Kamis, 01 Januari 2015

tradhisi selametan bayi

Tata cara selametan Kelahiran Bayi Selametan/banca’an menika acara sedekah utawi rasa syukur dhumateng Gusti ingkang sampun paring kanikmatan, kekuasaan, lan kabagaswarasan kagem tiyang ingkang nggadahi hajad selametan/banca’an. Banca’an menika boten sami kaliyan kenduri. Kenduri menika upacara donga kaliyan maringi dahar kagem para sedherekipun kaliyan tangga teparonipun. Biasane banca’an menika dipun laksanakaken amargi ingkang gadah damel menika nggadahi hajad ingkang sampun kaleksanan sedaya. Lajeng kagem ngungkapne rasa syukur menika tiyang ingkang gadah hajad menika banjur ngadakake banca’an. Selametan menika wonten maneka warna, Clifford ngandharaken bilih selametan menika kaperang dados tiga, menika selametan kelahiran, selametan nikahan, lan selametan kematian. Ingkang badhe kula bahas menika selametan sasampune kelahiran. Boten naming saderengipun kelahiran kemawon ingkang dipun selameti, ananging sasampunipun kelahiran inggih wonten, menika reroncening adicara sasampunipun kelahiran: 1) Selametan Brokohan Brokohan menika nggadahi makna ungkapan rasa syukur dhumateng Gusti Allah swt ingkang sampun kaselametan kagem proses kelairan. Saking segi maknanipun, brokohan menika nggadahi makna ngarep-arep berkah saking Gusti Allah. Tujuanipun menika kagem keselamatan lan perlindungan kagem sang bayi kaliyan nyuwun donga supados dados putra-putri ingkang soleh-solehah. Biasanipun selametan menika maringi sekul utawi daharan kagem tangga teparo, kaliyan sedherekipun. Suguhanipun menika biasane sekul, gudangan, tigan godhog, kaliyan peyek kacang utawi peyek dhele. Daharan menika dipun bagi-bagikaken dhumateng tangga teparo lan seduluripun. 2) Sepasasaran utawa Pupak Puser Sepasaran menika upacara adat selametan bayi nalika bayi taksih umur gangsal dinten. Biasane acara menika dipun barengi kaliyan maringi nama kagem bayinipun, biasane acara menika diwontenaken kanthi rame-rame. Acara menika biasanipun dilaksanakaken kanthi ngundang para warga lan sedherekipun kagem ndonga wonten daleming tiyang hajatan menika. Suguhan menika biasanipun tumpeng weton, gudangan, tigan godhog, peyek, jajanan pasar, buah-buahan, kembang setaman, lan bubur merah putih. Biasane tiyang ingkang ndherek banca’an menika taksih dipun paringi berkat utawi cangkingan, ingkang wadahipun saking besek (anyaman pring). 3) Selapanan Selapan menika tegesipun 35 dinten. Biasane bayi ingkang umur 35 dinten menika dipun banca’i supados bayi menika sehat, selamet, kehindar saking bahaya ingkang ngancem jiwane si bayi menika, biasane acara menika namung dipun laksanakaken kanthi cara sederhana, naming ngundang tangga sisih kiwa tengen kemawon. Suguhanipun menika taksih ajeg kaliyan selametan biasaipun, namung gudhangan, bubur lan maneka warna jajan pasar. 4) Selametan tedhak siti/siten Tedhak siten menika acara ingkang dipun laksanakaken nalika bayi sampun ngancik umur 7 sasi utawi bayi sampun saged dipun deggaken. Tedhak siten menika acara ingkang nggadahi makna tedhak menika tegese napak utawi mudhun, siti/siten menika lemah.dadosipun tedhak siten menika pertama kali bayi napakake sikil wonten lemah utawi bumi, menika nggadahi pralambang bilih bayi menika sampun saged nampa sedaya tuntunan saking tiyang sepuhipun. Suguhanipun menika jajan pasar, jadah, tebu ireng, kembang setaman, tumpeng, lsp. Acara menika dipun rawuhi saking tangga teparo, keluarga besar, lan saderek-saderek ingkang tebih. Tedhak siten menika wonten ritualipun, menika: a). bayi dipun bombing kaliyan rama lan ibunipun supados ngliwati 7 wadah jedah ingkang benten-benten. Jadah menika symbol saking urip ingkang dipun lampahi. b). bayi dipun paring tangga/andha tebu. Menika pralambang saking urutan panguripan menika dipun lampahi kanthi urut, sarta waspada. c). bayi dipun tuntun supados mlampah wonten ing margi. Menika pralambang supados bayi menika saged kerja keras supados menuhi kabutuhan piyambakipun. d). dilebokaken wonten dalem kurungan banjur kurungan menika dipun parini maneka warna barang, kados ta pensil, buku, hp lsp. Supados bayi menika saged milih pundi barang ingkang dipun remeni. Maknanipun supados bayi menika saged ahli wonten ing bidang ingkang sampun dipun pundhut wau. e). bayi dipun paring kembang lan arta. Maknanipun supados bayi menika saged ngasilaken arta utawi rejeki ingkang melimpah. f). ingkang pungkasan menika bayi dipun dipun adusi lajeng dipun ganti klambi ingkang sae, maknanipun supados bayi menika panguripan dipun lampahi kanthi sae. 5) Setahun utawi sependhak Sependhak menika acara selametan nalika bayi umur setahun. Selametan menika kados selametan biasanipun. Suguhanipun tumpeng, gudangan, peyek, jajan pasar, lan bubur. Selametan menika jarang ingkang dipun laksanakaken. Botensedaya tiyang ingkang taksih nganut tradhisi menika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar