Minggu, 11 Januari 2015

Undha-Usuk Basa Jawa

UNDHA – USUK BASA JAWA

1. Undha – Usuk Basa Ingkang Baku
 
Ingkang dipunwastani undha – usuk basa baku, punika basa ngoko saha krama ingkang
ngetrepi wawaton utawi paugeranning undha – usuk basa. Tuladhanipun undha – usuk
basa ingkang dipunwulangaken ing pawiyatan, ingkang dipunanggé ing kaperluan utawi
kawigatosan resmi, ingkang dipunanggé ing buku – buku seserepan, buku – buku basa lan
sastra Jawa, lsp.


2. Undha – Usuk Basa Ingkang Kirang Baku

 
Amargi paugeran undha – usuk basa punika satuhu namung awujud pandom utawi
ancer – ancer, kados langkung prayogi yèn boten dipunwastani undha – usuk basa ingkang
boten baku, nanging ingkang kirang baku. Amargi cak – cakanipun ing unggah – ungguh
basa mila remit, temtunipun ugi boten gampil badhé mbédakaken pundi ingkang baku saha
pundi ingkang boten baku. Kados langkung sekéca menawi nitik / nitèni kémawon
sapinten kekiranganipun saking paugeran, kathah punapa sakedhik.
Wondéné kekirangan wau dumados saking daya pangaribawanipun basa – basa
ingkang boten baku, inggih punika tilaran saking basa Jawa ing jaman kajawèn arupi basa
madya lan basa krama désa, basa enggèn – enggènan, basa Indonesia saha basa manca.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar