Jumat, 02 Januari 2015

cerita wayang

Banjir Getih Srengenge kang nyorot saya padhang, saya gawe ayune Dewi Sinta saya suminar. Nalika sabubare adus, Dewi Sinta banjur marani Rama lan Lasmana. Ana jero alas kono wong telu kuwi mau ngaurip. Nalika Sinta guneman karo Rama, ana kijang kencana kang endah mara. Sinta kapingin duweni kijang mau, mula prabu Rama ngoyak kijang kencana mau. Dioyak-oyak kok saya adoh olehe mlayu, nganti Dewi Sinta ora sabar ngenteni Rama. Mula prabu Rama disusul Laksmana anggone goleki kijang mau. Dewi Sinta ditinggal dewean. Ora suwe ana raksasa kang gedhe banget marani Dewi Sinta. Raksasa mau arane Rahwana. Banjur raksasa mau nyulik Dewi Sinta kang lagi nunggoni prabu Rama. Dewi Sinta digawaa ana ing Ngalengka, arep digarwa Rahwana. Rahwana kasengsem marang ayune Dewi Sinta kang kaya Dewi Widowati, malah luwih ayu Dewi Sinta. Rama karo Laksmana padha teka ana ing panggonane Dewi Sinta, mulih ora bisa gawa kijang kencana kang dikarepke Dewi Sinta. Tekan panggonane, Rama lan Laksmana padha kaget meruhi Dewi Sinta wis ora ana ing panggonane. Mula Rama lan Laksmana banjur padha nggoleki Dewi Sinta. Ananging tetep ora ketemu. Ana sawijining manuk jatayu kang tiba ana ing sacedhake panggonane. Manuk kuwi arep dipateni Rama, nanging Laksmana nyegah anggone arep mateni manuk Jatayu kuwi, Laksmana ngomong yen manuk kuwi manuk suci, ora bakal arep mateni Dewi Sinta. Malah bisa wenehi ngerti yen ana ngendi papan panggonane Dewi Sinta. Bener omonge Laksmana yen manuk Jatayu kuwi mau bisa menehi ngerti ana ngendi panggonane Dewi Sinta, manuk mau ngomong yen Dewi Sinta diculik Rahwana. Manuk mau arep nulungi Dewi SInta nanging ora bisa, sebab Rahwana nugelake salah sawijining sayape Manuk Jatayu. Manuk mau banjur tiba, ora bisa apa-apa maneh. Ora suwe manuk mau mati. Prabu Rama lan Laksmana padha kabingungan, ana ngendi sejatine kraton Ngalengka kuwi. Ana dalan prabu Rama lan Laksmana kepethuk Sugriwa. Sugriwa kuwi adine Subali sing arupa kethek, Sugriwa njaluk tulung supaya Rama lan Laksmana bisa biyantu dheweke mateni kakangne Subali kang uwis ngrebut Dewi Tara lan dadi raja ana ing sawijining kraton. Prabu Rama lan Laksmana nyaguhi, nanging nganggo syarat yen kudu genten ngiwangi prabu Rama goleki Dewi Sinta. Sugriwa nyaguhi banjur wong telu mau padha lunga marani Subali. Subali diajar banjur dipateni, Subali mati. Rama nagih janjine Sugriwa, banjur Sugriwa ngewangi Rama. Nalika ana sayembara sapa sing bisa para ana ngalengka lan menehi kabar ngenani Dewi SInta, ana kono Anoman nyaguhi yen naming sedina wae anggone goleki Dewi Sinta. Rama akhire ngutus anoman. Bener janjine Anoman, trima sedina wae anoman bisa mulih wenehi kabare Dewi Sinta, Dewi Sinta pancen bener ana ing Ngalengka.dheweke di batiri anake Wibisana sing jeneng Trijata. Ana kono Dewi Sinta diwenehi anoman ali-ali saka Prabu Rama, banjur anoman diwenehi kalung kang dikon wenehake prabu Rama. Tekan ana Mantili anoman banjur wenehake kalung mau kanggo Rama. Rama sedhih, ora suwe Rama lan balatentarane arep nyerang Ngalengka. Dina sing dikarepake wis teka. Rama lan balatentara padha nyerbu Ngalengka. Prajurit ngalengka padha siap-siap ngenteni tekane Rama lan Balatentarane. Pasukan Rama padha teka, banjur nyerbu Ngalengka. Ngalengka dadi kocar-kacir, prajurite padha kalah kabeh, ngalengka dadi banjir getih, Rahwana lan balatentarane tewas karo anoman kang awujud kethek putih sing mateni Rahwana kanthi rekasa, sebab awake Rahwana kang awujud raksasa gedhe sing marai ngrekasakake. Ana ing Taman Argasoka Dewi Sinta lan Trijata. Sinta ngerti kabar tekane Rama banjur disambut karo Dewi Sinta. Ana panggonan kana Dewi Sinta lan Ramawijaya ketemu. Banjur Dewi Sinta digawa mulih menyang Mantili.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar