ISBAT
Isbat inggih menika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun lan mawa surasa tartamtu. Isbat awujud racikaning
tembung ingkang ndhapuk ukara, ngandhut teges entar lan ngandhut ‘pasemon’.
Tembung ‘isbat’ tegesipun ‘katetepan’. Isbat
saemper paribasan, tegesipun lumereg marang filsafat
lan pasemon. Lumrahipun dipun agem istilah, konsep, utawa kredha wonten ing ngelmu tasawuf, makripat, filsafat kejawen, utawi idheologi ‘sangkan paran’. Tuladha:
1.
Golek
banyu apepikulan warih
2.
Golek geni adedamar.
3.
Kodhok ngemuli lenge.
4.
Nggoleki galihing kangkung.
5.
Nggoleki isining bumbung wungwang.
6.
Nggoleki susuhing angina.
7.
Nggoleki tapaking kuntul nglayang.
8.
Nggoleki wekasaning langit.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar