Minggu, 04 Januari 2015

Resensi Novel "Kunarpa Tan Bisa Kandha"

Resensi Novel “Kunarpa Tan Bisa Kandha” 1. IDENTITAS NOVEL a. Judul Novel : Kunarpa Tan Bisa Kandha b. Penulis : Suparto Brata c. Penerbit : Narasi d. Tahun Terbit : 2009 e. Tempat Terbit : Yogyakarta f. Tebal : 178 halaman g. ISBN : (13) 978-979-168-155-1 h. Dimensi : 14,5 X 21 cm i. Jenis Kertas : kertas HVS 2. SINOPSIS Novel kanthi irah-irahan “KUNARPA TAN BISA KANDHA” kuwi novel kang nyeritakake kepiye anggone detektif Handaka iku nyelidhiki sapa kang merjaya ibu Sulun Prabu. Cekake, Bapak lan ibu Sulun Prabu duwe anak telu wadon kabeh. Pipin minangka anak pambarep wis rong taun kepungkur lulus anggone golek ilmu ana salah sawijining perguruan tinggi ing Surabaya. Lulus kanthi gelar sarjana hukum lan lagi kerja ing kursus komputer ana sacedhak omahe sekitar nem wulan kepungkur. Riris adhine Pipin persis wis lulus anggone kuliyah, langsung oleh pagaweyan ana ing bagian Humas Pemda Kodya Probolinggo. Anak ragil yaiku Manik kang pawakane ayu, luwih gedhe, kenthes tinimbang mbakyu-mbakyune iki isih sekolah SMAK ing Probolinggo. Bengi kuwi ana pesta tanggap warsane Pipin kang kaping selawe taun. Sing diundang mung kanca-kanca cedhak lan kanca-kancane adhine wae. Suherwindra, Maharani, lan Tantiyam kuwi kabeh kancane Pipin. Dr. Risang kuwi tunangane Riris. Lan Pras, Hehe, Jumblat kuwi kancane Manik lan uga Marong minangka tunangane Pipin. Nalika lagi regeng-regenge acara,sekitar jam wolu bengi, pas bubar padha dhaharan, ibu Sulun Prabu njelih ana ing jedhing, Solikhah minangka abdine bapak Sulun Prabu bengok-bengok saka pawon, ngonangi ibu Sulun Prabu tiba krungkep ana ing jedhing. Bathuk benjut ketatap lingere kolah. Banjur digotong ana ing jero kamar terus bapak Sulun Prabu ngundang Dokter Wandi. Sabubare diperiksa dokter Wandi, ibu Sulun Prabu diwenehi obat terus disuntik karo Dokter Wandi, ibu Sulun Prabu terus turu angler ora sambat adhuh..adhuh… maneh. Banjur ditinggal bapak Sulun Prabu ana ing jaba sinambi nonton acara TV Dunia Dalam Berita ing TVRI. Bubar acara olahraga, bapak Sulun Prabu balik ana kamar maneh nanging ibu Sulun Prabu wis ora ana ambegane, dhadhane wis ora sentik-sentik maneh. Pestane Pipin bubar banjur pak Sulun Prabu ngundang dokter Wandi maneh. Dokter Wandi kaget, ora ngira yen benjut ana bathuke mau nganti gawe patine ibu Sulun Prabu. Sekitar jam sepuluhan bengi, sawise pak Sulun Prabu interlokal keluarga liyane, banjur pak Sulun Prabu interlokal detektif Handaka. Amarga dheweke sujana, sedane ibu Sulun Prabu kuwi seda diperjaya utawa seda amarga tekanan darah tinggine kumat. Bengi kuwi Handaka langsung meluncur ana Probolinggo numpak bis Mila. Esuke detektif Handaka langsung nuju omahe Sulun Prabu. Bubar detektif Handaka teka, banjur padha dikenalake karo anak-anake Sulun Prabu. Handaka langsung wae golek tlacak lan golek katerangan saka anak-anake Sulun Prabu. Sawise putri-putrine Sulun Prabu diinterogasi banjur Handaka adus mamburi, ana buri kana Handaka nemu tlacak sepatu kets kang mlebu-metu saka buri omah. Banjur Handaka muteri omah sebelah wetan. Ana ngisor jendela kamare Sulun Prabu ana tlacak sepatu kets kang akeh, gambare persis sing ana ing buri omah lan jedhing mau, lan isih ana maneh bukti liyane. Ana tegesan rokok gudang garam abang kang ana ing sacedhake wit pelem. Wit pelem mau manggon ing sebelah buri saka jendhela kamare Sulun Prabu. Handaka menek pelem, wit pelem mau sisihe pager utawa tembok batas dadahe Sulun Prabu. Handaka menek banjur nginguk tembok mau jebul ana andha kang ngadhek ing tembok walike. Banjur Handaka adus. Bubar Handaka adus, dheweke mlaku-mlaku ana sakitar gange Sulun Prabu. Ana dalan cukup gedhe menggok nengen. Handaka terus wae menggok mrana karo niteni yen arah kuwi prenahe mburi pekarangan omahe Sulun Prabu. Lagi tekan sepekarangan omah, Handaka weruh ana brandgang sing gunane kanggo ngilekake banyu kalen. Gang kalen kuwi yen diurut menjero kana mesthi tembus mburi pekarangane Sulun Prabu. Handaka terus duwe gagasan mlebu mrana. Sadurunge mlebu, Handaka nyawang mangisor. Handaka weruh tilas tipak ban sing mepet tembok kana. Sajake tipak sepeda motor sing disendhekake ing tembok kana. Lan katon ana tegesan rokok gudang garam abang kang isih anyar. Banjur Handaka mlumpati kalenan mau terus mlaku, ana kana dheweke weruh andha kang tememplek ana tembok. Barang Handaka nyoba menek, ngungak lan dheweke weruh cetha jendhela kamare Sulun Prabu. Banjur Handaka balik maneh metu saka pekarangan ma uterus dheweke bali ana ngomahe Sulun Prabu. Ana kana wis wong akeh kang padha ngelayat, banjur Handaka ngintrogasi kabeh sing ana pestane Pipin mau bengi, ya mung Marong sing durung kecekel. Nalika Handaka mlebu kamare Sulun Prabu kanggo namatake kahanan ing kamar mau, Handaka weruh liwat jendhela yen Marong lan Manik lagi padha penekan ana ing wit pelem ing mburi kamare Sulun Prabu mau. Handaka banjur ngundang Sulun Prabu terus didudohi kepiye kelakuane Manik lan Marong kuwi. Banjur Sulun Prabu nyeluk Manik supaya mlebu kamare. Ana kana Manik diinterogasi bapake. Jebule, Manik lan Marong kuwi uwis suwe padha tersnane ateges Manik lan Marong kuwi pacangan wis suwe. Gandheng Riris lan Risang njaluk rabi wae terus Pipin dijodhohake karo Marong sing nyata-nyata kapingin dadi mantune Sulun Prabu. Ora milih Pipin nanging milih Manik kang uwis suwe anggone pacangan bocah loro mau. Terus Handaka marani Marong lan ngintrogasi dheweke. Dokter Wandi rawuh arep mriksa maneh kahanane ibu Sulun Prabu lan mastekake yen kunarpane mau mati karana darah tinggi, ora karana benjut ana ing salah sawijine badane kunarpa mau. Kunarpa wis disuceni banjur arep dikubur ana ing makam sacedhake omah Sulun Prabu. Bubar disuceni ana wong lanang kang lancir lan dedeg piadege katon gagah. Priya mau jenenge Ir. Eram. Bekas pacangane Pipin kang ora direstui karo ibu Sulun Prabu amarga Ir. Eram kuwi anake Dr. Pambudi tilas pacangane ibu Sulun Prabu. Nalika semana, Ibu Sulun Prabu pacangan wis suwe karo Dr. Pambudi nanging ibu Sulun Prabu ora sida dinikahi malah Dr. Pambudi krama karo kanca cedhake ibu Sulun Prabu. Mula saka kuwi bu Sulun Prabu banget anggone medhotake katresnane Pipin lan Eram. Banjur Pipin dijodohake karo Marong sing sejatine naksir karo adhine Pipin, yakuwi Manik sing luwih kenthes tinimbang mbakyu-mbakyune. Ana sisih kunarpane ibune, Pipin lan Eram banget rangkulane. Pipin lan Eram semu guyu, bungah bisa ketemu karo pepujaning ati kang wis suwe ora tau ketemu. Banjur Handaka nyedhaki Ir Eram lan golek katrangan karo Eram. Ora suwe, banjur jisime ibu Sulun Prabu disarekake ana makam. Ana makam, Ir Eram ana sing menehi kertas kanthi tulisan MARES SAKA BISMA. Kertas mau diwenehake Handaka amarga mau Handaka wis ngomong yen ana apa-apa langsung ngomong karo Handaka. Kertas mau diwaca lan dianalisis apa maksude. Bubar jisime disarekake wong kang padha nglayat padha diundang kanggo banca’an dudah lemah. Ana kana wis ana pak dokter Wandi la nana saka kepolisian sarta ana sanak kadhange Sulun Prabu sakeluarga. Pipin sing katon sumringah dikon golek bolpen banjur dikon nulis ana kertas, nanging nalika golek bolpen Pipin ora nemu banjur disilehi bolpen Tantiyam. Wong-wong sing padha teka ana pesta tanggap warsane Pipin sing padha dikon nulis. Sabubare kuwi, kertas diwenehake Handaka banjur Handaka milang-mileng anggone ngeti kertas mau. Banjur diusut-usut jebul sing merjaya ibu Sulun Prabu mau garwane Tantiyam yakuwi Dewaji. Amarga Dewaji kuwi kapingin ngrebut banda donyane kangmase Tantiyam. Kangmase Tantiyam kuwi kerja ana ing perusahaan kang padha karo Eram. Nalika samana Eram karo Pipin dipeksa pedhot karo ibu Sulun Prabu. Banjur Eram lunga ana Jember lan nyambut gawe ana ing Pemda Jember. Nalika mangkat, Eram numpak bis Akas bareng karo wong sing ngaku tukang sapi ana ing sawetane Probolinggo. Ana kono Eram cerita lan nggresula marang tukang sapi mau lan kapingin mateni ibu Sulun Prabu amarga katresnane dipedhot. Banjur tukang sapi mau nyaguhi pepinginane Eram kanggo mateni ibu Sulun Prabu lan tukang sapi mau kapingin Eram uga mateni kangmase Tantiyam. Ana kono Eram nyaguhi amarga dheweke lagi sedih lan ora sadar omongane kuwi mau. Bubar ibu Sulun Prabu seda banjur tukang sapi mau nagih janji karo Eram supaya gelem mateni kangmase Tantiyam yaiku kangmas Janawi. Mula Eram diwenehi kertas kang surasane nagih janji supaya gelem mateni Janawi. Bubar Handaka nyebut jenenge Dewaji, dheweke langsung ngetokake clurit kang ana ing jero kaos oblong. Nanging kuwi mau bisa dihendel karo Marong lan polisi kasil nyekel Dewaji banjur digawa ana Reserse Probolinggo kana. Perkara wis rampung didudah. Tamu-tamu padha budhal kabeh, sing duwe omah padha nguntapake tamu. Sing duwe omah padha jejer-jejer ana ing cedhak lawing lan nyalami wong-wong sing padha pamitan. Pipin lan Eram bisa guyu maneh amarga pepujaning at iwis bisa kasanding maneh. Lan Riris karo Dr. Risang uga padha bungah ngerti mbakyune wis malik kaya adate sadurunge pedhot karo Eram. Manik lan Marong wis gandhengan raket ana ing lengene Marong sisih tengen. Lan saiki putri-putrine Sulun Prabu wis duwe pepacangane dhewe-dhewe. 3. UNSUR INTRINSIK NOVEL a. Tema : Keluarga b. Latar Belakang : latar belakang saka cerita kasebut yaiku edan kadonyanan kang bisa ngalalake samubarang cara kanggo golek apa wae pepinginane dhewe. Kaya dene Dewaji kang edan donyane kangmase Tantiyam saengga ngalalake samubarang cara termasuk merjaya ibu Sulun Prabu. c. Waktu : - Esuk. Kabukti ana ukara. “Jam enem esuk Handaka anjlog metu saka bis Mila”. Ana ing kaca 5. - Bengi. Kabukti ana ing ukara “wayah jam sanga, aku nginguk warta dunia dalam berita”. Ana kaca 7. - Awan. Kabukti ing ukara “jam siji iki layon kudu dibudhalake ris,” ana kaca 22. - Sore. Kabukti ana ing ukara “watara jam telu, kepungan ambeng ing jalan Suroyo dicepakake.” Ana ing kaca 135 d. Suasana : - Seneng. Kabukti ing ukara ”nanging iya nganggo mesem- mesem, malah ngguyu barang.” Ana ing kaca 112 - Sedih. Kabukti ana ing ukara “rambute isih modhal-madhul. Mripat abang, katon yen seduh.” Ana ing kaca 21 - Kuwatir. Kabukti ing ukara “Hemm… aku kok ndadak kuwatir ta dhimas? Kaya-kaya aku dhewe sing mateni bojoku!” ana ing kaca 134. - Tegang/semrawut. Kabukti ana ing ukara “…abdiku, bengok-bengoksaka pawon, ngonangi mbakyumu tiba krungkep ing jedhing banjur dadi oyong-oyongane wong kang teka.”ana ing kaca 7 - Nesu. Kabukti saka ukara”Manik! Keneng apa kowe ana kono?” Ana ing kaca 70 e. Alur : Alur campuran. amarga ana alur maju. Alur maju, amarga sakabehing carita mau diterangake kanthi urut lan runtut awit awal tumeka akhir. Nanging uga ana alur mundure, kuwi kabukti ana ing ukara “kowe rak kelingan setaun kepungkur numpak bis Akas? Nalika kuwi kowe mentas dipedhot sesambunganmu marang Pipin….” ana ing kaca 149 f. Gaya bahasa : Gaya bahasa kang digunakake penulis gunakake bahasa kang lugas. Penulis ngungkapake saben kedadeyan kanthi frontal utawa apa anane. g. Amanat : Wong kuwi ora oleh pupus semangat yen ngudi kekarepane. Mesthi Gusti Allah tansah paring kalodhangan selagi manungsa mau gelem berusaha. h. Penokohan: 1. Handaka : Trampil nganalisa, cerdas. Kaya ing ukara “bukti durung dak cekel. Nanging, titikan kuwi wis ana…”. Ana ing kaca 154 2. Sulun Prabu : grapyak, sumanak.. Ana ing ukara “wah..Dhimas. matur nuwun rawuhe. Manga- mangga pinarak…..” ana ing kaca 6. 3. Pipin : meneng, nesunan lan galak. Ana ing ukara “paklik kok ngurusi pribadi kula ta? Mbok kajenge, kula sing nglampahi…” ing kaca 19 4. Riris : sumeh, sopan. Kabukti ing ukara “sampun pak, wau dalu mas Risang sampun langsung telepon ajudhan….” Ana ing kaca 22 5. Manik : sumanak, grapyak, kemayu. Ana ing ukara “elok le, humor sampeyan, paklik! Tetep kula dhaftar dados mantu jenengan…” ing kaca 29 6. Marong : blaka suta. Kabukti ing ukara “kula menika kasmaran kaliyan dhik Manik sampun dangu! Lha kok mara-mara pun bethot ibu. La inggih cuwa manah kula.” Ing kaca 82 7. Eram : jujur, blaka suta. Kabukti ing ukara “kula rak sampun ngaken nalika nyaosaken kitir menika dhumateng panjenengan….” Ing kaca 149 8. Risang : sumeh, trapsila. Kabukti ing ukara “ngeses paklik? Tawane Risang” ing kaca 60 9. Tantiyam : blaka suta. Ana ing ukara “mas Dewaji menika clingus sanget. Inggih namung ngeteraken kaliyan mapag……” ing kaca 63 10. Dewaji : meneng, edan kadonyan. Kabukti ing ukara “upami pekawisan menika dipunsade, mas Dewaji menika saged majeng. Nanging mas Janawi boten kersa dipunsade.” Ing kaca 63 11. Dhokter Wandi : tanggung jawab. Ing ukara “dhokter Wandi niti priksa maneh kanthi sistematis,awit sirah tumeka sikil.” Ing kaca 65 12. Maharani : sedhih, melu belasungkawa.ing ukara “Mahar mara-mara mbrebes eluhe, malah durung- durung enggruk-senggruk nangis.” Ing kaca 97 13. Suherwindra : meneng, kalem. Ana ing ukara “ucapane Suherwindra isih glenak-glenik.” Ing kaca 93 14. Hehe, Jumblat lan Pras: lucu, seneng gawe guyon. Ana ing ukara “sujune diundangake detektif kucluk, detektif kampungan. Hahahah….” Ing kaca 154 15. ibu Berlin Yasakartana: loma, ora pelit. Ing ukara “buket kembang mau diselehake ana ing dhuwur kulkas, lan kartu namane katulis cetha ibu Berlin Yasakartana.” Ing kaca 106 16. Ibu Sulun Prabu ; watake keras. Ing ukara “kaluwargaku kari-kari iki pancen kisruh. Anak karo ibu gesekan wae.” Ing kaca 9 i. Sudut Pandang : Orang ketiga pelaku utama. Kabukti saka akeh-akehe tembung kang nerangake jenenge paraga. 4. KELEBIHAN NOVEL Novel apik, bisa diwaca sapa wae. Novel iki gawe wong sing maca padha penasaran kepiye kahanan sateruse saka cerita kasebut. Kahanan kang ora dinyana-nyana malah ana. Carita-caritane gagrak anyar, gaya bahasane uga cetha, transparan, bisa dipahami lan uga bisa gampang ditangkep karo wong sing maca. Novel iki uga ngudhari wewadi kadurjanan kang ora dinyana-nyana pelakune sadurunge. Novel iki uga bisa gawe sarana utawa tuladha karo wong sing arep sinau nulis. 5. KELEMAHAN NOVEL Novel iki nyeritakake masalah-masalah keluarga kang mbulet permasalahane. Ceritane kurang dinalar, amarga kaya-kaya ceritane iku ujug-ujug ana. Mbuh maune saka ngendi, ora patio ngerti. 6. SARAN TERHADAP BUKU • Penulis kudu luwih kreatif anggone milah-milih tembung. Terlalu transparan lan blak-blakan. • Penulis kudu bisa milah-milih paraga. Paraga-paragane terlalu akeh, saengga sing maca bingung anggone nggathukake alur ceritane mau. • Buku iki uwis apik, penulis bisa nguwasani kahanane saka cerita kasebut. Nanging kadhang isih bingung karo alur lan ceritane. 7. MANFAAT BUKU Novel iki nduweni manfaat kanggo ngilangi stress lan uga kanggo sarana sinau marang wong kang kapingin sinau ngenani kedetektifan. Novel iki uga duweni manfaat bisa gawe si pemaca kasebut nduweni pola pikiran kang ana ing cerita kasebut. Novel iki gawe si pemaca sinau kepiye anggone ngrampungake masalah-masalahe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar