SOAL BAHASA JAWA KELAS XI
I. Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang kokanggep bener!
1. Nuwun,
Dhumateng
panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula
urmati. Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3
Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten katalumpen kadang-kadang kula
siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing karaharjan.
Minangka
murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur
dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula
lan panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini,
kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan.
Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
2. Ningali
saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja
putri kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita,
sampun ngantos dipunanggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan
ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming bangsa.
Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan …
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
3. Bapak
ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten
atur kula, kirang prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa
panjenengan sedaya. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan,
pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten
sakageng-agengipun. Nuwun.
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur kang diarani …
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
4. Wawancara kang ditindakake wartawan (nanging saka sawijining media) kanthi khusus karo interviewee, kang jumbuh karo prekara tinamtu ing papan kang wis karembug bebarengan antarane wartawan lan kang diwawancarai, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
5. Wawancara
kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana
jan-janan luwih dhisik karo interviewee. Umpamane wawancara marang
pejabat kang lagi lumaku tumuju ana ing montore arep bali, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
6. Wawancara kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, konfirmasi, utawa panemuinterviewee babagan sawijing masalah utawa prastawa, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
7. Wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lan panemuinterviewee. Pawarta kang diasilake awujud profil interviewee, ing
antarane identitas diri, lelakon uripe, lan panemu-panemune kang ana
kaitane karo prekara aktual utawa prekara kang cundhuk karo profesine,
diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
8. Wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interviewee kang mapane pisah, kang antarane siji lan sijine ana gegandhengane karo pawarta kang bakale ditulis, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
9. Setitekna geguritan iki!
Lintang Wengi
Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih
Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa
Agawe pangungun sadawane gili
Wasana …..
Den semu
Geneya …..?
Panjeriting lintang wengi
Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
…… miris ……… jebul datan anyandhak
Wos surasane geguritan ing dhuwur yaiku …
a. lintang kang njerit d. langit kang kebak mendhung
b. swasana kang peteng e. ora katon srengenge
c. lintang kang abyor
10. Tegese tembung ludira ing ukara ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa yaiku …
a. kringet d. angin
b. getih e. geni
c. sirah
11. Wos surasane paragraf kapisan yaiku ….
a. Rasa seneng d. rasa miris
b. Rasa kangen e. rasa tresna
c. Rasa kaget
12. Wos surasane paragraf kapindho yaiku ….
a. Rasa seneng d. rasa miris
b. Rasa kangen e. rasa tresna
c. Rasa kaget
13. Kang dadi tema geguritan ing dhuwur yaiku …
a. kluwarga d. pitutur kang becik
b. lingkungan e. panguripan
c. kabudayan
14. Medharake
utawa mahyakake utawa ngandharake utawa njlentrehake sabda utawa surasa
utawa isi utawa kawigaten (amanat) marang wong liya yaiku diarani ….
a. Tanggap wacana d. wara-wara
b. Kampanye e. sayembara
c. Atur-atur
15. Cengkorongan
panulise tanggap wacana kang surasane sawijining amanat utawa pesen
kang dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana yaiku ….
a. Sesirah (judul) d. Surasane wedharan
b. Tema e. Basa
c. Subtema
16. Cengkorongan
panulise tanggap wacana kang surasane purwaka, bab-bab kang wigati
karembug, undheraning rembug, kesimpulan, panemu pamedhar sabda, wasana
rembugan kang bisa urut, imbang, gembleng, nalar, nyata, sarta migunani
yaiku ….
a. Sesirah (judul) d. Surasane wedharan
b. Tema e. Basa
c. Subtema
17. Dene wose medhar sabda kang surasane njumbuhake karo kahanan yaiku …
a. sapa kang medhar sabda
b. sepira bayarane
c. apa kang kawedhar
d. kepiye swasanane
e. kepiye tujuwane medhar sabda
18. Dene perangane teks tanggap wacana kang isine mbagekake lan ngucapake syukur yaiku
a. Pambuka
b. Panutup
c. Salam panutup
d. Surasa basa
e. Satata basa
19. Paragraf
ingkang titikanipun ukara baku mapan wonten perangan kawitan paragraf
lan kawiwitan saking ukara ingkang asipat umum dhateng mligi inggih
punika paragraf ………….
a. Deduktif d. Intensif
b. Induktif e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
20. Sinta
ing taun iki kapilih minangka siswa teladhan ing sekolahku. Dheweke
bisa kapilih dadi siswa teladhan amarga pancen prestasine ajeg mundhak,
disiplin, tertib, lan ora tau nglanggar aturan sekolah. Pratelan kasebut
diarani paragraf …
a. Deduktif d. Intensif
b. Induktif e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
21. Ora
bisa dipercaya, ora bisa nyimpen wewadi, lan ora bisa diwenehi
pangapura iku tumindake manungsa kang ora bener tumraping kekancan,
apamaneh ing ngarsaning Gusti. Pratelan punika kalebet paragraf …
a. Deduktif d. Intensif
b. Induktif e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
22. Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe wanda (suku kata) saben sagatra yaiku ….
a. Guru wilangan d. purwakanthi
b. Guru lagu e. dong-ding
c. Guru gatra
23. Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe larik (baris) saben sapada yaiku ….
Pratelan kasebut minangka sawijining tuladhane ….
a. Guru wilangan d. purwakanthi
b. Guru lagu e. dong-ding
c. Guru gatra
24. Ing ngisor iki diarani tembang macapat …
Yen wong anom puniku
kakehan panggunggung dadi kumprung
pengung bingung wekasane pan angoling
yen digunggung muncu-muncu
kaya wudun meh mecothot
a. Sinom d. Gambuh
b. Dhandhaggula e. Pangkur
c. Megatruh
25. Ing ngisor iki diarani tembang macapat …
mingkar-mingkuring angkara
akarana karênan mardi siwi
sinawung rêsmining kidung
sinuba sinukarta
mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung
kang tumrap nèng tanah Jawa
agama agêming aji
a. Sinom d. Gambuh
b. Dhandhaggula e. Pangkur
c. Megatruh
26. Sesarengan
serat kula punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakluwarga
ing ngriki pinaringan kabagaswarasan lan kawilujengan. Pratelan kasebut
kalebu perangane layang kang diarani …
a. Satata basa d. Titi mangsa
b. Adangiyah e. Peprenahan
c. Purwaka
27. Perangane layang kang nerangake kang ngirim layang diarani …
a. Satata basa d. Titi mangsa
b. Adangiyah e. Peprenahan
c. Purwaka
28. Iket menika nganggenipun wonten …. boten wonten … kados kalung mawon. yaiku …
a. jaja, mustaka d. jangga, palarapan
b. mustaka, netra e. rikma, asta
c. palarapan, jangga
29. Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
30. Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
31. Sasampunipun
ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan
parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake
yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
32. Bapak
saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas
nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane
kuwi yaiku ….
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
33. Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
34. Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
35. Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku ……
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. krama lugu