Jumat, 19 Desember 2014
soal kagem kelas 2 SD SEMESTER GASAL
Wacanen sing teliti !
Ingon – ingon
Wong – wong padha seneng ingon – ingon
Padha ngingu rojo kaya. Yaiku : kebo, sapi, jaran lan wedhus. Ana sing ngingu unggas lan iber – iber. Kayata : pitik, bebek, menthok lan manuk.
Raja kaya kanggo ngrewangi wong tani, mbantu garap sawah lan usung – usung.
Pitik, bebek di purik asile yaiku endhog, lan daginge, yen manuk merga unine.
Manuk padha ngoceh lan manggung, agawe senege ati.
Ati bisa maren lan tentrem.
I. Wenehana tanda ping ( x ) ing aksara a, b, lan c sing kok anggap bener !
1. Pak tani seneng ingon – ingon ..................................
a. rojo kaya
b. rojo pati
c. rojo nongko
2. Jenis manuk di ingu merga ...................................
a. wulune
b. unine
c. endhoge
3. Ati bisa marem lan .....................................
a. tentrem
b. ayem
c. seneng
4. ................................ sing maringi dhuwit ?
a. apa
b. sapa
c. piro
5. Manuk padha .......................................
a. meneng
b. ngoceh lan manggung
c. muni
6. Awake ....................... panas.
a. ngreges
b. teles
c. adhem
7. ............................ kabare simbah ?
a. kepriye
b. apa
c. sapa
8. kantor – menyang – tindak – Bapak.
a. menyang kantor Bapak tindak.
b. Bapak tindak menyang kantor.
c. tindak kantor Bapak menyang.
9. Dalan ing peggunungan munggah ...........................
a. jurang
b. mudhun
c. rata
10. Ibu menyang pasar. Yen dikramakake .......................................
a. Ibu dateng peken.
b. Ibu tindhak pasar.
c. Ibu tindhak peken.
11. Jamu rasane ........................................
a. manis
b. pahit
c. legi
12. Bapak lagi adus, adus kramane ......................................
a. siram
b. adus
c. wungu
13. Eyang rawuh ............................... oleh – oleh
a. nggawa
b. ngasta
c. nyangking
14. Anak sapi arane .................................
a. cempe
b. gudel
c. pedhet
15. Putrane Bu lik sing mbarep jenenge Anton. Mbarep iku nomer ..............................
a. telu
b. loro
c. siji
16. Sing di ............................ kupinge
a. cethot
b. jiwit
c. jewer
17. Ibu marut ...........................
a. kacang
b. pohong
c. klapa
18. Ibu ngumbah klambi.
Klambine ............................. Ibu
a. diumbahi
b. umbah – umbah
c. diumbah
19. Anton ............................ tahun 2009
a. lair
b. manak
c. netes
20. Sawise pasa kudu mbayar ................................
a. utang
b. bunga
c. zakat
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar