Kamis, 01 Januari 2015

asal usuling larangan krama ngalor-ngetan

Wewaler Nikah Ngalor-Ngetan Wonten salah satunggaling daerah wonten kabupaten Grobogan., tepatipun wonten desa Sumurgede, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan, Jawa Tengah. Wonten cerita ingkang menarik kagem diulas saya detail. Cariyosipun mekaten, rumiyin wonten penduduk asli saking desa kasebut., namanipun rara sruni. Piyambakipun gadah pacangan ingkang nama raden sugiri. Raden sugiri menika asli tiyang Pati. Piyambakipun ngulandara ngantos desa Laban. Desa Laban menika sebelah ler-wetan saking Desa Sumurgede. Katresnanipun tiyang kalih menika dipun mangertosi dening bapanipun rara Sruni. Bapanipun boten sarujuk kaliyan Raden Sugiri amargi Raden Sugiri menika nate perang kaliyan bapanipun rara Sruni. Amargi bapanipun rara Sruni kalah, mangka putrinipun boten dipun ijini. Ananging rara Sruni taksih tetep kaliyan Raden Sugiri. Lajeng tiyang kalih menika minggat saking desa Sumurgede. Lajeng bapanipun rara Sruni murugi putrinipun wonten Pati. Ananging tiyang kalih menika boten wonten ing dalemipun Raden Sugiri. Malah bapanipun Sruni kepanggih kaliyan bapanipun Raden Sugiri. Wonten ing mriku bapanipun sami padu lan sami perang. Nanging bapanipun rara Sruni seda. Saderenge seda bapanipun ngendikan bilih tiyang Sumurgede menika boten pareng nikahan kaliyan tiyang Pati utawa nikah kaliyan tiyang ingkang mojok Ngalor-Ngetan. Saking cariyos wau, tiyang Sumurgede boten pareng nikah kaliyan tiyang ingkang Ngaler-Ngetan. Saupami wonten, piyambakipun ingkang krama wau boten saged dangu anggenipun bebrayan. Menawi saged langgeng nikahan wau, menika boten saged gadah putra utawi tiyang sepuhipun saking salah satunggaling penganten menika wonten ingkang seda. Tradisi menika pantang anggenipun dipun langgar, amargi sampun mendarah daging kaliyan masyarakat desa kasebut. Nanging inggih wonten tiyang ingkang nglanggar, ananging boten dangu saking pernikahan wau, bapa ibunipun saking tiyang sepuhipun temanten wau wonten ingkang seda. Pramila, masyarakat desa menika percaya bilih tradisi menika boten pareng dipun langgar. Ngantos saprene menika warga masyarakat taksih njunjung tinggi tradisinipun. Daftar Pustaka: Cariyos menika dipun andharaken dening mbah Subari dan kangmas Muhammad Sutriyono.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar