Jumat, 02 Januari 2015

Afiksasi Bahasa Jawa

MORFOLOGI DASAR BAHASA JAWA (AFIKSASI) I Pangertosan Afiksasi Wonten system morfologi basa Jawi, dhapuring tembung, tembung – tembung saged kaperang dados kalih kelompok inggih menika : tembung lingga (kata dasar) lan tembung ingkang sampun owah saking lingganipun. Tembung lingga inggih punika sekabehanipun tembung ingkang dereng owah saking asalipun, kayata: jaranan lingga – ipun jaran; kepaten lingga – ipun pati. Kamangka tembung kang sampun owah saking lingganipun (kata yang telah mengalami perubahan dari dasarnya) kaperang dados tiga: tembung andhahan (kata jadian) umpaminipun tembung lingga tekuk saged diubah dados ditekuk, panekuk, tinekuk, tekukan, lsp., tembung ingkang dipun rangkep (kata ulang) lan tembung camboran utawi wancahan (kata majemuk) (Purwadi, 2005: 71). Afiksasi inggih punika proses penambahan afiks wonten salah satunggalipun dasar utawi bentuk dasar, kamangka afiks tegesipun bentuk / wujud ingkang mujudake morfem terikat ingkang ditambahaken kaliyan bentuk dasar wonten proses pembentukan tembung (Abdul Chaer, 2003) Saking posisi melekatipun wonten bentuk dasar utawi tembung lingga dados andhahan, afiksasi kaperang dados: (a) diparingi ater – ater (awalan / prefiks); (b) Panambang (akhiran / sufiks); (c) seselan (sisipan / infiks); (d) ater – ater lan panambang (awalan dan akhiran / konfiks). II. Jenisipun Afiks A. Ater – Ater (awalan / Prefiks) Tembung ater – ater inggih punika tembung ingkang angsal imbuhan wonten ngajeng. Macam ater – ater kayata: 1. Ater – ater hanuswara utawi swara irung (suara sengau / nasal) n-, ny-, m-, ng-. Tembung – tembung ingkang diparingi ater – ater hanuswara disebut tembung tanduk (kata kerja aktif). Tuladha: n + damu = ndamu, m + buwang = mbuwang, ny + sapu = nyapu, ng + goreng = nggoreng. Tembung tandhuk kaperang dados tiga macam: a. Tandhuk kriya wantah utawi tandhuk tanpa panambang Tuladha: ng + gawa = nggawa, m + bali = mbali, ny + cangking = nyangking. Arti tembung tandhuk kriya wantah inggih menika: · Nandukake utawi nindakake kaliyan alat kados ingkang disebutake ing linganing tembung (bentuk dasar). Kayata: masah – nyambut damel ngagem pasha, medhang – ngginakaken pedhang kagem melukai, nggraji – kerja kaliyan graji. · Nganggep kados lingga ingkang disebutaken, kayata: mbapa – nganggep utawi nyebat bapa, ngadhi – nganggep adhik, mbibi – nganggep bibi, lsp. · Dados utawi nindakake pagawean tiyang ingkang disebutaken wonten lingganing tembung, kayata; mbabu – dados babu utawi nglakokake pagawean babu, nyantri – dados santri. · Nuju panggenan ingkang disebutaken ing lingganing tembung (bentuk dasarnya), kayata: ngiwa – menyang enggon kiwa (ke kiri), nisih – menyang enggon sisih (tumuju ing papan ingkang luwih aman), lsp.. · Ndamel barang kados ingkang disebutaken ing lingganing tembung, kayata: ngrujak – ndamel rujak, nyate – ndamel sate, ngrempah – ndamel rempah. · Maringi barang ingkang disebutaken ing lingganing tembung, kayata: nyumbang – maringi sumbangan, ngganjar – maringi ganjaran, lsp.. · Berpura – pura kados ingkang disebutaken ing lingganing tembung, kayata: mbisu – pura – pura bisu, ngatut – pura – pura nderek sarta, mbodho – pura – pura bodho. · Ndamel keadaan kados ingkang disebutaken lingganing wonten lingganing tembung, kayata: ngabang – ndamel abang, ngrusak – ndamel rusak, mbubrah – ndamel bubrah. · Tegesipun tiap – tiap, kados ingkang disebautaken ing lingganing tembung, kayata; niji (saben tiyang nampi setunggal), ngloro (saben tiyang nampi kalih), nyatus (saben tiyang nampi satus). · Nggadhahi swara kados ingkang disebutaken ing lingganing tembung, kayata: ngenyong, ngadhuh, mbengingeh. · Bentuk utawi keadaanipun kados ingkang disebutaken wonten lingganing tembung, kayata: ngetumbar – bentukipun kados tumbar, ngemangi – kados kemangi. b. Tandhuk – i – kriya utawi tandhuk kaliyan panambang – i Tuladha: m + batik + i = mbatiki, n + tulis + i = nulisi, ny + serat + i = nyerati. Arti tembung tandhuk – i – kriya, kayata: · Dados kados ingkang kasebut wonten lingganing tembung, kayata: ngepalani – dados kepala, nuwani – dados tuwa. · Ngagemake utawi mpapanake barang ingkang kasebut ing lingganing tembung, kayata: nglambeni – ngagemake klambi, mbumboni – maringi bumbu, medhaki – maringi wedhak. · Keadaanipun / tingkahipun kayata kasebut ing lingganing tembung. Kayata: mbodhoni – tingkahipun kados tiyang bodho, ndesani – tingkahipun kados tiyang ndesa. · Maringi punapa ingkang disebutaken ing lingganing tembung, kayata: makani – maringi pakan, ngombeni – maringi unjukan. · Nyebabaken keadaan kados ingkang kasebut ing lingganing tembung, kayata: nglarani – nyebabaken lara, medeni – ndamel adjreh. · Nambahi keadaan ingkang kasebut ing lingganing tembung, kayata: ndawani – nambah dawa, nipisi – nambah dados tipis. · Ndamel selametan, kayata: mitungdinani – selametan sesampunipun pitungdina, nyepasari – selapatan sepasaran. · Nyektosaken keadaan, kayata: mbrindhili – milai rontok, nggogrogi – milai gogrog. c. Tandhuk – ke – kriya utawi tandhuk kaliyan panambang – ake Tuladha: n + tuku + ake = nukokake, n + tawa + ake = nawakake. Arti tembung – ke – kriya, inggih menika: · Ngarahaken punapa ingkang kasebut wonten lingganing tembung ing lesanipun, kayata: nyublesake, manahake, nyudukake. · Nyambut damel utawi nglakokake pagawean kagem tiyang sanes, kayata: nulisake – nyerat kagem tiyang sanes, macakake – maos mboten kagem piyambakipun, nyilihake – ngampilaken kagem tiyang sanes. · Ngasta kalih nglakokake pagawean kados ingkang kasebut ing lingganing tembung, kayata: mlayokake – ngasta barang kaliyan mlayu, ngundurake – ngasta barang kalih ngundurke. · Ndamel keadaan kados ingkang kasebut ing lingganing tembung / ndadosaken, kayata: mbecikake – ndamel dados becik (apik), nggumunake – ndamel dados gumun. · Ngutus nglakokake pagawean ingkang kasebut ing lingganing tembung, kayata: nyetlikakake – ngutus nyetrika, mbabarake – ngutus babarake. · Nganggep kados keadaan ingkang kasebut ing lingganing tembung, kayata: ngilangake – nganggep ical, nunggakake – nganggep nunggak. 2. Ater – ater Tripurusa dak-, ko-, di-. Tembung – tembung ingkang diparingi ater – ater tipurusa disebut tembung tanggap (kata pasif). Ater – ater dak- kramanipun kula (tanggap utama purusa), kok- (ko-) kramanipun panjenengan (tanggap madyama purusa), di- kramanipun dipun (tanggap pratama purusa). Ater – ater tripurusa miturut panambangipun kaperang dados tiga: a. Tanggap kriya wantah utawi tanggap tanpa panambang. Tuladha: dak- + balang = dakbalang ; ko- + tulis = kotulis ; di- + pangan = dipangan. b. Tanggap – i – kriya Tuladha: dak- + balang + i = dakbalangi ; ko- + tulis + i = kotulisi ; di- + pangan + i = dipangani. c. Tanggap – ke – kriya Tuladha: dak- + balang + -ke = dakbalangake ; ko- + tulis + -ke = koktulisake ; di- + pangan + -ke = dipanganake. 3. Ater – ater ka-, ke-, sa-, pa-, pi-, pra-, tar-, ma-, pan-, pam-, pang-, ka- : ka + gawa = kagawa pra- : pra + jurit = prajurit ka + sapu = kasapu pra + kara = prakara ke- : ke + sapu = kesapu tar- : tar + tamtu = tartamtu ke + jupuk = kejupuk tar + waca = tarwaca sa- : sa + iji = siji ma- : ma + papan = mapan sa + olah = solah ma + pangku = pangku pa- : pa + omah = pomah pan- : pan + tiyung = pantiyung pa + muda = pamuda pan + colot = pancolot pi- : pi + wulang = piwulang pam- : pam + budi = pambudi pi + tutur = pitutur pang- : pang + galih = panggalih pi + takon = pitakon 4. Ater – ater Rimbag bawa kuma-, kami- kapi-, ha- (a-) Tembung – tembung lingga (kata dasar) ingkang pamanggih ater – ater kuma- , kami-, kapi- rimbagipun disebut bawa – kuma, bawa – kami, bawa – kapi lan umumipun nerangake sifatipun tiyang. Arti rimbag bawa, kayata: a. banget (sanget), kayata: kamigilan (bangeting gilane / sanget ngeri / sanget jijik), kamituwa (pacake kaya wis tuwa banget), kapilare (sifatipun kaya bocah banget ), kapiadreng (adreng banget / sangat dingin) b. berlagak seolah – olah utawi kraos piyambakipun kados ingkang kasebut ing lingganing tembung (bentuk dasaripun), kayata: kumaratu (anggepe kaya ratu – ratua), kumalanang (anggepe kaya bocah lanang dhewe) Bawa ha (a) inggih menika tembung – tembung ingkang angsal ater – ater a-, tuladhanipun: a- + pangawak = apangawak. Arti tembung bawa ha (a), kayata: c. dados tembung kriya (kata kerja) amarga nglakokaken pagawean. Kayata: a- + bebed = abebed – nggadahi bebed, arep nganggo bebed. d. Ngadhahi arti tur dados nambah kaanan (keadaan – sifat) kados ingkang kasebut ing lingganing tembung, kayata; gedhe adhuwur = gedhe turdhuwur, gandhes aluwes = gandhes tur luwes. e. Saweg wonten keadaan kados ingkang kasebut ing lingganing tembung, kayata: tandure wis akembang, asemi, awoh. f. Artine nduweni, kayata: ora sanak ora akadang, yen mati melu kelangan. g. Nduweni arti sareng, kayata: bocah – bocah padha bungah atampa dhuwit. B. Seselan (sisipan / infiks) Seselan yaiku sisipan tengah – tengah tembung, sisipan punika kayata: - um -, - in -, - el -, - er -. Tuladha: sebar + -um- = sumebar ; sewer + -el- = sliwer ; kelip + -er- = krelip. 1. Rimbag bawa ma (seselan –um-) Bentuk bawa ma inggih menika asalipun saking tembung lingga angsal seselan –um-. Papanipun ing wingking huruf awal tembung, kayata: kenthus dados k – um – enthuse = kumenthus, kaki dados k – um – aki = kumaki (Purwadi, 2005: 77) Tembung lingga (kata dasar) menawi angsal seselam um, kadang – kadang bentukipun berubah, utaminipun huruf awal suku kata pertama, kayata: a. tembung lingga ingkang huruf awal p nalika angsal seselam um, huruf p kasebat luluh utawi digantisi kaliyan huruf k, umpaminipun : putung + -um- = mutung ; pati + -um- = mati ; panggang + -um- = kumanggang ; pinter + -um- = kuminter, lsp.. b. ingkang awalan huruf b digantos dados g, umpaminipun: bobor + -um- = gumobor ; bagus + -um- = gumagus ; banter + -um- = gumanter. c. ingkang awalan huruf w digantos dados k, umpaminipun: wasis + -um- = kumasis ; waras + -um- = kumaras d. ingkang awalan huruf ha menawi angsal seselan um, huruf wiwitaning lingga (awal kata dasar) luluh, umpaminipun: ulung + -um- = umulung = mulung ; ulur + -um- = umulur = mulur ; udhun + -um- = umudhun = mudhun. Arti tembung bawa ma, antawisipun: § nggadhahi kaanan / sifat kados kasebut ing lingganing tembung (bentuk dasarnya), kayata: kuminter – anggepe kaya pinter – pintera , sumugih – anggepe kaya sugih – sugiha. § Nggadhahi arti lagi nedheng – nedhenake, akyata: kumeruk – lagi kena dikeruk, kumanggang – lagi nedheng – nedhenge dipanggang. § Menawi lingganipun nggadhahi arti nirokake swara, uninipun kados kasebut ing lingganing tembung, kayata: jegur dados jumegur, dengkling dados cumengkling. § Nyektosaken kahanan, maju , minggah, mudhun, mundur, kayata; tumurun, tumangkar, tumular, lsp.. 2. Rimbag tanggap na (seselan –in-) Tembung lingga ingkang angsal seselan (na) ingkang disebut tanggap na. Tembung tanggap na: “linangkung” asalipun saking tembung langkung angsal seselan na utawi (in). miturut Purwadi (2005:127) tanggap na, kaperang dados tiga: a. tanggap na wantah tuladha: jupuk + -in- = jinupuk ; balang + -in- = binalang b. tanggap na – i tuladha: resiki + -in- = rinesikan ; waca + -in- = wicanan (panambang - i dados an) c. tanggap na – ke tuladha: suwe + -in- + ke = sinuweake ; dadi + -in- + ke = dinadekake 3. tembung lingga ingkang angsal seselan –er-, -el- seselan ing salahsawijining tembung dipapanake sesampunipun hurug pertama, umpaminipun: k (er) – elip = krelip, g (er) – andhul = grandhul, b (el) – eber = bleber. Tembung ingkang ngandhung huruf r, seselanipun sanes –er- nanging –el-. Tuladha: beber + el dados b + (el)eber = bleber ; gereng + el dados g + (el)ereng = glereng. Kamangka, tembung ingkang nggadhahi awalan aksara swara vocal, menawi angsal seselan er lan el, awalipun disertai huruf k. tuladha: abanger + -er- = krabang ; ogel + -er- = krugel ; ewer + -el- = klewer Tembung ingkang angsal seselan er lan el kajaba tembung kaanan (keadaan / sifat). Tembung kasebut nggadhahi arti kathah. Amargi punika sering disertai kalih tembung ‘pating’ ing ngajengipun. Kayata: woh – wohan iku pating grandhul. C. Panambang (akhiran / sufiks) Tembung panambang inggih menika tembung ingkang angsal imbuhan ing akhir , imbuhan menika kayata: 1. panambang –en Pambentukan tembung lingga + en kasebut rimbag guna. Tembung guna kalebu wonten tembung kaanan (kata sifat / keadaan). Arti tembung guna: a. kena utawi gerah kados ingkang kasebut ing lingganing tembung. Kayata: wudhunen, cacaren, patheken, laranen b. medhalaken utawi munculaken bentuk kados kasebut ing lingganing tembung. Kayata: banyunen – ngetokake banyu. 2. panambang –an Pembentukan tembung lingga + an kasebut wisesa – na lingga. Arti tembung wisesa kayata: a. menyerupai bentuk, kados ingkang kasebut ing lingganing tembung, kayata: jaran + -an = jaranan (menyerupai bentuk jaran), gunung + -an = gunungan (menyerupai bentuk gunung) b. alat, saumpaminipun: kukus + -an = kukusan , saring + -an = saringan. c. Ingkang di…, kayata: bathik + -an = bathikan (ingkang dibathik), gawe + -an = gawean (ingkang digawe) d. musim, wekdal, kayata: rembang + -an = rembangan e. mampil kaleksanan kados ingkang kasebut ing lingganing tembung. Kayata: putung + -an = putungan (gampil tugel), menang + -an = menangan (gampil menang) f. sesarengan nglakokake, pakaryan, kayata: gojeg + -an = gojegan ; guyon + -an = guyonan ; salam + -an = salaman. g. dedolanan, kayata: bekel + -an = bekelan ; dakkon + -an = dakkonan h. ngagem, kayata: sabuk + -an = sabukan ; kacamata + -an = kacamatanan i. nanggap (nyewa pertunjukan), kayata: wayang + -an = wayangan ; topeng + -an = topengan. 3. panambang –a, -na, -ana Tembung lingga + a/na/ana kasebut rimbag pakon, tuladha: gambar + -a = gambara ; gambar + -na = gambarna ; gambar + -ana = gambarana. 4. panambang –i tuladha: turut + -i = turuti ; gadhah + -i = gadhahi 5. panambang –ake tuladha: jupuk + -ake = jupukake ; lungguh + -ake = lungguhake 6. panambang –ku, -mu, -e Panambang –ku, -mu, -e, saged dipunartiake dados tembung sesulih (kata ganti), kayata: bapak + -ku = bapakku ; bapak + -mu = bapakmu ; bapak + -e = bapake 7. panambang –ke tuladha: kethok + -ke = kethokke ; jaluk + -ke = jalukke 8. panambang –ane tuladha: jaluk + -ane: jalukane ; seneng + -ane = senengane 9. panambang –wan, -man, -wati Panambang –wan, -man, -wati punika kasunyatan nggadhahi arti kaanan (sifat, asalipun saking basa sanksekerta. Kathah tembung punika dados sebutan asmanipun tiyang. Kayata: gunawan, wirawan, wiryawan, setyawati, banowati, hardiman, sutoman, lsp.. D. Ater – Ater lan panambang (konfiks) Tembung lingga kang angsal ater – ater lan panambang, inggih menika: 1. ke + lingga + en (maknaipun kliwat) Bentuk (ke + lingga + en) inggih menika tembung adiguna, tembung lingga ingkang angsal ater – ater ke- lan panambang –en, kayata: Ke + abang + en = keabangen ; ke + lemu + en = kelemon Sanesipun punika, adiguna saged dibentuk saking tembung bawa – ma saengga bentukipun inggih menika (ke + bawa – ma + en), kayata: ke + mudhun + en = kemudhunen ke + mulur +en = kemuluren Wonten ugi ingkang dibentuk saking tembung tandhuk, kayata: Ke + mucuk + en = kemucuken Ke + minggir + en = keminggiren 2. ka + lingga + an bentuk (ka + lingga + an) kalebu rimbag bawa wacaka, inggih menika tembung lingga ingkang angsal ater – ater ka- lan panambang –an, kayata: ka + sugih + an = kasugihan ka + luhur + an = kaluhuran arti tembung bawa wacaka inggih menika: a. papan utawi wilayah. Kayata: kalurahan b. kangge mbentuk tembung aran (kata benda), kayata: kasugihan, kadigdayaan, kasenengan, kawigyan. 3. pa + lingga + an bentuk (pa + lingga +an) kalebu rimbag daya wacaka, inggih menika tembung lingga ingkang angsal ater – ater pa- lan panambang –an, tuladha: pa + tegal +an = pategalan pa + guru + an = paguron arti tembung daya wacaka: a. papan benda / barang kados ingkang kasebut ig lingganing tembung. Kayata: pasuketan – papan suket, pawinihan – papan benih b. wekdal, kayata: pasihan – wekdalipun kagem berkasih – kasih, padusan – wekdalipun tiyang siram c. lesan tembung (ingkang dikenani) kados kaseut ing lingganing tembng, kayata: paresan – tiyang ingkang dires, pauntiran (puntiran) – barang ingkang dipuntir. 4. pa + tandhuk + an bentuk (pa + tandhuk + an) kasebut rimbag karana wacaka. Rimbag punika bentukipun saking tembung tandhuk diraketaken ing ater – ater pa- lan panambang –an, kayata: pa + nulis + an = panulisan pa + nggilingan + an = panggilingan pa + ngadil + an = pangadilan arti tembung karana wacaka, inggih menika: a. papan, kayata: pangadilan, panggilingan b. alat utawa sarana, kayata: panggorengan, panulisan, panguripan. Sumber: Badarudin, dkk.. 1997. Pinter Basa: Piwulang Basa Jawi SLTP Kelas 3. Semarang Chaer, Abdul. 2003. Linguistik Umum. Jakarta: Rineka Cipta Purwadi, dkk.. 2005. Tata Bahasa Jawa. Yogyakarta: Media Abadi Wedhawati,dkk.. 2006. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Yogyakarta: Kanisius (Anggota IKAPI)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar