Tresna Lamis
dening: Sri Anni Lestari
Aku nyawang fotomu
kang ana ing njero hapeku. Rada suwe olehku nyawang, ora krasa yen eluhku
brebes mili ana pipi. Dakusap eluhku gawa tangan iki. Nanging, ati iki ora bisa
ngapusi, sajroning ati kepingin ketemu lan ngetokake uneg-uneg marang sliramu.
Nanging kudu kepiye maneh. Kuwi uwis ora bisa kelakon maneh.
Telung wulan
kepungkur sliramu wis dadi duweke wong liya. Wahyu, ya Wahyu sing saiki dadi
sisihanmu. Kenya ayu kang tau dadi ponakanmu. Nanging, saiki Kenya mau wis dadi
sisihanmu. Wahyu, randha ayu kang gawe edanmu.
Mas kun, kuwi
undanganku marang sliramu. Undangan khas marang priya sing dak tresnani. Dheweke
dadi pepujaning atiku. Embuh nganti kapan rasa iki bisa uwal saka atiku. Rasa
kang saya dina ora saya suda, nanging malah sansaya ngrembaka. Aneh, pancene
aneh banget kanggoku.
Sejatine aku uwis
duwe kanca dolan wektu iku. Wis suwe
anggonku pepacangan karo mas Aji. Priya lancir kang pakulitane putih mulus,
rada kuru tinimbang mas Kun. Aku lan mas Aji padha tresnane, aku lan dheweke
uga uwis sesrawungan kanthi suwe. Luwih dhisik sesrawunganku karo mas Aji tinimbang
karo mas Kun. Embuh saka ngendi aku kok bisa kecanthol karo mas Kun. Aku ora
ngerti.
Wiwitane nalika
aku kenal karo Mas Kun, aku nginep ana omahe kancaku SMP. Nalika kuwi aku isih lungguh
ana kursi SMP akhir, wayah-wayahe lulusan. Santi, kuwi kanca raketku nalika
SMP. Ana ngendi-ngendi mesthi bareng karo aku. Ana aku mesthi ana Santi,
saengga Santi kuwi uwis dak anggep kaya sadulurku dhewe. Dina kuwi, aku dolan
ana omahe Santi, amarga wancine mulih malah udan deres banget, banjur aku dikon
nginep ana omahe. Wayah wengi, watara jam wolunan hapeku ngedrop. Batune
entek, aku uga lali ora gawa chargere. Ngepasi kuwi kancaku ora duwe charger kang padha karo
hapeku. Biasa hape merek china kang wis lawas,
jarang wong sing duwe chargere. Nalika kuwi hapeku wis mati, ngedrop
banget wis ora bisa dienggo maneh. Banjur, aku diterne ana omah mburine kancaku
saperlu arep nyileh charger. Ana ngomah kono, aku lan kancaku disambut
sing duwe omah kanthi ulat kang grapyak lan sumanak. Saengga ndadekake senenge
atiku.
Ora dinuga
sadurunge, aku ditepungake karo adhine kancaku ponakan. Priya gagah lan rada cempluk,
praupane ireng manis lan eseme gawe bungahe saben wong kang nyawang dheweke.
Jenenge mas Kun. Embuh, jeneng dawane sapa aku ora reti, mung mas Kun
undangane.
“kenalan kene sik ta An, mosok ora kenalan.” Ajakane Santi.
“Ani..” aku miwiti. Tanganku
dakelungake.
“Kun..” jawabe dheweke nyambi salaman karo aku.
“wong ngendi mba?” takone dhisiki.
“wong Sumurgede.” Jawabku cekak.
“aku tau duwe kanca wong Tungu lan wong Wanu Tunggal. Dhak ya
cedhak mba karo gonmu?” takone maneh.
“cedhak, watara rong kilonan awit saka desaku. Malah desa Wanu
Tunggal lan Tungu kuwi sakbare desaku, dadi yen rana malah ngliwati desaku. Yen
rana, mampir gonku..” pangajakku.
“iya mba, kapan-kapan wae.” Jawabe.
Aku tetepungan,
banjur aku gegojegan karo kancaku lan mas Kun. Suwe anggonku gegojegan, nganti
ora krasa yen wis jam setengah sepuluhan luwih. Banjur aku mulih ana ngomahe
kancaku lan langsung wae mapan turu. Amerga uwis wengi.
***
Esuk umun-umun aku
lan kancaku wis tangi, banjur aku lan kancaku resik-resik, adus, mangan terus
tata-tata saperlu arep ngeterake aku mulih.
Jam sewelasan aku uwis tekan omah. Kancaku isih dolan ning omahku.
Sorene, aku ngeterake kancaku tumeka ing prapatan pasar Truko. Lumayan adoh,
sekitar limang kilo meteran. Nanging, kanggoku kuwi cedhak, amarga aku uwis
kulina ngliwati dalan mau saben dina. Banjur aku mulih maneh ana ngomah.
Seminggu sabubare
saka kuwi, aku ditelepon karo mas Kun, ngobrolake maneka warna lan gegojegan
barang. Suwe-suwe aku saya cedhak karo mas Kun, nganti lali yen sejatine aku
iki uwis duwe pacangan.
Wektu kuwi pancene
hubunganku karo mas Aji rada renggang, amarga dheweke asring lembur lan mulih
wengi. Nganti babar pisan aku ora diurusi. Biasa yen kerjo proyek, yen proyeke
rame mesthi diburu-buru, yen proyeke sepi yo sepi rejekine. Dadi ora tentu
kerjane. Aku asring takon karo mas Aji, apa ora ana kerja liyane sing rada apik
maneh. Nanging wangsulane mung yen kerjo proyek kuwi santai, kerjane sapenake
dhewe, lan ora nanggung resiko apa-apa. Bubar gawe langsung tiggal golek
liyane. Aku mung manthuk wae. Kuwi uwis dadi pilihane. Njur apa ya aku kudu ngekang wonge? Kuwi dudu adatku.
Suwe-suwe aku karo
mas Kun saya raket sesambungane. Ora reti awit kapan rasa tresna iki teka. Ana
ati mung mas Kun sing daktresna. Nanging, aku uga tetep sesambungan karo mas
Aji. Embuh aku iki. Tresna kok karo rong priya sekaligus, apa ya tumon?
***
Nalika aku kelas
telu SMA, aku karo mas Kun saya renggang. Ora kaya dhisik maneh sing meh wae
saben malam minggu telepon. Saiki wis beda. Embuh apa sebabe aku ora reti.
Nanging, sesambunganku karo mas Aji saya raket. Mas Aji uwis saya ngerti aku,
asring ana wektu kanggo aku, lan uga uwis ana rencana arep mlangkah saya adoh.
Aku dadi lali karo mas Kun. Nanging, nalika akhir SMA, mas Kun kerep telepon
maneh, malah saya raket maneh. Mas Kun ngomong yen dheweke arep tenanan karo
aku. Aku meneng, aku mung bisa manut karo wong tuaku. Embuh wong tuaku arep
milih sapa? Aku ora reti. Aku mung mekas, yen nyatane padha tresna tenan karo aku,
enggala nembung karo wong tuaku. Dheweke nyaguhi.
Nanging, bareng
mas Kun krungu yen aku arep sekolah maneh, dheweke banjur ngilang maneh. Ora
ana kabar maneh. Aku yo mung biasa wae, amerga aku kepingin sekolah maneh. Wis
dadi niatku yen aku kepingin golek ilmu kang luwih jero maneh. Supaya bisa mikul dhuwur mendhem
jero asmane wong tuaku, kaya janjiku karo guru ngajiku biyen.
Sesambunganku karo
mas Aji uga lancar. Nanging wong tuaku ora seneng marang mas Aji. Embuh apa
sebabe aku ora reti. Sesrawunganku karo
mas Aji dakrenggangne, amarga wong tuaku ora setuju. Malah wong tuaku banget
olehe ngedohne aku marang mas Aji. kaya-kaya sesambunganku dipedhot thel marang wong tuaku. aku manut. Aku uwis
ucul karo mas Aji. Aku uga uwis kadhung
nyaguhi mas Kun yen aku gelem dadi sisihane lan uga wong tuaku luwih setuju yen
aku karo mas Kun.
Bengi kuwi hapeku
muni. Hp lawas sing dadi kanca raketku sasuwe iki. Hape dakdeleng, ana tulisane
mas Kun. Atiku bungah banget. Wis suwe ora ana kabare, ee malah bengi iki
dheweke telepon, age-age wae dak angkat
telpone.
“hallo, assalamu’alaikum. Wis turu durung dek?” takone.
“wa’alaikum salam. durung mas, lha piye?” jawabku.
“ora, pengen telpon wae. Kepiye kabarmu? Bapak rak ya sehat ta?”
“apik mas, Alhamdulillah bapak uga sehat.” jawabku
“ana kampung apa Semarang?”.
“semarang mas. Lha sampeyan
ana ngendi saiki?” pitakonku genten.
“ana kampong dek. Lagi mau
esuk tekan ngomah.” Jawabe.
“oh.., oleh-olehe lho mas..” guyonku.
“ya rene, dolan rene.” Wangsulane.
“ya sok yen wis liburan ta mas. Aku tak dolan. Wis kapingin
dolan-dolan rana ee mas.” Jawabku.
“Ya dolan rene ta dhik, mengko mlaku-mlaku karo aku.” Pangajake.
“ya suk to mas yen liburan. Arep mbok jak mlaku-mlaku nyang ngendi?
Neg Kedung ombo ya mas?” guyonku.
“iya., mulane rek mulih.”
”ok.., liburan semester mas. O ya ana perlu apa mas, kok
bengi-bengi telpon re mas.?” Pitakonku.
“dhek, sepurane ya, aku uwis
blenjani janji. Aku uwis nglarani atimu lan wong tuamu. Sepurane wae kang akeh
kanggo aku. Dhek, aku sok setu wage tanggal 4 Oktober ameh nikah karo Wahyu.
Aja nesu ya…..”
Durung nganti rampung
olehe ngomong, hapeku dakculake. Aku kaget, adhem panas rasane. Kaya-kaya ana
bledheg ing wayah awan. Wis ora kelingan apa-apa. Awakku lemes, memes kaya
diperes. Daya iki kaya uwis ilang. Ati iki uwis ora karuwan, kudu piye aku?
Donya iki kaya-kaya wis ora ana apa-apane. Wong sing dak tresnani, dak
puji-puji among blenjani janji. Janji kang wis diucapake marang aku lan marang
wong tuwaku. Janji yen bakal nunggu, ngenteni sajroning aku metu saka sekolah
iki. Nanging kuwi amung lamis. Mung janji-janji kang ambu-ambu manis. Dhuh
Gusti, kuwatna atiku. Muga-muga ati iki bisa nerima, bisa legawa ngadhepi
pacobaning urip iki. Aku yakin, Allah ora turu. Allah mirsani sakabehaning
makhluke. Aku ya yakin yen aku mesthi bakal oleh priya kang luwih tresna marang
aku lan wong tuaku. Lan muga-muga wong sing daktresna tansah urip bagya mulya
sarta dadi keluarga kang sakinah, mawaddah, lan warahmah.*
Hasil Analisis:
No.
|
BENTUK
|
MAKNA
|
Contoh
Kalimat
|
1.
|
Pa-L
(Nomina de Verba)
|
Pelaku
|
Dheweke dadi pepujaning
atiku.
|
2.
|
Pi-L
(Nomina de
verbal)
|
Benda Abstrak
|
”ok..,
liburan semester mas. O ya ana perlu apa mas, kok bengi-bengi telpon re
mas.?” Pitakonku.
|
3.
|
DP-an
(Nomina de
Verbal)
|
Hasil
|
Sesambunganku karo mas Aji
uga lancar.
|
4.
|
Dwi Purwa
(Nomina de
Adjektival)
|
Sebab
|
Wiwitane nalika aku kenal karo Mas Kun.
|
5.
|
DP-an
(Nomina de
Adjektival)
|
Sebab
|
Aku tetepungan,
banjur aku gegojegan karo kancaku lan mas Kun.
|
6.
|
Pra-L-an
(Nomina de
Numeralia)
|
Tempat
|
Sorene, aku
ngeterake kancaku tumeka ing prapatan pasar Truko.
|
7.
|
L-an
(Nomina de
Numeralia)
|
Satuan
|
watara jam wolunan
hapeku ngedrop.
|
8.
|
L-an
(Nomina de
Numeralia)
|
Satuan
|
Jam sewelasan
aku uwis tekan omah.
|
9.
|
L-an
(Nomina de
Numeralia)
|
Satuan
|
Lumayan adoh,
sekitar limang kilo meteran.
|
10.
|
L-an
(Nomina de
Numeralia)
|
Satuan
|
cedhak,
watara rong kilonan awit saka desaku.
|
11.
|
Tak/Dak-L
(Verba de
Nominal)
|
|
Dakusap eluhku gawa tangan iki.
|
12.
|
-in-L
(Verba de
Nominal)
|
|
rada kuru tinimbang
mas Kun.
|
13.
|
N-L
(Verba de
nominal)
|
|
eseme gawe
bungahe saben wong kang nyawang dheweke.
|
14.
|
N-L
(Verba de
Nominal)
|
|
aku diterne
ana omah mburine kancaku saperlu arep nyileh charger.
|
15.
|
-um-L
(Adjektiva de
Verbal)
|
Bersifat
Seperti
|
kancaku
disambut sing duwe omah kanthi ulat kang grapyak lan sumanak.
|
16.
|
N-L
(Verba de
Nomina)
|
|
jawabe
dheweke nyambi salaman karo aku.
|
17.
|
N-L
(Verba de
Nomina)
|
|
enggala nembung
karo wong tuaku.
|
18.
|
N-L-i
(Verba de
Adjektival)
|
|
Aku uwis nglarani
atimu.
|
19.
|
Tak-L-ake
(Verba de
Adjektival)
|
|
Durung nganti
rampung olehe ngomong, hapeku dakculake.
|
20.
|
di-L-ake
(Verba de
Pronominal)
|
|
Janji kang
wis diucapake marang aku.
|
21.
|
Pa-L-ing
(Nomina de
Verba)
|
Benda Abstrak
|
Muga-muga ati
iki bisa nerima, bisa legawa ngadhepi pacobaning urip iki.
|
22.
|
Ka-L-an
(Verba de
Adjektival)
|
|
Wis ora kelingan
apa-apa.
|
23.
|
di-L
(Verba de
Adjektival)
|
|
Awakku lemes,
memes kaya diperes.
|
24.
|
N-L-ne
(Verba de
Adverbial)
|
|
Malah wong
tuaku banget olehe ngedohne aku marang mas Aji.
|
25.
|
Dak/tak-L-ne
(Verba de
Adjektival)
|
|
Sesrawunganku
karo mas Aji dakrenggangne,
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar