iku munangka salah sawijining pang-ing budaya Jawa, yaiku woh pangolahing budi, cipta, rasa, karsa, lan manunggaling pakarti lair lan batin kang mawujud dadi karya kang endah. Tumrap ing kabudayan Jawa, wong nyandhang menganggo kuwi ora angger utawa waton wae. Kabeh kudu ditata kanthi becik lanpas supaya bisa nuduhake marang kapribadhen kang cedhak marang piwulang tata krama agesang. Ana unen-unen kang becik, ajining dhiri kuwi ana ing kedhaling lathi, ajining sarira kuwi gumantung ana ing busana. Mula saka iku wong nyandhang menganggo kudu laras luwih dhisik supaya bisane pantes lair lan batine, kajumbuhake klawan kahanan awak lan acarane (situasine). Sawetara sing diarani panganggo Jawa jangkep, yaiku cara nyandhang manganggo kang dijumbuhakeklawan acara resmi ing bebrayan Jawa. Kayata adicara pahargyan penganten, syukuran duwe gawe, jumenengan utawa kirab budaya ing keraton Surakarta, lan adicara resmi liyane. Lumrahe panganggon Jawa jangkep kuwi ana 8 werna sing kudu dikompliti, yaiku: 1. Udheng (blangkon) 2. Klambi Krowok (beskap) 3. sabuk 4. Epek, timang, lan lerep 5. Sinjang, jarik utawa jarit. 6. Dhuwung, wangkingan, lan keris. 7. Stagen utawa paningset. 8. Canela utawa selop.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar