Kamis, 01 Januari 2015

soal Ujian Akhir Sekolah kagem kelas 5 SD

Wacanen ing ngisor iki kanthi premati ! NDADANI RATAN Desa Suka Manunggal ing babagan pembangunan kagolong maju. Listrik wis madhangi desa, dalan aspal wis kabangun, mligine dalan poros desa. Sarana ibadah wis sumadya, cukup kanggo nampung warga kang ngleksanakake ibadah. Pos kamling saben gang uga wis ana sanajan during apik kabeh. Kang dipikirake warga desa saiki yaitu rattan ing sajrone desa isih during keambah aspal. Mula, ing mangsa rendheng akeh rattan kang jembrot. Lan maneh akeh uga rattan kang ngecembeng banyu jalaran rattan ora rata, dene saluran padusan uga kurang apik. Wusana, sawise musyawarah disarujuki dalan bakal didandani sarana dipaving lan kanggo mbangun dalan dienekake urunan, kanthi cara, sing sugih mbayar luwih.ora mbutuhake wektu suwe pranyata dhuwit urunan wis dipestheake bisa kanggo ngetung cacahe paving sing arep dituku. Paving, wedhi, lan semen wis sumadya. Murih nyuda prabeya pambangunane dalan ditandangi kanthi kerja bakti. Mung mbutuhake tukang siji kang nepakake yen ana pasangan paving sing kurang apik. Pranyata para warga semangate ngedab-edabi. Kabeh warga padha cukat-caket tandang gawe. Ana sing ngusungi paving, ana sing nata paving, ana sing ngratakake wedhi kanggo tatakane paving. Ana sing ngudhek luluh kanggo ngunci pinggirane paving. Jam lima sore karja bakti wis bubar lan kasil ngrampungake pakaryan. I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki ! 1. Ing desa ngendi pembangunan sing kagolong maju? ........................................................................................ 2. Apa sing dipirake warga desa saiki? ........................................................................................ 3. Sawise musyawarah apa sing disarujuki? ....................................................................................... 4. Kanthi cara apa pembangunan dalan desa iku? ...................................................................................... 5. Jam pira bubare lan rampunge pakaryan? ....................................................................................... II. Wanehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d minangka wangsulan sing paling bener ! 6. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku.... a. Gotong Royong c. Kerja Bakti b. Gugur Gunung d. Ndandani ratan 7. Kahanan desa Sukamanunggal kagolong maju. Kajaba ... a. dalan during diaspal c. pos kamling wis ana b. listrik wis padang d. masjid wis ana 8. Yen mangsa rendheng ratane dadi ... a. agung c. gasik b. jembrot d. kurang apik 9. Wragad kanggo gawe dalan saka ... a. bantuwan saka perusahaan c. bantuwan desa b. bantuwan saka kabupaten d. swadaya warga desa 10. Rattan desa wusanane didandani kanthi ... a. diaspal c. dipaving b. dicor d. diurug sertu 11. Simbah sampon sare wonten dhipan ... Ukara iki nganggo basa ... a. ngoko lugu c. ngoko alus b. karma lugu d. karma alus 12. Tembung kang nganggo seselan –um, yaiku ... a. tumpang c. tumandang b. kumbang d. kumbah 13. Puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket paugeran diarani ... a. wangsalan c. kakawin b. parikan d. geguritan 14. Ibu badhe (tuku) beras. Tembung tuku benere ... a. mendhet c. nyuwun b. mundhut d. tumbas 15. Aja rame-rame, ibuku lagi ... a. adus c. sare b. mangan d. turu 16. Bocah iku alise ... a. nanggal sepisan c. ngudhup turi b. ngembang bakung d. nyela cendani 17. Tembung kang nganggo seselan –in, yaiku ... a. tindhi c. tinulis b. tindak d. tinta 18. Tlaga sarangan uga diarani ... a. tlaga ngebel c. tlaga pasir b. tlaga jatiluhur d. tlaga sumberbening 19. Crita bab asal usule sawijining panggonan diarani ... a. fable c. mite b. legendha d. sage 20. Simbah apa wis diaturi sare? Ukara ing nganggo basa ... a. ngoko lugu c. ngoko alus b. karma lugu d. karma alus 21. Wong jujur iku bakale ... a. ajur c. mujur b. dadi bubur d. mumur 22. Menang utawa kalah kudu ditampa kanthi ikhlas. Ukara iki kalebu basa ... a. ngoko lugu c. karma lugu b. ngoko alus d. karma alus 23. Cacahe guru gatrane tembang dhandhanggula ana ... a. 7 b. 8 c. 9 d.10 24. Sri Ani pancen ayu, pipine ... a. nanggal sepisan c. ngudhup turi b. nduren sajuring d. nyela cendhani 25. Crita bab Nyi Ratu Kidul, Nyi Blorong iku kalebu crita ... a. fable c. mite b. legendha d. sage 26. Mbak Ana wiwit mau kok wira-wiri iku ana apa? Tembung wira-wiri kalebu tembung ... a. dwi lingga c. dwi wasana b. dwi purwa d. dwi lingga salin swara 27. Masalah iku (gantung) marang panjenengan. Tembung gantung mesthine ... a. dak gantung c. ginantung b. digantung d. gumantung 28. Sing diarani guru lagu inggih punika ... a. cacahe larikan b. cacahe wauda sabe sagatra c. cacahe wilangan d. tibano swarane ing pungkasa gatra tembang 29. Ananke pitik diarani ... a. blengur c. meri b. khutuk d. minthi 30. Wajik klethik, gula jawa, luwih becik, sing prasaja. Unen-unen iku kalebu golongane ... a. parikan c. pepindhan b. paribasan d. wangsalan 31. Kembang Lombok arane menik, yen kembang krambil arane ... a. manggar c. mayang b. maya d. pudhak 32. Njabel kasuguhan sing wis kawetu. Paribasane ... a. Idu didilat maneh c. Nabok nyilih tangan b. Jer basuki mawa bea d. Tulung menthing 33. Saben tanggal.....dipengeti dinten kartini. a. 21 Maret c. 21 Februari b. 21 Mei d. 21 April 34. Ciri wanci lelai ginawa mati. Paribasane ... a. sanajan wong liya, nanging yen susah melu ngrasakake b. sing bodho lan sing pinter padha melu nemu cilaka c. pakulina ala sing ora bisa ilang, yen during mati d. melu rekasane, ora melu kepenakke 35. Lengo regane larang, yen ditulis jawa sing bener ... III. Titik-titik ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing mathuk ! 36. Bulik yayuk kondur ngasta oleh-oleh. Tembung ngasta ngokone............................................. 37. Banyu pancauran ikukeprungu kumricik. 38. Kathah tiyang ingkang boten kersa njagi kasarasan. Basa ngokone “kasarasan” yaiku.................................. 39. Wayah esuk,para tani padha budhal menyang swah. Basa kramane.................................................................. 40. Tunggak jarak mlajah. Tulisan aksara jawa......................................................... 41. Tawon madu ngisep sekar, Golek ilmu kudu........................................................ 42. Mbok aja seneng ngrokok cendhak. Tegese aja seneng..................................................... 43. Tanduran temu ireng, jahe, kunir, kencur diarani bangsane .................................................................... 44. Bocah kelas lima sing paling pinunjul iku laili. Pinunjul tegese.......................................................... 45. Dadi wong tuwa iku kudu jembar........................... IV. Garapen manut prentahe ! 46. Tembang Pucung iku ana pirang gatra ? ......................................................................................................................... 47. Apa sing diarani bayar kenceng ? ......................................................................................................................... 48. Tulisen nganggo aksara Jawa! Pring sadapur rubuh ......................................................................................................................... 49. Apa unine tulisan aksara Jawa iki ! ......................................................................................................................... 50. Runtutna dadi ukara kang bener ! sinau – taberi – sing – murid – mono - dadi .........................................................................................................................

Tidak ada komentar:

Posting Komentar