Tradisi Sepasaran
Bayi di desa Sumurgede
Kec. Godong, kab.
Grobogan
Tradisi
sepasaran bayi wonten ing desa Sumurgede, kecamatan Godong, kabupaten Grobogan
menika nggadhahi ciri khas ingkang benten kaliyan daerah sanesipun. Acara
menika dipun lampahaken dening keluarga ingkang nembe mawon gadhah putra,
ateges acara menika namung dipun lampahaken kaliyan putra ingkang mbajeng
mawon. Menawi adhik-adhikipun boten wajib dipun lampahaken. Acara menika dipun
tindakaken nalika bayi umur sepasar utawi gangsal dinten (5). Pramila, acara
kasebut dipun paring nama sepasaran, amargi dipun tindakaken nalika bayi umur
sepasar. Acara menika dipun tindakaken wonten ing dalemipun tiyang sepuhipun
bayi.
Acara
menika dipun tindakaken kanthi sederhana. Namung selametan sarta ngundang sanak
sadulur kemawon. Acara dipun tindakaken wanci dalu, padatanipun sabibaring
sholat isya’. Acara menika kendurinan.
Sabibaring kendurinan dipun lajengaken acara rasulan utawi ngethok rambutipun
bayi. Bayi mau dipun gendhong dening ramanipun, lajeng simbahipun (bapak saking
ibu bayi) mayungi bayi sarta bapakipun. Bayi kasebut dipun ubengaken sarta
rambutipun bayi wau dipun kethok mawi gunting. Dipun sarengaken kaliyan maos
shalawat nabi. Menika nggadhahi pasemon bilih bayi kasebut sageda dados
putra-putri ingkang soleh/solekhah, ngabekti kaliyan tiyang sepuhipun sarta
saged migunani kagem nusa, bangsa, lan agama.
Ingkang
kapisanan ngethok menika kyai utawi sesepuh kampung, lajeng dipun lajengaken
kaliyan tiyang sanesipun. Rambutipun bayi wau lajeng dipun pendhem dados
satunggal kaliyan ari-arinipun. Sabibaring acara rasulan wau, para tamu saged
kondur utawi dherek mirsani acara salajengipun. Inggih menika acara beksan
“Angguk Karya Muda”. Tarian menika dipun tindakaken nalika sabibaring acara
kenduri sarta acara rasulan.
Tari
angguk menika dipun paragakaken dening para pemuda, watawis kelas SMP utawi
SMA. Pramila, tari menika dipun sebut angguk karya muda, ingkang gadhahi teges
bilih tari menika jiwanipun para pemuda. Tari menika ngagem busana jangkep,
topi, rompi, celana hotpen, sarta kipas ingkang dados alatipun. Ingkang nari menika tiyang 12 ngantos 18
paraga. Tari menika nitikkaken gerakan tangan kaliyan kipas, sarta
lenggak-lenggok badanipun ingkang seiring kaliyan astanipun. Tari menika dipun
lampahaken nalika acara sepasaran bayi, khitanan, sarta acara penyambutan tamu
ingkang wigati, kados ta wali kota, camat, bupati, lan sanes-sanesipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar